Mati bareng Yesus, diuripen bareng Yesus
6
Paran sing sira pikiren? Apa kene kudu nglakoni dusa teterusan, kepe oleh akeh welase Pengeran? 2 Orak! Sepisan maneh, orak! Kene wis dibebasen teka Dusa. Orak kira kene sing wis mati nang Dusa bisa urip sak'njerone Dusa. 3 Sira lak wis weruh, dulur-dulur, pas kene dibaptis, kene didadek'en siji mbarek Kristus Yesus? Iku tegese kene didadek'en siji ambek patine Kristus pisan. 4 Kene wis dikubur bareng Kristus ngliwati baptisan sak'njerone patine Kristus. Tapi Kristus wis diuripen teka pati ngliwati kuwasa kamulyane Bapak. Terus persis Kristus, kene uga bakal digenehi urip anyar.
5 Merga kene dibaptis, kene didadek'en siji ambek Kristus. Nek'e kene wis mati bareng Kristus, kene uga ya bakal diuripen bareng Kristus. 6 Kene weruh nek uripe kene sing lawas melu mati ning kayu salib bareng Yesus. Kabeh iku kedadean cekne ragane kene sing dikuwasani Dusa iku bisa ilang kuwasane. Dadi kene duduk budak'e Dusa maneh. 7 Merga sapa wae sing mati, wis dibebasen teka Dusa.
8 Nek'e kene wis mati bareng Kristus, kene percaya kene bakale urip bareng Yesus pisan. 9 Kene weruh nek'e Kristus wis diuripen teka antarane wong mati. Terus orak bakale mati maneh. Pepati orak bisa maneh nguwasai Yesus. 10 Pas Yesus mati, Yesus mati sepisan kanggo sak'lawase. Yesus nglakoni iku kanggo ngejur kuwasane Dusa. Sak'iki urip sing diduweni Yesus iku urip sak'njerone Pengeran. 11 Ngono uga, anggepen awak'e sira dewe iku wis mati nang Dusa, kepe awak'e dewe orak dikuwasani Dusa maneh. Terus sira urip kanggo Pengeran ngliwati Kristus Yesus.
12 Dadi, ajo ngolehi Dusa nguwasani ragane sira sing orak langgeng. Ajo nuruti napsune sira sing jahat. 13 Ajo nggenehen sak'bageane ragane sira kanggo ngladeni Dusa. Ajo ngejaren bagean endi wae teka ragane sira digawe kanggo nglakoni paran sing jahat. Sewalik'e, genehna awak'e sira nang Pengeran. Sira wis digawa teka pati nang urip langgeng. Dadi gewehna saben bagean ragane sira kanggo nglakoni paran sing bener. 14 Dusa orak bakal maneh nguwasani sira kabeh, merga sira orak dikuwasai hukum agama Ibrani. Sira kabeh dikuwasai welase Pengeran.
Sira duduk budak'e Dusa tapi budak'e paran sing bener
15 Paran sing sira pikiren? Nek'e kene wis dibebasen teka hukum agama Ibrani, terus urip njerone welase Pengeran, oleh tah, kene nglakoni dusa sak'karepe? Ya orak! Sepisan maneh, ya orak! 16 Mestine sira wis weruh, pas sira masrahen awak'e sira dadi budak'e wong, sira dadi budak sing kudu manut. Sira bisa dadi budak'e Dusa sing nuntun wong nang pepati. Utawa sira bisa dadi budak'e manut nang Pengeran. Manut nang Pengeran iku nggarai uripe sira nuju nang paran sing bener. 17 Maune sira dadi budak'e Dusa. Tapikne nedanerima nang Pengeran, merga sira wis diserhen nang pola wulangan sing bener, terus sira manut ambek ati sing temen! 18 Sira wis dibebasen teka Dusa, terus dadi budak'e paran sing bener.
19 Merga kabeh iki ewoh dingerteni menungsa sing biasa, reang kate mulang nggawe paribasan teka urip saben dina. Saben wong entah budak. Maune sira masrahen awak'e sira dadi budak'e paran sing orak pantes karo jahat. Terus sira dadi tambah jahat. Dadi sak'iki genehna awak'e sira dadi budak'e paran sing bener. Urip kaya iku nggarai urip sing suci. 20 Pas sira dadi budak'e Dusa, sira orak urip nurut paran sing bener. 21 Nanak untunge teka paran sing sira tau lakoni. Uripe sira maune nggawe sira isin. Kabeh iku mau nggawa sira nang pepati. 22 Tapi sira wis dibebasen teka Dusa. Pengeran wis ndadek'en sira budak'e Pengeran dewe. Untunge sira gede, yaiku urip sing tambah suci. Apa maneh, asile urip sing suci iku nuju nang urip sing langgeng. 23 Pas sira nglakoni dusa, buruhan sira iku pepati. Tapikne paran sing digewehen lan-lanan nang Pengeran, yaiku urip sing langgeng. Urip iku digewehen nang kabeh wong sing dadi siji karo Yesus Kristus, Gustine kene.