Surate Paulus nang umate Yesus ning daerah Galatia
Galatia
Bebuka
Ngapa kok surat iki ditulis?
Wong-wong ning daerah Galatia duduk suku Ibrani. Maune wong iku nyembah dewa-dewa palsu. Tapi Paulus ambek kanca-kancane njebul ning kono terus nyampek'en Kabar Apik ngenek'i Yesus. (Delengen mlakune Paulus ning Riwayate Utusane Yesus pasal 13-14, karo 16). Akeh wong sing percaya terus dadi pepirang kumpulane wong sing percaya nang Yesus ning kota-kota ning daerah Galatia (yaiku Ikonium, Listra, Derbe, Berea).
Maringono, ana pepirang wong Ibrani sing njebul ning Galatia, terus muruk'i nek wulangane Paulus iku orak bener. Guru-guru palsu iku guneman, “Orak cukup mek percaya nang Gusti Yesus tok. Awak'e dewe kudu disunat, terus manut kabeh prentahe agama Ibrani.”
Pas Paulus ngrungok'en wuruk'ane iku, langsung dadi bongol. Paulus nulis surat iki kanggo nglawan wuruk'an sing orak bener iku. Ning surat iki Paulus nulis, “Kene diarani bener ning ngarepe Pengeran merga percaya nang Yesus tok. Sunat utawa orak sunat nanak gunane. Sing penting, kene percaya nang Yesus, terus welas asih nang wong liya.” Kene bisa urip memper iku ngliwati kuwasane Rohe Pengeran sing nguwaten kene nglawan napsu sing jahat.
Tema : Isine Kabar Apik, yaiku wong sing percaya nang Yesus dibebasen teka hukum agama Ibrani. Maringono kene didadek'en anak'e Pengeran dewe, ya ahli waris kabeh janjine Pengeran.
Ayat kunci: 5:6 - Merga ning njerone Kristus Yesus, sunat utawa orak sunat, lelorone nanak gunane. Mek ana siji sing penting, kene kudu welas asih nang wong liya merga kene percaya nang Kristus.
Isine
1. Salam (1:1-10)
2. Paulus mbela awak'e dewe (1:11 - 2:21)
3. Paulus mulang wong Galatia ngenek'i Kabar Apik sing sejati (3-4)
4. Paulus nuturi wong Galatia cekne ajo melu napsune raga, tapi melu kekarepane Roh Suci (5-6)