Surate Paulus sing kawitan
nang umate Yesus ning kota Korintus
1 Korintus
Salam teka Paulus
1
Reang, Paulus, nulis surat iki bebarengan dulure kene sak'iman, yaiku Sostenes. Reang wis dipilih dadi utusane Kristus Yesus persis sing direncanak'en Pengeran.2 Kene ngirimen surat iki nang sira kabeh, umate Yesus sing dadi duwek'e Pengeran ning kota Korintus. Sira wis disucek'en merga sira dadi siji ambek Kristus Yesus. Sira wis diceluk dadi umat pilihane Pengeran, bebarengan kabeh wong ning endi wae sing percaya nang jenenge Kristus Yesus, sing dadi Gustine wong-wong iku karo kene.
3 Mandar muga Pengeran, Bapakne kene, karo Gusti Yesus Kristus nggewehi welas karo ayem tentrem nang sira.
Paulus nedanerima nang Pengeran
4 Reang teterusan nedanerima nang Pengerane reang kanggo sira. Reang nedanerima merga Pengeran nggewehi welas nang sira ngliwati Kristus Yesus. 5 Terus, merga sira wis dadi siji ambek Kristus Yesus, sira wis diberkahi sembarang kalire. Sira wis diberkahi ning njerone kabeh ucapan karo ilmu. 6 Pengeran wis ndudohen nek paran sing wis kene sampek'en nang sira ngenek'i Kristus iku pancen bener. 7 Kabeh karunia sing digewehen Roh Suci wis sira duweni sak'wene ngenteni Gustine kene, Yesus Kristus, teka maneh. 8 Pengeran bakal nguwaten imane sira sampek wayah sing pungkasan, cekne sira nanak salahe pas dina tekane Gusti Yesus Kristus. 9 Pengeran iku setia. Pengeran wis milih sira cekne bisa dadi akor ambek Anak'e, yaiku Yesus Kristus, Gustine kene.
Umate Yesus mecah dadi akeh kumpulan
10 Dulur-dulur, reang njaluk temenan nang sira kabeh nggawe jenenge Gustine kene, Yesus Kristus. Reang njaluk cekne sira kabeh dadi sak'ati njero paran wae. Sira ajo ana sing mihak. Reang njaluk sira kabeh dadi sak'pikire. 11 Dulur-dulur kabeh, reang wis digewehi weruh nang umate Yesus sing nglumpuk ning umahe Mak Kloe. Jerene ana sing bengkerengan siji karo sijine. 12 Sing tak maksut, iki: ana sing ngomong, “Reang melu Paulus.” Sing liya guneman, “Reang melu Apolos.” Sing liyane guneman, “Reang melu Petrus.” Terus sing liyane maneh guneman, “Reang melu Kristus.”
13 Apa tah Kristus dibagek-bagek'en? Apa tah Paulus mati ning kayu salib gawe sira? Apa tah sira dibaptisa gawe jenenge Paulus? 14 Reang nedanerima nang Pengeran merga reang orak mbaptis sapa wae ning antarane sira kejaba Krispus karo Gayus. 15 Nanak sesijia uwong sing bisa ndongeng nek awak'e dewe wis dibaptis gawe jenenge reang. 16 (Pancene bener reang ya tau mbaptis keluargane Stefanus. Sak'liyane iku, reang orak iling apa ya reang tau mbaptis wong liyane.) 17 Mergane Kristus orak ngutus reang gawe mbaptis uwong. Kristus ngongkon reang mbritak'en Kabar Apik, tapi pas mbritak'en, orak oleh nggawe omongan sing pinter. Nek nggawe basa ngono, pesen salibe Kristus dadi nanak gunane.
Pesen salibe Kristus
18 Pesen salibe Kristus entahe goblok kanggo wong-wong sing kate mati. Tapi kanggo kene sing dislameten, pesene salib iku dadi kekuwatane Pengeran. 19 Mergane wis tetulis ning Kitab Suci ngene,
“Reang kate ngejuren pengertene wong-wong sing bijak,
Reang kate ngacok'en kepinterane uwong sing nganggep awak'e pinter.” (Yesaya 29:14)
20 Paran gunane wong sing ilmune duwur? Paran gunane ahli hukum agama Ibrani? Paran gunane wong sing pinter bebantahan ning jaman iki? Pengeran wis ndudohen nek pengertene wong ndunya iki pancen nanak gunane blas. 21 Pengeran wis nentok'en cekne wong-wong ning ndunya iki orak bisa kenal Pengeran ngliwati pengertene dewe. Tapi Pengeran seneng nyelameten wong-wong sing percaya ngliwati Kabar Apik sing kene sampek'en, masia kabar iku dianggep omongan kosong nang ndunya. 22 Merga wong Ibrani njaluk mujijat gawe dadi bukti. Terus wong duduk Ibrani mek mentingen paran wae sing dianggep bijak. 23 Tapikne kene mbritak'en Kristus sing mati ning kayu salib. Salib iku nyinggung wong Ibrani sampek orak diterima. Terus wong sing duduk Ibrani nganggep salib iku omongan kosong. 24 Tapikne gawe wong sing dipilih Pengeran, senajan iku wong Ibrani utawa duduk Ibrani, pesen salibe Kristus iku dadi kekuwatane karo hikmate Pengeran. 25 Paran wae teka Pengeran sing diarani goblok nang ndunya gek luwih bijak ketimbang pengertene menungsa. Terus paran wae teka Pengeran sing diarani orak kuwat nang ndunya gek luwih kuwat ketimbang kekuwatane menungsa.
26 Dulur kabeh, ilinga uripe sira biyen pas sira dipilih Pengeran. Nurut itungane menungsa, orak kosi akeh ning antarane sira sing dianggep bijak. Orak kosi akeh ning antarane sira sing dianggep kuwat. Orak kosi akeh ning antarane sira sing keluargane dianggep penting. 27 Tapikne Pengeran milih sing dianggep goblok ning ndunya gawe ngisin-ngisini wong sing pinter. Pengeran milih sing dianggep orak kuwat ning ndunya gawe ngisin-ngisini wong sing kuwat. 28 Pengeran milih paran sing dinyek ambek sing orak dianggep kanggo nanak'en paran sing dianggep penting. 29 Dadi nanak sing bisa ngapik'en awak'e dewe ning ngarepe Pengeran. 30 Merga karyane Pengeran, sira dadi siji karo Kristus Yesus. Yesus iku sing dadi hikmate Pengeran gawe kene. Yesus sing ndadek'en kene bener. Yesus sing nyucek'en kene. Yesus sing mbebasen kene teka dusa. 31 Dadi, nurut Kitab Suci,
“Wong sing kepingin ngapik'en peparan, kudu ngapik'en paran sing wis dilakok'en Gusti.” (Yeremia 9:24)