Penggaweane Rohe Pengeran
8
Na masia ngono, sak'iki kene sing dadi siji karo Kristus Yesus orak kira diukum Pengeran. 2 Merga paran sing dilakok'en Kristus Yesus, hukume Roh Suci nggewehi sira urip. Sira dibebasen teka hukume Dusa karo Pepati. 3 Hukum agama orak bisa nyelameten menungsa merga napsu ragane menungsa nanak dayane kanggo nglakoni hukum iku. Tapikne Pengeran nglakok'en paran sing orak bisa dilakok'en hukum agama. Pengeran ngutus Anak'e dewe dadi persis kene sing dikuwasani napsune raga. Pengeran ngutus Anak'e dadi korban kanggo nyepura dusane wong. Pengeran ngukum Dusa sing ana ning sak'njerone ragane menungsa. 4 Kabeh iku kedadean cekne prentahe hukum agama dijangkepi sak'njerone kene sing urip nurut karepe Rohe Pengeran sing suci, duduk nuruti karepe raga.
5 Wong sing nurut napsune raga, tegese pikire mek nuruti raga. Tapikne wong sing nurut Roh Suci, mikiren paran sing dikarepen Roh Suci. 6 Pikiran sing dikuwasani napsune raga, nggarai pepati. Tapikne pikiran sing dikuwasani Roh Suci nggarai urip karo ayem tentrem. 7 Pikiran sing dikuwasai raga nglawan Pengeran. Pikiran iku orak nurut nang hukume Pengeran. Pancene orak bisa patuh nang hukum itu. 8 Wong-wong sing dikuwasani napsune raga orak bisa nyenengen Pengeran.
9 Tapikne sira sing percaya nang Yesus orak dikuwasani napsu ragane dewe. Sewalik'e, Roh Suci sing nguwasani sira. Iki bener nek Rohe Pengeran ana sak'njerone sira. Sapa wae sing orak duwe Rohe Kristus duduk duwek'e Kristus. 10 Nek Kristus urip sak'njerone sira, masia ragane sira kate mati merga dusa, Roh nggewehi sira urip. Roh Suci nglakoni iki merga sira wis dianggep bener ning ngarepe Pengeran. 11 Rohe Pengeran sing nguripen Yesus teka antarane wong-wong mati ana sak'njerone sira. Dadi Pengeran sing nguripen Kristus teka antarane wong-wong mati, ya uga kate nggewehi urip nang ragane sira sing kate mati. Pengeran kate nglakoni iki ngliwati Rohe Pengeran sing urip sak'njerone sira.
12 Dulur kabeh, kene duwe utang, tapi duduk nang napsune raga. Ajo melu napsune raga. 13 Nek sira urip nurut napsune raga, sira bakale mati. Tapi nek sira urip nurut kuwasane Roh Suci, sira bisa musnahen dusa-dusa sing sira lakoni. Nek ngono sira bakale urip.
14 Wong-wong sing dipimpin nang Rohe Pengeran iku diarani anak-anak'e Pengeran. 15 Roh sing sira terima orak nggarai sira dadi budak sing keweden maneh. Sewalik'e, Roh Suci sing sira terima ngangkat sira dadi anak-anak'e Pengeran. Ngliwati Rohe Pengeran kene bisa melung nang Pengeran, “Abba, Bapak!” 16 Roh Suci karo rohe kene pada nyaksek'en nek'e kene iku anak-anak'e Pengeran. 17 Apa maneh, merga kene wis dadi anak-anak'e Pengeran, kene dadi ahli warise Pengeran. Kene kate marisi kabeh sing diduweni Pengeran, bareng-bareng karo Kristus. Tapikne kene kudu melu sak'njerone sarane Kristus, nek kepingin melu sak'njerone kamulyane Kristus.
Sarane kene sak'iki, kamulyane kene sing kate teka
18 Sara sing kene alami sak'iki, orak bisa dibandingen karo kamulyan sing kate dinyatak'en ning njerone kene. 19 Sak'kabehe jagad sing didadek'en Pengeran pada ngenteni wayah sing kate teka iku. Wektu iku anak-anak'e Pengeran kate dinyatak'en ning pungkasane jaman. 20 Merga sembarang kalir sing didadek'en Pengeran kepeksa dadi nanak gunane. Iku kedaden duduk teka karepe jagad dewe, tapikne merga kekarepane Pengeran, sing wis nakluk'en jagad iki. Tapi, masia jagad iki dipeksa suwene-suwe tambah bosok, gek ana sing dienteni. 21 Ndunya iki bakale dibebasen kanggo ngrasak'en kamulyan sing diduweni nang anak-anak'e Pengeran.
