Pengakimane Pengeran sing adil
2
Nek sira nganggep awak'e dewe pantes bisa ngakimi wong liya, sira iku salah. Sira ngakimi wong, tapi sira nglakoni dusa sing pada. Dadi nek sira ngakimi wong sing dusa, sira pada wae ngakimi awak'e sira dewe. Nanak alasan maneh. 2 Pengeran ngakimi wong-wong sing nglakoni salah. Mek Pengeran wae ngakimi sing bener. 3 Tapi njare sira, wong menungsa wae, wani ngakimi wong liya? Sira dewe duwe salah pisan. Apa sira pikir bisa ucul teka ukumane Pengeran? 4 Pengeran iku apik temenan karo sabar sing dawa. Ngapa kabeh iku sira orak anggep? Apa sira orak ngerti nek Pengeran apik temenan nang sira, cekne sira tobat?5 Tapikne sira pancen wong sing atos ndase merga atine sira orak gelem tobat. Sira pada wae nandur ngamuk'e Pengeran nang awak'e dewe. Dadi sira bakale oleh ukuman pas dina pengakimane Pengeran dinyatak'en. 6 Pengeran bakale mbales saben uwong nurut kelakuane.† 7 Pengeran bakal nggewehi urip langgeng nang saben uwong sing sregep nglakoni apik. Wong memper iku sregep merga kepingin dimulyak'en, dijunjung, terus digenehi urip sing langgeng. 8 Tapikne gawe wong sing ndikik'en uripe dewe karo orak manut nang dalan sing bener, tapi melu sing jahat, wong iku bakale oleh ngamuk'e Pengeran sing nemen. 9 Bakale ana susah karo sara nang kabeh wong sing nglakoni jahat: gawe wong Ibrani ndikek, maringono gawe wong duduk Ibrani. 10 Tapikne gawe wong sing nglakoni apik bakale ana kamulyan, damang, ambek kejunjungan: gawe wong Ibrani ndikek, maringono gawe wong duduk Ibrani. 11 Pengeran orak mbena.
12 Wong sing gawe dusa, masia orak weruh hukum agama Ibrani, gek tetep bakale dimusnahen. Tapi wong Ibrani sing wis ngerti hukum iku, mesti bakale diadili katek hukum agama Ibrani iku mau. 13 Orak cukup nek hukum agama Ibrani mek dirungok'en cekne wong bisa dianggep bener ning ngarepe Pengeran. Mek wong sing nglakoni hukum agama Ibrani sing bisa dianggep bener nang Pengeran.
14 Wong sing duduk Ibrani orak nduwe hukum agama Ibrani. Tapikne masia ngono, wong-wong iku duwe hukum ning batine cekne nglakoni paran sing dituntut hukum agama iku. Dadi batine wong duduk Ibrani sing dadi hukum gawe awak'e dewe. 15 Wong-wong iku ndudohen nek'e paran sing dituntut hukum agama Ibrani wis tetulis ning batine. Batine wong-wong iku dewe sing bisa nyalahen wong iku dewe, ya uga bisa mbela wong iku dewe. 16 Kabeh iku bakale kedaden pas Pengeran ngadili ndunya ngliwati Kristus Yesus. Sak'kabehe pikirane wong sing dirahasiak'en bakal diadili nurut Kabar Apik sing tak sampek'en.
Wong Ibrani karo hukum agama Ibrani
17 Umpamane sira anggep awak'e dewe wong Ibrani sejati. Sira ya percaya nang hukum agama. Terus sira ngajok'en awak'e dewe nek sira kenal Pengeran. 18 Jarene sira weruh kekarepane Pengeran. Terus sira setuju nek sing diwuruk'i hukum agama iku apik. 19 Nurut awak'e dewe, sira weruh luwih akeh ketimbang wong liya. Sira rumangsa mampu kanggo nuntun wong “picek,” ya madangi wong sing pikire gek “peteng.” 20 Sira ngakoni awak'e dewe bisa nggawe wong “goblok” dadi bijak, ya bisa mulang lare cilik sing orak ngerti. Kabeh iku sira lakoni merga mikir hukum agama nggewehi sira sak'kabehe ilmu ngenek'i paran sing bener.
21 Nek ngono, rungokna! Sira mulang wong liya, tapi sira dewe orak sinau! Sira nentang wong sing nyolongan, tapi sira dewe nyolongan! 22 Sira mulang wong orak oleh demenan, tapikne sira dewe nglakoni jinah! Sira mulang uwong cekne sengit nang reca dewa, tapikne sira dewe ngrampok reca-reca teka umah-umah sembahyang. 23 Sira ngajok'en hukum agama, tapikne sira dewe ngenyek Pengeran ngliwati nglanggar hukum iku. 24 Ana sing ditulis ning Kitab Suci, “Wong-wong sing duduk Ibrani ngenyek jenenge Pengeran merga sira.”†
25 Nek'e sira matuhi hukum agama, sunata iku ana gunane. Tapi nek'e sira nglanggar hukum agama, iku pada karo sira orak disunat. 26 Umpamane wong sing orak disunat malah nglakoni isine hukum agama. Mestine wong iku dianggep pada karo wong sing disunat, masia durung disunat ragane. 27 Dadi wong sing orak disunat ragane, tapikne nuruti hukum agama, bakale nyalahen sira sing nglanggar hukum agama, masia sira disunat terus nduweni hukum agama.
28 Uwong bisa diarani “Ibrani” duduk nurut mbah buyut utawa nurut raga sing disunat. 29 Uwong bisa diarani “Ibrani” sejati nek'e wong iku bener-bener Ibrani ning njero batine. Sunat sing sak'temene ana ning njerone batin. Batine wong disunat nang Roh Suci, duduk tulisane hukum agama. Wong memper iku orak diajeni menungsa, tapi diajeni Pengeran.