Utusane Yesus sing sejati
4
Sira kabeh kudu nganggep reang ambek utusan-utusan liyane wong sing ngladeni Kristus, yaiku sing wis dipercayak'en kanggo njelasen rencanane Pengeran sing maune dirahasiak'en. 2 Wong sing ngladeni kudu mbuktek'en nek awak'e dewe setia. 3 Nurut reang, orak kosi penting sapa sing kate ngakimi reang, mboh itu sira mboh iku pengadilane wong. Apa maneh reang ya orak ngakimi awak'e reang dewe. 4 Reang rumangsa orak nduweni salah peparan. Tapikne iku orak mbuktek'en nek reang iki orak duwe salah. Kepe Gusti wae sing ngakimi reang. 5 Dadi ajo ngakimi paran wae sak'durunge wayah sing wis ditentok'en, yaiku wayah tekane Gusti. Gusti bakale madangi paran wae sing disingeten wong ning pepeteng. Gusti bakal mbukak paran sing ana ning atine saben uwong. Pas wayah iku kabeh wong sing pantes bakale dialem Pengeran.6 Dulur-dulur, kabeh sing tak sampek'en iku mau ngenek'i wong sing ngladeni Pengeran, entah reang karo Apolos, dibahas kanggo sira. Tujuane, teka contone kene, sira bisa ngerti maksut paribasan iki, “Ajo ngluwihi paran sing wis tetulis.” Dadi ajo salah mihak, terus ngajeni salah sijine wong ning duwure wong liyane. 7 Sapa sing mikir sira luwih apik ketimbang wong liyane? Paran sing sira duweni, sing orak sira terima teka Pengeran? Nek'e sira wis nerima, ngapa sira kok ngapik'en awak'e sira dewe, entah sira orak nerima teka Pengeran?
8 Sira lak wis nduweni kabeh sing sira kepingini? Sira wis dadi sugih sak'njerone Kristus! Sira kabeh wis dadi “raja-raja,” masia orak mbarek kene! Reang kepingin sira wis molai mrentah cekne kene bisa melu mrentah bebarengan sira! 9 Merga nurut reang, Pengeran wis nepak'en kene, utusan-utusane Yesus, ning arak-arak'an bagean paling mburi, yaiku enggone wong tawanan sing bakale diukum pati. Kene digurak wong akeh, terus digawe tontonan nang sak'jagad raya, ya malaekat karo menungsa. 10 Kene sing dianggep goblok merga ngladeni Kristus. Tapikne sira sing “pinter” ning njerone Kristus. Kene sing nanak dayane. Tapikne sira sing kuwat! Kene sing diremehen, tapikne sira sing diajeni. 11 Sampek sak'iki kene gek krasa luwe karo ngelak. Klambine mek kari sing digawe, gelek disiksa, ya uripe kloyongan merga nanak enggone netep. 12 Kene susah payah nyambut gawe temenan katek tangane kene dewe. Pas ana sing ngelok'en, kene ya tetep mberkahi wong-wong iku. Pas kene disiksa, kene tetep sabar. 13 Pas disedani wong, kene nggewehi dunga sing apik. Sampek sak'iki kene gek dianggep dadi wuwuhe ndunya.
Paulus rumangsa dadi bapakne wong percaya ning Korintus
14 Reang orak nulis iki gawe ngisin-ngisini sira. Sira kabeh iku anak-anak'e reang sing tak tresnani. Reang mek kepingin ngilingen sira. 15 Masia sira nduweni sepuluh ewu (10.000) wong percaya ning Kristus sing njaga sira, sira gek orak bakal nduwe akeh bapak. Reang sing dadi bapakne sira ngliwati ngladeni Kristus Yesus merga reang sing nyampek'en Kabar Apik nang sira. 16 Dadi reang njaluk temenan nang sira cekne nirok'en uripe reang. 17 Iku maksute reang ngutus Timotius nang sira. Timotius iku entah anak'e reang sing tak tresnani. Timotius setia ngladeni Gusti Yesus. Timotius bakale ngilingen sira njare cara uripe reang ngladeni Kristus Yesus. Iku persis sing tak wulangen nang endi-endi ning saben greja.
18 Ana pepirang wong ning antarane sira sing dadi gendak. Wong-wong iku mikir nek'e reang orak kira bakal teka maneh nang sira. 19 Tapi, nek'e diolehi Gusti Yesus, reang bakal ndang-ndang teka nang sira. Terus reang bakal ngadepi wong-wong sing gendak ning antarane sira. Reang bakal ngrungok'en gunemane wong-wong iku ambek ndeleng sak'pira gede kuwasane wong-wong iku. 20 Merga Kerajaane Pengeran orak dinyatak'en nggawe guneman, tapikne nggawe kuwasa. 21 Paran karepe sira? Apa sira gelem reang teka nggawe watek sing nyalahen terus ngukum sira? Utawa apa sira gelem reang teka nggawe welas asih ambek watek sing alus?