22 Kene weruh nek paran wae sing diciptak'en Pengeran teterusan sambat, kaya wong wedok sing kate nglairen, merga ngrasak'en perihe sampek sak'iki. 23 Tapikne duduk ndunya wae sing sambat. Kene ya melu sambat ning njerone awak'e kene dewe. Tapi kene wis digewehi woh-woh sing kawitan teka Roh Suci sing mestek'en kene bakal diangkat. Dadi kene bengok-bengok ambek ngenteni Pengeran ngangkat kene dadi anak. Pas iku Pengeran bakale mbebasen raga-ragane kene teka kuwalate ndunya. 24 Iku sing kene enteni molai kene dislameten. Tapikne, kene orak bisa ngenteni paran sing wis diduweni. Sapa sing ngenteni paran sing wis diduweni? 25 Kene ngenteni nang paran sing durung kene duweni. Dadi kene kangen temenan wayah tekane sing dienteni iku, mbarek sabar.
26 Gawe cara sing pada, Roh Suci ngrewangi pas kene orak kuwat. Kene orak weruh paran sing kudu kene ndungak'en. Tapikne Roh iku dewe ndedunga kanggo kene kabeh. Roh Suci iku ndedunga ambek sambat sing jero, sing orak bisa diucapen. 27 Terus Pengeran, sing ndeleng sak'njerone atine kene, weruh pikirane Rohe dewe. Terus Roh ndedunga kanggo umat pilihane Pengeran nurut paran sing dikarepen Pengeran.
28 Terus, kene weruh nek'e Pengeran ngatur sembarang kalir sing kene alami cekne dadi apik kanggo wong sing nresnani Pengeran, yaiku wong-wong sing dipilih nurut rencanane Pengeran. 29 Merga wong-wong sing wis dikenal Pengeran molai kawitan, Pengeran wis ngrencanak'en teka maune gawe milih wong-wong sing bakal didadek'en tiru Anak'e. Mbarek cara iku mau, Kristus bakal dadi Anak tembarep ambek paling diajeni ning tengah-tengahe akeh dulur-dulur. 30 Terus wong-wong sing wis dipilih molai kawitan, ya wis diceluk. Wong-wong sing wis diceluk, ya wis dibeneren. Ahire wong-wong sing wis dibeneren, ya wis dimulyak'en.
Pengeran sing nyelameten
31 Paran sing kudu kene ucapen? Merga Pengeran balane kene, sapa sing bisa nglawan kene? 32 Pengeran orak ngeman Anak'e dewe, tapi masrahen Anak'e gawe kene kabeh. Mestine Pengeran iku bakale loman nggewehen sembarang kalir, bebarengan karo Anak pengalemane, nang kene! 33 Sapa sing kate nuduh nang umat pilihane Pengeran? Pengeran dewe sing mbeneren kene kabeh. 34 Sapa sing bisa ngukum kene? Kristus Yesus wis mati, terus diuripen maneh! Yesus wis lungguh ning sisih tengene Pengeran! Yesus ya ndedunga gawe kene kabeh.
35 Sapa sing bisa misahen kene teka welas asihe Kristus? Umpama masalah, utawa wayah sing ewoh temenan, utawa sara, utawa wayah keluwen, utawa orak duwe sandangan, utawa blai, utawa wedunge musuh? 36 Ana tetulis ning Kitab Suci ngenek'i kene sing dadi utusane Kristus,
“Merga Rika, ya Pengeran, kene ngadepi pepati saben dina.
Kene dianggep domba sing kate dibeleh.” (Masmur 44:22)
37 Orak! Ning kabeh iki mau, kene luwih teka wong-wong sing menang! Kene menang merga Kristus sing wis nresnani kene. 38 Reang yakin temenan nek nanak sing bisa misahen kene teka welas asihe Pengeran:
mboh iku pepati utawa panguripan,
malaekat utawa roh jahat,
wayah iki utawa wayah emben,
utawa kuwasa paran wae.
39 Ya pisan enggon ning duwure ndunya utawa ning isore ndunya,
utawa paran wae teka kabeh sing digawe Pengeran,
nanak sing bisa misahen kene teka welas asihe Pengeran,
ngliwati Kristus Yesus, Gustine kene.