2
Dulur kabeh, pas maune reang teka nang sira, reang orak guneman nggawe omongan sing pinter. Reang ya orak nggawe pengertene menungsa kanggo nyampek'en rahasiane Pengeran. 2 Tujuane reang pas gek bareng sira, mek guneman siji wae, yaiku, Yesus Kristus karo patine ning kayu salib. 3 Pas reang teka nang sira, reang nanak dayane, wedi, sampek gembeblek. 4 Reang orak guneman karo mulang gawe pengerten sing ngepek atine wong. Tapi reang ndudohen kuwasane Roh Suci. 5 Reang nglakoni ngono kepe pondasi imane sira orak digawe teka pengertene menungsa tapi teka kuwasane Pengeran.
Hikmate Pengeran dinyatak'en ngliwati Roh Suci
6 Tapikne, nang wong sing kuwat rohanine, kene mulang gawe guneman sing bijak nurut Pengeran. Gunemane reang orak pada karo kepinterane ndunya iki, ya orak pada karo kepinterane kabeh sing duwe kuwasa ning ndunya iki. Sing duwe kuwasa ning ndunya iki bakal dimusnahen. 7 Sewalik'e kene nyampek'en hikmate Pengeran. Hikmat iku rahasia sing biyen disingeten. Sak'durunge ndunya iki digawe, Pengeran wis gawe rencana cekne ngliwati rahasia iku kene bakale dimulyak'en. 8 Nanak raja utawa pemimpin ning ndunya iki sing ngerti rahasiane Pengeran. Nek'e wong-wong iku ngerti, mestine orak kira mateni Raja Sing Maha Mulya iku ning kayu salib. 9 Tapi, nurut Kitab Suci,
“Sing orak tau diwasen mripat,
Sing orak tau dirungok'en kuping,
terus sing orak tau dipikiren uwong,
kabeh iku sing wis dicawisen kanggo sapa wae sing nresnani Pengeran.” (Yesaya 64:4)
10 Pengeran wis ndudohen iki kabeh nang kene ngliwati Rohe Dewe. Roh iku ngerti sembarang kalir, sampek ngerti rahasiane Pengeran sing paling jero.
11 Sapa sing ngerti isi atine wong kejaba rohe wonge iku dewe? Ya ngono uga Rohe Pengeran sing ngerti isi atine Pengeran dewe. 12 Kene orak nerima roh sing teka ndunya iki. Tapi kene wis nerima Roh sing asale teka Pengeran dewe. Roh iku sing nulung kene ngerti gewenane Pengeran, sing nanak pamrih nang kene. 13 Wekasan iku sing tak sampek'en. Kene orak gawe pengerten sing diwulang menungsa. Kene gawe pengerten teka wulangane Rohe Pengeran kanggo njelasen paran sing rohani nang wong sing rohani. 14 Wong sing orak nduweni Rohe Pengeran orak bakal nerima paran wae sing teka Rohe Pengeran, merga iku mau dianggep barang sing nanak gunane. Wong memper iku orak kira bisa ngerti. Wekasan iku mung bisa dingerteni nek ditulung Roh Suci iku mau. 15 Wong sing nduweni Roh Suci bisa nilae sembarang kalir. Tapikne wong iku orak bisa dinilae nang wong liya. 16 Merga wis tetulis ning Kitab Suci ngene,
“Sapa sing bisa weruh nang pikirane Gusti Pengeran?
Ana tah wong sing wis tau muruk'i Pengeran?” (Yesaya 40:13)
Tapikne kene nduweni pikirane Kristus.