Surate Paulus sing ping pindo
nang umate Yesus ning kota Korintus
2 Korintus
1
Reang, Paulus, nulis surat iki.Reang dadi utusane Kristus Yesus nurut kekarepane Pengeran. Timotius, dulure kene sing sak'iman, ngancani reang pas nulis surat iki. Reang ngirimen surat iki nang umate Pengeran sing percaya nang Yesus ning kota Korintus ambek kabeh umat pilihane Pengeran ning daerah Akhaya.
2 Mandar muga Pengeran, Bapakne kene, ambek Gusti Yesus Kristus nggewehi welas ambek ayem tentrem nang batine sira.
Pujien Pengeran sing nambani atine kene
3 Pujien Pengeran, yaiku Bapakne Yesus Kristus, Gustine kene! Pengeran iku Bapak sing melasi ambek nambani atine kene. 4 Pengeran nambani atine kene ning kabeh masalahe kene. Dadi sak'iki kene bisa nambani atine wong liya pas wayah wong liya gek susah, merga atine kene wis ditambani Pengeran. 5 Masia kene akeh melu nerima sarane Kristus, atine kene ya akeh ditambani pisan nang Kristus. 6 Umpamane kene ngalami sara, iku cekne atine sira ditambani terus dislameten. Nek atine kene ditambani, iku cekne atine sira ditambani pisan. Mangkane sira bakale dadi sabar nahan sak'kabehe sara sing pada karo kene alami. 7 Kekarepane kene gawe sira pancet kuwat. Kene weruh nek sira disiksa merga percaya nang Yesus, pada karo kene. Ya ngono uga atine sira ditambani pada karo kene.
8 Dulur kabeh, kene kepingin sira ngerti wayah ewoh sing kene alami ning propinsi Asia.a Kene ngalami akeh masalah. Iku luwih abot teka sing kene bisa pikul. Kene ya wis mikir nek'e kene bakale mati. 9 Kene rumangsa kekaya'a wis kenek ukuman pati. Tapikne iku kelakon kepe kene orak percaya nang awak'e kene dewe, tapi cekne percaya nang Pengeran sing bisa nguripen wong mati. 10 Pengeran wis nyelameten kene teka blai sing nemen iku. Terus kene percaya Pengeran bakale nyelameten kene maneh. Kene wis mantep ngenteni Pengeran sing bakale teterusan nyelameten kene. 11 Sira ya melu nulungi kene merga ndedunga. Ngliwati dungane sira, akeh uwong nedanerima merga welas sing kene oleh. Iku kedaden merga akeh dunga dijawab.
Rencanane Paulus malih
12 Iki sing kene ajeni: Reang percaya sak'temene, pas gek bebarengan sira, kene urip nggawe cara sing jujur, suci, ya pantes diajeni. Kene pasrah nang welase Pengeran, duduk nang pengertene ndunya. 13-14 Kene mek nulis paran sing bisa sira waca ambek ngerti. Sak'iki sira mek ngerti setitik sing kene wis sampek'en, tapi engko mandar muga sira bakal bener-bener ngerti kene. Nek ngono, pas Gusti Yesus teka maneh, sira bakal bangga merga kene, terus kene bakal bangga merga sira.
15 Merga reang yakin nang iku, taun wingi reang kepingin ndengok sira dikek, kepe sira diberkahi ping pindo. 16 Maune reang duwe rencana dengok sira pas mlaku nang daerah Makedonia. Terus, sak'marine teka Makedonia, reang ya arep mampir maneh pas moleh. Nek kekarepane reang iku kedadean, reang arep pisan sira kabeh bisa nulung reang budal nang Yudea. Tapi njaluk sepurane, merga kabeh iku orak kedaden!
17 Pas reang ngrencanak'en kabeh iku, apa reang kepingin rencanane reang malih, masia nanak alasan sing apik? Orak. Reang orak gawe rencana kaya uwong-uwong ning ndunya iki. Gampang wong ning ndunya iki gawe janji, terus guneman, “Ya, reang bisa.” Tapi ning wayah sing pada wong iku bisa lali nang janjine, terus guneman, “Orak, reang durung bisa.”
18 Tapikne, ning ngarepe Pengeran sing setia, pesene kene nang sira duduk “Ya” ambek “Orak.” 19 Kene, yaiku Silas, Timotius, karo reang, nyampek'en Anak'e Pengeran, Yesus Kristus, nang sira. Pas iku kene orak guneman, “Ya” ambek “Orak” ning wayah sing pada. Wekasane Kristus mestine, “Ya.” 20 Mboh sak'pira janji sing digewehi Pengeran, sak'kabehe janjine iku, “Ya!” merga Kristus. Dadi ngliwati Kristus kene guneman “Amin!”b cekne Pengeran dimulyak'en.
21 Pengeran ndadek'en kene ngadek kuwat percaya nang Kristus. Pengeran milih kene sing percaya, 22 terus nepak'en Rohe Dewe ning njero atine kene. Roh iku sing dadi tenger nek kene dadi duwek'e Pengeran. Rohe Pengeran njamin nek kene bakale digewehi kabeh sing dijanjek'en Pengeran.
23 Reang nyeluk Pengeran dadi saksine reang. Sak'temene, kepe Pengeran ngukum reang nek reang orak jujur. Gara-gara orak gelem nglarani sira, rencanane reang malih. Mangkane, reang orak dadi balik nang Korintus, nurut paran sing maune direncanak'en. 24 Kene orak kepingin nguwasai paran sing sira yakini. Tapikne kene nyambut gawe bareng sira kepe sira bungah. Sing kene arep, sira bisa ngadek jejek merga percaya nang Kristus.