Paulus rumangsa prihatin kanggo wong Ibrani
9
Paran sing tak sampek'en iki bener. Reang orak nggorohi merga reang duwek'e Kristus. Ning njero batine reang sing dituntun Roh Suci, reang yakin iki bener. 2 Atine reang susah temenan, terus sara ning batine reang iki orak entek-entek. 3 Reang prihatin temenan nang dulur-dulure reang, yaiku wong-wong Ibrani sing sak'bangsane reang dewe. Reang sampek gelem kuwalat, ya dipisahen teka Kristus gawe nylameten bangsane reang, nek diolehi. 4 Kudune wong Ibrani sing didadek'en anak-anak'e Pengeran. Wong Ibrani sing nyakseni kamulyane Pengeran. Wong Ibrani sing digewehi cara ngenal Pengeran, hukum agama, carane sembahyang ning Umahe Pengeran, mbarek digewehi janji-janji. 5 Wong Ibrani iku keturunane mbah buyute kene. Terus Raja Pilihane Pengeran lair, ya teka keturunane mbah buyute wong Ibrani. Kristus iku Pengeran sing nguwasani sak'kabehe, sing dipuji sak'lelawase! Amin.Pilihane Pengeran orak bisa malih
6 Maksute reang duduk nek janjine Pengeran wis gagal. Merga duduk kabeh wong Ibrani sing bisa diarani wong ‘Ibrani’ sejati. 7 Orak kabeh keturunane Abraham iku bisa diarani ‘anak'e Abraham’ sejati. Kitab Suci guneman, “Sing dianggep keturunane sira, yaiku sing asale teka Isak,” yaiku anak sing dijanjek'en. † 8 Dadi duduk keturunane Abraham nurut getih sing dadi anak'e Pengeran. Sewalik'e, mek wong-wong sing percaya nang janjine Pengeran sing dianggep dadi keturunane Abraham sing sejati, terus diarani anak'e Pengeran. 9 Janjine Pengeran ngene nang Abraham, “Taun ngarep Reang bakale mbalik ning wektu sing wis ditentok'en. Pas iku Sarah, bojone sira, bakal nduweni lare lanang.” †
10 Apa maneh, Pengeran wis mutusen pilihane ning anak kembare Ribka, bojone Isak iku. Lare loro iku duwe bapak sing pada, yaiku mbah buyute kene, Isak. 11 Iki sing kedadean. Pengeran wis milih salah sijine anak kembare Ribka, sak'durunge lelorone lair, ya sak'durunge ana sing nglakoni paran wae sing apik utawa elek. Lare loro iku mau ndudohen nek Pengeran iku duwe hak milih. Terus pilihane iku nurut kekarepe Pengeran, duduk penggaweane wong. 12 Dadi, Ribka digewehi weruh, “Lare lanange sing mbarep bakal ngladeni adekne.” † 13 Ana tetulis, “Reang milih adekne sing jenenge Yakub, tapikne nampek Esau, anak sing mbarep.” †
14 Paran sing kudu kene ucapen? Apa Pengeran iku orak adil? Orak kira! 15 Merga Pengeran guneman nang Musa,
“Reang bakal melasi nang sapa wae sing Tak karepi.
Reang bakal ndudohen welas asih nang sapa wae sing Tak kepingini.” (Keluaran 33:19)
16 Dadi, pilihane Pengeran orak ndeleng kekarepane utawa kelakuane menungsa. Pilihane Pengeran mek nurut welas asihe Dewe. 17 Ning njero Kitab Suci, Pengeran guneman nang Raja Mesir ngene, “Reang duwe alasan dewe gawe ndadek'en sira raja, yaiku ndudohen kuwasane Reang. Reang kepingin jenenge Reang dikenal ning endi wae sak'ndunya iki.” † 18 Dadi, Pengeran nglakoni paran sing dikarepi. Pengeran ndudohen welas asih nang wong sing dikarepi, terus Pengeran ngatosen atine wong sing dikarepi.
19 Mestine sira kate takon nang reang, “Nek ngono, ngapa Pengeran gek nyalahen kene? Sapa sing bisa nentang paran sing dadi kekarepane Pengeran?” 20 Tapi sira iku mek menungsa biasa. Ngapa sira kok wani nuntut Pengeran? Kitab Suci guneman, “Lemah sing dicitak nang tukang kendi, apa ya bisa guneman nang tukang kendi iku? Apa oleh takon, ‘Ngapa kok rika ndadek'en reang ngene?’ ” † 21 Tukang kendi nduweni hak gawe macem-macem kendi teka lemah. Tukang kendi ya bisa gawe pepirang kendi sing digawe tujuan sing apik, terus sing liyane digawe biasa.
22 Pengeran ya memper tukang kendi iku mau. Umpamane Pengeran kepingin ndudohen amuk'ane karo kuwasane. Pengeran bisa sabar gawe'en wong-wong sing dusa, tapi sing kate dimusnahen. 23 Pengeran ya kepingin ndudohen nang kene bungah sing amber memper banyu ning uripe kene sing wis digewehi welas asihe Pengeran. Kene wis dicawisi kanggo nerima bungah iku. 24 Pengeran wis milih kene, sing orak mek teka keturunane Ibrani, tapi ana akeh sing teka bangsa-bangsa liyane. 25 Pengeran guneman liwat Nabi Hosea,
“Reang kate nyeluk wong-wong sing duduk bangsa pilihane Reang,
‘Bangsa pilihane Reang!’
Reang kate nyeluk wong sing orak Tak tresnani,
‘Wong sing Tak tresnani.’ ” (Hosea 2:23)
26 Pengeran ya guneman,
“Nek ana sing guneman nang wong-wong iku, ‘Sira duduk umate Pengeran,’
ning kono wong-wong iku bakale diceluk, ‘anak-anak'e Pengeran sing urip.’ ” (Hosea 1:10)
27 Nabi Yesaya memelung ngenek'i Israel,
“Masia jumlahe wong Ibrani akeh, ngentah wedi ning segara,
tapi mek setitik teka wong-wong iku sing bakale dislameten.
28 Merga Gusti Pengeran kate ndang-ndang ngukum ndunya sing temenan.” (Yesaya 10:22-23)
29 Terus Nabi Yesaya ngramalen maneh,
“Kokna Gusti Pengeran sing Maha Kuwasa iku orak ninggalen keturunan kanggo kene,
kene wis dimusnahen ngentah Sodom karo Gomora.” a (Yesaya 1:9)
Bangsa liya bisa dislameten
30 Maksute ngene: Masia wong sing duduk Ibrani orak usaha dadi bener ning ngarepe Pengeran, tapikne wong iku nemok'en dalan dibeneren ngliwati percaya nang Yesus. 31 Terus, masia bangsa Israel usaha matuhi hukum agama Ibrani cekne dadi bener ning ngarepe Pengeran, tapikne wong-wong iku gek orak njebul nang tujuan iku. 32 Ngapa kok orak? Merga wong-wong iku orak percaya pas nglakoni hukum iku. Wong-wong iku usaha mbeneren awak'e dewe ning ngarepe Pengeran liwat nglakoni hukum agama tok. Wong-wong iku kesandung ning watu sandungan. Yesus sing dadi watu sandungane wong-wong iku. 33 Ana tulisan ning Kitab Suci ngene,
“Sak'temene, Reang ndeleh ning kota Sion,
Watu sing bakal nggarai wong kesandung,
yaiku Watu sing bakal nggarai wong Ibrani tiba.
Tapikne wong sing percaya nang Watu iku orak bakal digawe isin.” (Yesaya 8:14; 28:16)