Pimpinane wong percaya
3
Dulur kabeh, pas reang teka nang sira, wulangane reang tak watesi merga sira orak dipimpin Roh Suci. Pas iku reang nganggep sira kabeh iku wong-wong sing gek melu dalane ndunya. Pas iku sira memper bayi sing gek entas percaya nang Kristus. 2 Wulangan sing tak sampek'en nang sira biyen iku gek ngentah susu kanggo bayi, orak ngentah panganane wong tuwek. Pas iku sira kabeh durung bisa nerima panganan sing atos. Pancene, sampek sak'iki sira gek durung bisa nerima panganan sing atos iku mau. 3 Uripe sira gek nurut carane ndunya. Pepirang wong ning antarane sira gek iri atine. Gek ana sing seneng tukaran. Nek ngono sira kabeh gek urip memper wong sing orak kenal Pengeran. Kelakuane sira iku kayak wong sing uripe gek nurut carane ndunya. 4 Merga ana wong-wong ning antarane sira sing guneman, “Reang iki melu Paulus.” Sing liyane guneman, “Nek reang melu Apolos.” Watek ngono iku mau ndudohen nek uripe sira gek nurut carane ndunya.
5 Sak'jane Apolos iku sapa sih? Paulus iku ya sapa sih? Reang karo kanca-kanca liyane iku mek wong sing ngladeni Pengeran. Kene mek ngrewangi sira kepe dadi percaya. Gusti Yesus wis nggewehi kene kabeh penggawean dewe-dewe gawe dilakoni. 6 Reang nandur weneh, yaiku Kabar Apik. Apolos sing nyirami. Tapi Pengeran sing nguripen imane sira. 7 Dadi wong sing nandur orak penting, terus wong sing nyiram ya orak penting. Pengeran iku sing paling penting merga nggenehi urip! 8 Wong sing nandur ambek sing nyiram nduweni tujuan karo drajat sing pada. Pengeran bakale nggewehi ganjaran nang saben wong nurut penggaweane dewe-dewe. 9 Merga kene iki sing nyambut gawe bebarengan kanggo ngladeni Pengeran. Terus sira kabeh iku ngentah gagane Pengeran, ya bangunane Pengeran.
10 Pengeran wis nggewehi reang karunia memper tukang bangunan sing wis masang pondasi. Tapi wong liyane sing mbangun ning nduwure pondasi iku. Saben wong kudu sing ati-ati nek kate mbangun ning duwure pondasi iku mau. 11 Mergane nanak sing bisa masang pondasi liyane, sak'njabane pondasi sing wis tau dipasang, yaiku Yesus Kristus.
12 Ana sing mbangun ning nduwure pondasi iku mau nggawe bahan teka emas, perak, permata, kayu, suket garing, utawa sekem. 13 Tapikne asil bangunane saben wong bakale katok. Pas dinane Gusti ngakimi ndunya, asile wong-wong iku bakale dinyatak'en. Bangunane saben wong bakale diuji katek geni. 14 Nek'e bangunane iku orak kobong, wong iku bakale oleh ganjaran apik teka Pengeran. 15 Nek'e bangunane kobong, wong iku bakale kilangan sembarang kalir. Wong iku tetep slamet, tapi ngentah mari lolos teka geni.
16 Apa sira orak weruh, nek'e sira kabeh iku Umahe Pengeran? Apa sira orak weruh nek'e Rohe Pengeran manggon ning njerone sira kabeh? 17 Nek ana wong sing ngejur Umahe Pengeran, Pengeran ya bakal ngejur wong iku. Merga Umahe Pengeran iku suci, terus sira kabeh ya Umah iku.
18 Ajo nggorohi awak'e sira dewe. Nek'e ana wong sing mikir awak'e dewe iku pinter nurut cara ndunya iki, apik'e wong iku dadi “bodo” nurut ndunya iki, cekne dadi bijak nurut Pengeran. 19 Merga ning ngarepe Pengeran, pengertene ndunya iki dianggep barang sing bodo. Iki persis sing wis tetulis ning Kitab Suci ngene, “Pengeran bisa njebak wong-wong sing ‘pinter’ nggawe rencanane wong iku dewe sing jahat.” 20 Ana maneh ning Kitab Suci sing unine ngene, “Gusti Pengeran weruh nek pikirane wong sing pinter nurut ndunya nanak gunane.”
21 Dadi, ajo ana sing ngapik'en awak'e dewe ning ngarepe menungsa! Merga sembarang kalir ning ndunya wis dadi duwek'e sira. 22 Maksute mboh iku tah Paulus, Apolos, tah Petrus, mboh iku ndunya, urip, utawa pati, mboh sak'iki, utawa pas mbesok; kabeh iku dadi duwek'e sira. 23 Sira wis dadi duwek'e Kristus. Terus Kristus iku duwek'e Pengeran.