Sak'kabehe menungsa duwe salah
3
Apa ana untunge dadi wong Ibrani? Apa ana gunane disunat? 2 Pancene ana akeh gunane! Sing kawitan, wong-wong Ibrani wis digewehi wekasane Pengeran.3 Tapi njare nek'e ana pepirang wong Ibrani sing orak setia? Apa wong sing orak setia ndadek'en Pengeran orak setia? 4 Orak kira! Pengeran iku bener, masia saben menungsa iku tukang nggorohi. Ana sing ditulis ning Kitab Suci,
“Rika bener nek'e Rika ngukum reang.
Rika adil nek'e Rika nilae reang.” (Masmur 51:4)
5 Wis kebukten: salahe kene luwih jelas ndudohen nek Pengeran iku bener. Dadi paran sing sira pikiren? Nurut pikirane menungsa, apa bisa kene guneman nek'e Pengeran iku orak adil pas ndudohen amuk'ane nang kene sing salah? 6 Orak kira! Pengeran bakale ngadili ndunya iki mbarek adil. 7 Ana wong sing salah mikir, “Nek reang akeh gorohe, paran sing bener teka Pengeran tambah katok. Terus, gorohe reang nggarai keagungane Pengeran luwih jelas pisan. Dadi ngapa kok Pengeran nyalahen reang? Dusane reang kok mulyak'en Pengeran!”
8 Mbarek pikiran persis ngono iku, ana sing guneman ngene, “Ayo nglakoni jahat kepe sing apik bakal kedaden!” Iku omongan kosong. Ana pepirang uwong mitnah kene, ya jerene kene gunemen ngono. Wong-wong iku pantes nerima ukumane Pengeran.
Nanak wong sing bener ning ngarepe Pengeran
9 Paran sing kudu diweruhi? Apa kene wong Ibrani luwih apik timbangane wong liya? Orak! Kene wis ngakoni nek'e wong Ibrani ambek wong sing duduk Ibrani pada nduwe dusa. Saben uwong dikuwasani Dusa. 10 Ning Kitab Suci ana unine ngene,
“Kabeh wong nanak sing bener,
nanak blas.
11 Nanak sing ngerti.
Nanak sing nggolek'i Pengeran.
12 Menungsa iku kabeh wis nyimpang,
menungsa iku kabeh nanak gunane.
Nanak sing nglakoni paran sing apik,
sesijia wae nanak.” (Masmur 14:1-3; 53:1-3)
13 “Kerongkongane menungsa iku persis kuburan sing mbukak;
gawe ilate, menungsa iku nggorohi.” (Masmur 5:9)
“Gunem teka lambene menungsa iku persis upase ula.” (Masmur 140:3)
14 “Cangkeme menungsa iku gelek nyedani karo nglarani atine uwong.” (Masmur 10:7)
15 “Sikile menungsa mlayu banter gawe mateni wong liya.
16 Menungsa iku mek ngasilen paran sing rusak karo susah.
17 Menungsa iku orak weruh njare carane urip sing damang.” (Yesaya 59:7,8)
18 “Menungsa iku orak wedi nang Pengeran.” (Masmur 36:1)
19 Paran sing digunemen hukum agama Ibrani, didudohen nang wong sing uripe diatur nang hukum agama iku. Tujuane hukum iku, yaiku mbungkem kabeh cangkeme menungsa cekne nanak alasan luput teka pengadilane Pengeran. 20 Dadi, nanak sesijia wong sing bakal dianggep bener ning ngarepe Pengeran ngliwati manut nang hukum agama Ibrani. Sewalik'e, liwat hukum agama Ibrani kene luwih sadar ngenek'i dusa-dusane kene.
Menungsa bisa dianggep bener merga percaya nang Yesus
21-22 Tapikne sak'iki Pengeran wis ndudohen njare carane wong bisa dibeneren ning ngarepe Pengeran. Cara iku orak liwat nglakoni hukum agama Ibrani. Kene bisa dibeneren Pengeran merga percaya nang Yesus Kristus. Iki kedaden nang kabeh wong sing percaya. Sak'temene hukum agama Ibrani ambek nabi-nabi biyen wis nyeritak'en kabeh iki mau. Nanak bedane ning antarane wong Ibrani utawa wong sing duduk Ibrani. 23 Saben wong wis gawe dusa, terus saben wong wis ngadoh teka kamulyane Pengeran. 24 Tapikne, kene wis didadek'en bener liwat welase Pengeran. Welas iku mau, yaiku patine Kristus Yesus, sing mbayar rega kanggo mbebasen kene teka dusa. 25 Pas Yesus mati ning ngarepe wong akeh, Pengeran ndadek'en Yesus korban sing nyepuraa wong ngliwati percaya. Pengeran nglakoni kabeh iku gawe ndudohen nek'e Pengeran iku adil. Merga nemen sabar, Pengeran orak ngukum ndunya merga dusa-dusa sing dilakoni sak'durunge Yesus mati. 26 Pengeran nglakoni kabeh iku mau kanggo nyatak'en ning jamane kene sak'iki nek Pengeran iku bener. Terus Pengeran dewe sing mbeneren wong-wong sing percaya nang Yesus.
27 Dadi, apa kene bisa ngajok'en paran sing kene lakoni? Orak. Ngapa kok orak? Apa merga sregep nglakoni hukum agama? Sepisan maneh, orak. Kene orak bisa ngajok'en sing kene lakoni kanggo dislameten. Menungsa mek bisa dislameten merga percaya nang Yesus. 28 Dadi kene yakin nek'e menungsa dibeneren Pengeran merga percaya nang Yesus, duduk merga nglakoni hukum agama Ibrani.
29 Apa tah, Pengeran iku mek Pengerane wong Ibrani? Orak! Apa tah, Pengeran dadi Pengerane wong duduk Ibrani pisan? Ya! Pengerane wong Ibrani dadi Pengerane wong-wong duduk Ibrani pisan. 30 Mek ana siji Pengeran. Pengeran iku mbeneren wong Ibrani sing disunat merga percaya nang Yesus. Pengeran ya mbeneren wong duduk Ibrani sing orak disunat merga percaya nang Yesus pisan. 31 Nek kene dibeneren merga percaya tok, apa iku tegese hukum agama Ibrani nanak gunane? Orak! Ngliwati percaya, kene bisa nglakoni hukum agama iku.