Abraham dianggep bener merga percaya nang Pengeran
4
Paran sing kudu tak ucapen ngenek'i Abraham, bapak leluhur bangsane kene? Njare carane Abraham iku dibeneren? 2 Apa Abraham dadi bener ning ngarepe Pengeran merga paran sing dilakoni Abraham? Orak! Nek ngono Abraham bakale dadi gendak ngenek'i paran sing dilakoni. Tapikne Abraham orak bisa dadi gendak ning ngarepe Pengeran. 3 Paran sing ditulis ning Kitab Suci?“Abraham percaya nang Pengeran.
Merga percaya iku, Pengeran nganggep Abraham iku bener.” (Kejadian 15:6)
4 Pas wong nyambut gawe, bayarane sing digewehen duduk hadiah, tapikne sak'pantese dadi bayarane. 5 Tapikne Pengeran orak nerima wong memper iku. Pengeran bisa mbeneren wong sing orak bener, masia wong iku orak ngrekadaya kepe dadi bener. Sapa wae sing percaya nang Pengeran, Pengeran wis nganggep wong iku bener. 6 Biyen Raja Daud nulis ngenek'i bungahe wong sing diarani bener nang Pengeran, duduk merga usahane.
7 “Bungaha wong sing disepura kelakuane sing salah,
ya sing dusane ditutupi.
8 Bungaha wong sing dusane disepura nang Gusti Pengeran.” (Masmur 32:1-2)
9 Apa berkah bungah iku mek kanggo wong sing disunat? Orak. Apa berkah iku ya kanggo wong sing orak disunat pisan? Ya. Reang wis guneman nek Pengeran nerima Abraham merga percaya. Dadi percayane Abraham iku sing gawe Abraham dadi bener ning ngarepe Pengeran. 10 Kapan Abraham iku diarani bener? Apa sak'marine Abraham disunat, apa sak'durunge? Abraham diarani bener sak'durunge disunat, duduk sak'marine! 11 Sunat iku mek tenger nek Abraham nerima janji teka Pengeran. Tengere sunat iku ndudohen nek Abraham dianggep bener ning ngarepe Pengeran merga percaya. Abraham wis dianggep bener sak'durunge disunat. Mangkane Abraham dadi bapakne kabeh wong percaya sing orak disunat. Pengeran nerima wong sing percaya. Dadi wong-wong iku sing percaya nang Pengeran dianggep bener. 12 Abraham ya dadi bapakne wong sunat sing percaya pisan. Sunat tok orak cukup. Wong-wong sing disunat uga kudu nirok'en Abraham, bapakne kene, sing percaya nang Pengeran sak'durunge disunat.
13 Pengeran njanji nang Abraham sak'anak putune bakale marisi ndunya iki. Tapikne Abraham orak oleh warisan iku merga nglakoni hukum agama Ibrani. Abraham oleh warisan iku merga percaya. Abraham dianggep bener merga percaya nang Pengeran. 14 Apa wong-wong sing nglakoni hukum agama Ibrani nerima janjine Pengeran? Orak. Nek wong-wong iku digenehi warisane merga nglakoni hukum agama Ibrani, wong sing yakin ambek percaya nang Pengeran nanak gunane. Karo maneh, janjine Pengeran malih diwurungen. 15 Hukum agama Ibrani mesti ngundang amuk'ane Pengeran nang saben wong sing njajal nglakoni hukum iku. Merga nek nanak hukum agama, hukum iku orak bisa dilanggar.
16 Dadi, menungsa nerima janjine Pengeran merga percaya. Iki kedadean cekne nyata janji iku didasari welas, duduk ganjaran. Dadi, janji iku wewehan cekne kabeh ‘keturunane’ Abraham bakale nerima, yaiku wong sing urip nurut hukum agama Ibrani karo wong sing percaya tok, persis Abraham. Dadi Abraham iku bisa diarani bapakne kene kabeh sing percaya.
17 Pengeran tau guneman nang Abraham ning Kitab Suci ngene, “Reang wis ndadek'en sira dadi bapakne akeh bangsa.” † Pengeran nganggep Abraham dadi bapakne kene. Abraham percaya nek Pengeran bisa nggenehi urip nang wong mati, ya bisa ndadek'en nyata paran sing durung ana. 18 Masia nanak alasan kanggo ngenteni peparan, Abraham tetep percaya. Abraham dadi bapakne akeh bangsa persis paran sing dijanjek'en Pengeran ngene, “Sira bakal nduweni anak putu sing akeh temenan.” †
19 Abraham orak dadi kendo percayane nang Pengeran. Merga umure wis satus (100) taun, Abraham wis weruh awak'e orak kuwat, persis wong sing meh mati. Abraham weruh pisan nek Sara wis mandul. 20 Tapikne Abraham terus percaya nang janjine Pengeran, nek'e bakal digewehi anak. Abraham tambah kuwat percaya, terus mulyak'en Pengeran. 21 Abraham bener-bener yakin nek Pengeran nduweni kuwasa kanggo nyatak'en paran sing wis dijanjek'en. 22 Mangkane Abraham iku diarani ‘bener’ merga percaya.† 23 Tulisan ning Kitab Suci ngene, “Abraham dianggep bener,” orak ditulis kanggo Abraham wae. 24 Guneme Pengeran iku ya kanggo kene kabeh. Kene percaya nang Pengeran, sing nguripen Yesus, Gustine kene, teka pepati. Dadi Pengeran bakale nganggep kene bener pisan, merga percaya. 25 Yesus wis dipasrahen nang pepati merga dusane kene. Terus Yesus diuripen teka pati kanggo mbeneren kene ning ngarepe Pengeran.