Surate Paulus nang umate Yesus ning kota Roma
Roma
Paulus nggewehi salam nang wong percaya ning kota Roma
1
Reang, Paulus, sing ngladeni Kristusa Yesus, nulis surat iki. Pengeran wis milih reang dadi utusane. Reang dipilih kanggo nyeritak'en Kabar Apik teka Pengeran nang sak'kabehe wong.2 Ning Kitab Suci sing ditulis nabi-nabi biyen, Pengeran wis njanji kanggo nyampek'en Kabar Apik iku mau nang kene kabeh. 3-4 Kabar Apik iku nyeritak'en Anak'e Pengeran, yaiku Yesus Kristus, Gustine kene. Nurut ragane, Yesus lair teka anak putune Raja Daud. Tapi ngliwati kuwasane Roh Suci, Yesus wis diuripen maneh teka patine, terus ditentok'en dadi Anak'e Pengeran.
5 Ngliwati Yesus, reang oleh welas sing gede teka Pengeran, sampek didadek'en utusane. Tujuane, reang nuntun kabeh bangsa manut nang Pengeran ngliwati percaya nang jenenge Yesus. 6 Terus sira, wong-wong duduk Ibrani ning kota Roma, ya dijak pisan didadek'en duwek'e Yesus Kristus.
7 Reang nulis surat iki kanggo sira kabeh sing ana ning kota Roma, yaiku sing ditresnani Pengeran karo ditentok'en dadi umat pilihane Pengeran.
Mandar muga Pengeran, Bapakne kene, ambek Gusti Yesus Kristus nggewehi welas karo ayem tentrem nang sira.
Paulus kangen budal nang kota Roma
8 Sing kawitan, reang nedanerima nang Pengeran, ngliwati Yesus Kristus, merga sira kabeh. Nyatane, percayane sira nang Yesus wis kesuwur nang sak'kabehe ndunya. 9 Reang ngladeni Pengeran sak'temene ngliwati nyeritak'en Kabar Apik ngenek'i Anak'e. Pengeran iku dewe wis weruh njare reang teterusan iling karo ndedunga kanggo sira kabeh. 10 Reang gelek ndedunga temenan cekne bisa nekani sira kabeh, nek diestoni Pengeran. 11 Reang ya kepingin pisan nggewehi berkah teka Rohe Pengeran cekne batine sira kabeh dikuwaten. 12 Maksute reang, nek kene nglumpuk bareng, kene bisa tulung-tinulung siji nang sijine cekne tambah kuwat percaya. 13 Sak'temene, reang kepingin dulur-dulur weruh, reang wis gelek kate mrana, tapi gek ana sing ngalangi. Reang ya kepingin nggawa wong Roma percaya nang Yesus, memper sing wis tak lakoni ning antarane wong-wong sing duduk Ibrani ning enggon liyane.
14 Reang iki duwe ‘utang’ sing mesti tak lunasi, yaiku nyeritak'en Kabar Apik. Reang kudu ngladeni wong Yunani karo sing duduk wong Yunani, ya sing dididik utawa sing durung dididik. 15 Mangkane, reang iki kepingin nyeritak'en Kabar Apik nang sira pisan sing manggon ning kota Roma.
16 Reang orak isin nang Kabar Apik, merga Kabar Apik iku kuwasane Pengeran sing nyelameten saben wong sing percaya: wong Ibrani sing ndikek, maringono wong sing duduk Ibrani. 17 Ngliwati Kabar Apik, cara Pengeran kanggo mbeneren menungsa dinyatak'en. Molai kawitan sampek marine, menungsa dibeneren merga percaya. Iku persis sing wis ditulis ning Kitab Suci, “Wong sing diarani bener bakale urip merga percaya.”†
Menungsa kabeh pantes diukum
18 Ngamuk'e Pengeran wis dinyatak'en teka swarga kanggo nglawan kabeh dusa karo kelakuane menungsa sing elek. Merga nglakoni sing elek, menungsa orak bisa ngerti wulangan sing bener. 19 Sak'jane, paran sing bener ngenek'i Pengeran wis jelas, merga Pengeran dewe sing ndudohen kabeh iku. 20 Molai ndunya digawe, kene bisa weruh watek'e Pengeran sing orak katok, yaiku kuwasane Pengeran sing langgeng ambek derajate dadi Sing Maha Duwur. Iku wis dinyatak'en ngliwati sak'kabehe sing wis digawe. Dadi menungsa orak duwe alasan kanggo melehen Pengeran.
21 Masia menungsa weruh anane Pengeran, tapikne orak ngajeni Pengeran, ya orak nedanerima nang Pengeran. Paran sing dipikiren dadi nanak gunane, terus atine sing goblok tambah peteng. 22 Menungsa jerene dadi wong ngerti, tapikne sak'benere orak ngerti peparan. 23 Akeh wong sing ngijolen kamulyane Pengeran sing langgeng kanggo nyembah nang reca-reca sing ngrupak'en menungsa sing orak langgeng, manuk-manuk, kewan-kewan sing sikile papat, ya kewan sing ngrayap.
24 Mangkane Pengeran ngejaren menungsa kepe dikuwasai napsu sing jahat, sing cabul, sing ngregeti jiwa ragane siji nang sijine. 25 Wong iku ya pisan ngijoli paran sing bener teka Pengeran karo gorohan. Apa maneh ngajeni ambek ngladeni paran sing digawe, duduk Sing Gawe Urip, yaiku Pengeran sing diajeni sak'lelawase! Amin.
26 Merga nglakoni ngono, Pengeran ngejaren menungsa melu napsune raga sing ngisin-ngisini dewe. Wong wedok orak maneh nglakoni hubungan sing pantes karo wong lanang, malah karo wong wedok! 27 Ya pisan wong lanang orak nglakoni hubungan sing pantes karo wong wedok, malah ndadi-ndadi seneng karo pada lanang! Wong lanang nglakoni cabul ambek wong lanang. Merga iku, wong-wong iku mau panen ukuman nurut salahe dewe.
28 Apa maneh, menungsa mikir nanak gunane ngenal Pengeran. Dadi Pengeran ngejaren menungsa duwe pikiran sing bosok. Mangkane menungsa seneng nglakoni paran sing orak pantes dilakoni. 29 Menungsa wis dikuwasani sembarang kalir sing jahat, elek, srakah, dendam. Kepinginane ati dibek'i kabeh sing elek entah napsu iri, mateni, congkrah, goroh karo sengit. Menungsa ngomongen kancane, 30 mitnah, nyengit nang Pengeran, kasar karo gemede. Menungsa seneng nemok'en cara anyar gawe jahat, ambek orak manut nang wong tuwek'e. 31 Menungsa wis dadi goblok, orak nepati janjine, orak melasi wong. 32 Masia wis weruh wong sing orak nglakoni aturane Pengeran pantes mati, menungsa sing jahat malah tetep nglakoni jahat. Apa maneh, wong iku ya ngajeni wong liya sing nglakoni ngono.