Surate Paulus nang umate Yesus ning kota Efesus
Efesus
Bebuka
Ngapa kok surat iki ditulis?
Kurang luwih taun 61 Masehi Paulus nulis surat iki nang umate Yesus ning Efesus. Pas iku Paulus ana ning bui merga akeh wong orak seneng Paulus nyeritak'en Yesus iku Raja Pilihane Pengeran.
Sak'durunge ning bui, Paulus tau manggon ning kota Efesus suwene rong taun (Riwayate utusan-utusane Yesus pasal 19). Ning kota iku ana candi sing paling gede ning ndunya, yaiku candine Dewi Artemis. Dadi wong Efesus iku nyembah dewi iku ambek dewa-dewa liyane, terus orak weruh agama Ibrani. Sak'marine percaya nang Yesus, wong Efesus iku kudu ngerti njare carane nyembah Yesus bebarengan wong Ibrani sing percaya nang Yesus pisan.
Surat iki ana bagean loro. Ning bagean sing kawitan (pasal 1-3) Paulus kepingin wong percaya ning Efesus ngerti urip anyar sing diduweni wong percaya merga dadi siji ambek Yesus. Ning bagean sing ping pindone (pasal 4-6) Paulus nuturi wong percaya njare kudu urip ning ndunya iki. Kabeh wong percaya iku, masia asale teka suku Ibrani utawa suku sing liyane, wis dadi siji ning njerone Yesus, ya dadi suku menungsa sing anyar.
Tema : Pengeran ndadek'en menungsa anyar teka kabeh wong sing percaya nang Yesus, masia asale teka suku-suku sing orak pada. Terus, Pengeran orak mbutuhen umah sembahyang ning Yerusalem maneh merga menungsa anyar iku sing dadi umahe Pengeran dewe.
Ayat kunci: 4:4-6 -
Mek ana siji raga, yaiku kene kabeh sing dadi bagean ragane Yesus,
mek ana siji Roh sing suci, yaiku Rohe Pengeran,
mek ana siji tujuan sing kene enteni, sing dijanjek'en pas kene diceluk Pengeran,
mek ana siji tujuan celuk'ane sira
siji Gusti Yesus,
siji cara percaya,
siji cara ngakoni percaya, yaiku dibaptis,
siji Pengeran, Bapakne sak'kabehe menungsa, sing nguwasani sak'kabeh menungsa, nyambut gawe ngliwati sak'kabeh menungsa, terus ana ning njerone sak'kabehe menungsa.
Isine
1. Salam (1:1-2)
2. Rencanane Pengeran kanggo umate Yesus (1:3 - 3:21)
A. Kabeh berkah sak'njerone Yesus (1:3-23)
B. Wong Ibrani ambek duduk Ibrani didadek'en siji (2:1 - 3:13)
C. Dungane Paulus - ngerti welas asihe Kristus (3:14-21)
3. Njare umate Yesus kudu urip (4:1 - 6:20)
A. Urip rerukunan (4:1-16)
B. Sing oleh ambek sing orak oleh dilakoni (4:17 - 6:9)
C. Umate Yesus memper prajurit (6:10-20)
4. Salam sing pungkasan (6:21-24)