Umate Yesus karo hukum agama Ibrani
7
Dulur kabeh, reang guneman nang sira sing weruh njare carane hukum iku nduwe kuwasa ning ndunya iki. Mestine sira wis weruh nek hukum iku mek nduwe kuwasa pas wong gek urip. 2 Nurut hukum, wong wedok sing wis rabi tetep rabi ambek bojone sak'suwene bojone iku gek urip. 3 Umpamane wong wedok iku rabi karo wong lanang liya pas bojone gek urip. Iku tegese wong wedok iku nglakoni jinah. Tapikne, umpamane bojone wis mati. Wong wedok iku dibebasen teka hukum sing ngatur iku mau. Wong wedok iku orak nglakoni jinah nek rabi karo wong lanang liya sak'wise bojone wis mati.4 Merga iku dulur-dulure reang, pas Kristus mati, sira ya mati pisan. Terus sira orak diatur maneh nang hukum agama Ibrani iku mau. Apa maneh, nek sira wis mati, sira bebas gawe rabi wong liya, yaiku Kristus, sing diuripen maneh teka pepati. Merga hubungan sing anyar iki, sira bisa nglakoni penggawean sing apik kanggo Pengeran.
5 Pas kene gek urip nurut napsu ragane dewe, Dusa nguwasai kene. Hukum agama nangek'en kepinginan gawe dusa ning njero uripe kene. Dadi paran sing kene lakoni nggarai pepati. 6 Tapikne, sak'iki kene wis mati bareng Yesus. Kene wis dibebasen teka hukum agama. Sak'iki kene ngladeni Pengeran gawe cara urip sing anyar nurut Roh Suci. Kene orak ngladeni Pengeran maneh gawe cara sing lawas nurut hukum agama Ibrani sing ditulis biyen.
7 Dadi, paran sing kudu dipikiren? Apa cara anyar iku tegese hukum agama Ibrani iku jahat? Orak kira! Hukum agama iku ndudohen nang reang paran, sak'temene, dusa iku. Hukum agama mrentah, “Ajo kepingin duwek'e wong liya.”† Nek hukum agama Ibrani orak nyampek'en aturan iku mau, reang orak bakal weruh njare rasane mingini paran sing dadi duwek'e wong liya. 8 Tapikne, Dusa teka ngliwati prentah iku mau. Dusa nggawe reang kepingin sembarang kalir sing orak apik. Nek nanak prentah hukum agama, Dusa iku mati.
9 Sak'durunge reang weruh hukum agama iku paran, batine reang gek urip. Tapikne prentah agama iku teka, terus Dusa sing ana ning ragane reang dadi urip. Mari nglakoni dusa, batine reang mati, masia awak'e reang gek urip. 10 Reang nemok'en nek prentah hukum sing kudune nggawa urip nang reang, malah nggawa pati rohani ning batine reang. 11 Ngliwati prentah agama, Dusa nemok'en dalan nang batine reang. Terus Dusa nggorohi mbarek mateni reang. 12 Dadi hukum agama Ibrani iku suci. Prentahe Pengeran iku ya suci, bener, karo apik.
Kuwasane hukum agama Ibrani karo Dusa
13 Apa hukum agama sing apik iku ndadek'en batine reang mati? Orak kira! Dusa iku mau sing mateni. Dusa nggawe prentah sing apik kanggo mateni reang. Ngliwati prentah hukum, Dusa dibuktek'en jahat.
14 Kene weruh hukum agama Ibrani iku rohani. Tapikne ragane reang orak rohani. Ragane reang wis didol dadi budak'e Dusa. 15 Reang orak weruh paran sing reang lakoni. Ragane reang orak nglakoni paran sing kepingin dilakoni pikirane reang. Sewalik'e, ragane reang nglakoni paran sing disengiti pikirane reang.
16 Dadi nurut pikirane reang, hukum agama iku apik. 17 Sak'iki, duduk reang sing nglakoni paran sing jahat. Tapikne Dusa sing urip ning awak'e reang sing nglakoni jahat. 18 Reang weruh ning njerone ragane reang, nanak sing apik. Pikirane reang kepingin nglakoni paran sing apik, tapikne ragane reang orak bisa. 19 Ragane reang orak nglakoni paran sing apik, sing kepingin tak lakoni. Tapikne ragane reang teterusan nglakoni paran sing jahat, sing reang orak kepingin lakoni. 20 Reang nglakoni paran sing orak kepingin reang lakoni. Tapikne duduk reang sing nglakoni. Dusa sing urip ning njerone reang sing nglakoni.
21 Dadi hukume Dusa ana ning njerone reang. Pas reang kepingin nglakoni paran sing apik, iku dilawan nang paran sing jahat ning njero ragane reang. 22 Merga ning pikirane reang, reang seneng nang hukume Pengeran. 23 Tapikne reang ndeleng hukum liya, yaiku hukume Dusa, sing urip ning njero ragane reang. Hukume Dusa iku nglawan hukume Pengeran ning pikirane reang. Reang dadi tawanan hukume Dusa. Hukume Dusa iku nguwasai ragane reang. 24 Kok ya apes temenan reang iki! Sapa sing bakal nyelameten reang teka raga iki sing dikuwasai pepati?