Asile dibeneren
5
Kene kabeh wis dibeneren nang Pengeran merga percaya nang Yesus. Sak'iki awak'e kene wis duwe damang ambek Pengeran merga Gustine kene, Yesus Kristus. 2 Ngliwati percaya nang Yesus, kene wis mari nerima welase Pengeran. Ning njerone welas iku awak'e kene urip. Kene nemen bungahe merga kene ngenteni nerima kamulyane Pengeran. 3 Iku ngono durung kabeh sing kene terima. Kene nemen bungahe masia kene nemen sarane. Kene weruh sara sing kene alami gawe kene sabar. 4 Sabar ngasilen ati sing teguh. Ati sing teguh ngasilen watek sing mantep. Watek sing mantep seneng ngenteni paran sing dijanjek'en Pengeran. 5 Terus paran sing dijanjek'en Pengeran orak bakal gawe atine kene gela, merga welas asihe Pengeran wis dicurahen ning njerone atine kene. Iki kedadean ngliwati Roh Suci, sing wis mari digewehen nang kene kabeh.6 Pas wayah sing ditentok'en Pengeran, ya pas iku kene gek nglawan PengeranKristus mati kanggo kene sing nanak dayane merga dusa. 7 Orak kulina ana wong sing gelem mati kanggo wong sing bener. Tapikne paling ana wong sing gelem mati kanggo wong sing pancene apik temenan uripe. 8 Tapikne Pengeran ndudohen welas asihe dewe nang kene. Pas kene gek dadi wong dusa, Kristus mati kanggo kene.
9 Getihe Kristus wis gawe kene bener ning ngarepe Pengeran. Dadi kene tambah yakin nek'e Yesus bakale nyelameten kene teka amuk'ane Pengeran. 10 Maune kene musuhe Pengeran. Tapikne sak'iki kene digewehi rukun ambek Pengeran ngliwati Anak'e sing wis mati kanggo kene. Apa maneh, merga kene wis digewehi damang, kene weruh nek'e kene bakale dislameten merga Kristus wis urip maneh teka pati. 11 Apa maneh, kene nemen bungah ning njero Pengeran merga Gustine kene, Yesus Kristus, sing ndadek'en uripe kene rukun bareng Pengeran.
Adam karo Kristus
12 Dusa mlebu ndunya ngliwati wong siji sing nglakoni dusa. Maringono, Pepati mlebu ndunya merga dusa iku mau. Kabeh uwong wis gawe dusa, dadi kabeh wong bakale mati. 13 Sak'durunge hukum agama Ibrani digewehen, dusa wis ana ning ndunya. Tapikne menungsa sing tau dusa durung diadili, merga durung ana hukum agama. 14 Pepati wis nguwasai ndunya molai jamane Adam sampek jamane Nabi Musa. Kabeh uwong dikuwasai Pepati, masia orak gawe dusa ngentah Adam, sing nglanggar prentahe Pengeran. Adam iku makili sak'kabehe menungsa. Merga iku Adam dadi gambarane Yesus sing bakale teka kanggo makili menungsa maneh.
15 Welase Pengeran orak pada karo dusane Adam. Kabeh wong wis dikuwasai Pepati merga dusane wong siji iku. Tapikne luwih gede maneh welase Pengeran sing teka ngliwati Wong siji, yaiku Yesus Kristus. Welase Pengeran luwih teka cukup gawe wong sak'isine ndunya. 16 Asile welase Pengeran seje karo asile dusane Adam. Adam gawe dusa sepisan wae, terus nggarai ukumane Pengeran. Tapikne, welase Pengeran digewehen sak'wise akeh dusa. Welas iku ndadek'en akeh wong dadi bener ning ngarepe Pengeran.
17 Ana siji uwong sing nglakoni dusa, yaiku Adam. Terus Pepati nguwasai kabeh uwong merga dusane wong siji iku. Luwih maneh, ana wong akeh sing nerima welase Pengeran sing gede iku liwat Wong siji, yaiku Yesus Kristus. Memper banyu sing amber, welas sing gede iku mlebu ning uripe kene. Wewehan iku mbeneren wong-wong ning ngarepe Pengeran. Merga iku, wong-wong sing dibeneren iku bakale duwe kuwasa ning urip iki ngliwati Yesus Kristus.
18 Dadi, merga siji kelakuan sing salah,
ngliwati wong siji iku,
menungsa kabeh nerima ukuman.
Tapi ngliwati cara makili sing pada,
merga siji kelakuan sing bener,
ngliwati Wong siji,
menungsa kabeh bisa didadek'en bener.
Terus, wong sing didadek'en bener iku oleh urip sing langgeng.
19 Kabeh wong didadek'en wong dusa merga wong siji sing orak manut. Tapikne ngliwati Wong siji sing manut, kabeh wong bisa dibeneren. 20 Hukum agama Ibrani digewehen cekne dusane wong dadi tambah akeh. Tapikne ning endi ana dusa tambah akeh, welas dadi luwih tambah akeh, memper banyu sing amber. 21 Dusa nguwasai sak'kabehe uwong, terus nggawa wong nang pepati. Tapikne Pengeran nggewehi welas sing luwih gede nang menungsa. Welas iku ndadek'en menungsa bener ning ngarepe Pengeran. Kabeh wong sing dibeneren digewehi urip langgeng ngliwati Yesus Kristus, Gustine kene.