Gawanen bebane kancane!
6
Dulur kabeh, nek ana wong sing dusa, sira sing wis dipimpin Roh Suci kudu sing orak gendak mulihen wong iku. Tapikne sira kudu ati-ati cekne sira orak katut pisan. 2 Sira kudu melu gawa bebane kancane sira. Ngliwati cara iki sira wis nglakoni hukume Kristus. 3 Nek ana wong sing nganggep awak'e dewe wong penting, masia sak'jane orak penting, tegese wong iku nggorohi awak'e dewe. 4 Saben wong kudu nguji kelakuane awak'e dewe. Nek apik wong iku bisa ngalem awak'e dewe, tapi orak oleh madak'en awak'e dewe karo wong liya. 5 Merga saben wong kudu mikul tanggungane dewe-dewe. 6 Terus, wong sing diwuruk'i wekasane Pengeran, kudu mbales berkat nang wong sing muruk'i iku.
7 Ajo sampek ketipu: Pengeran orak bisa digorohi. Kene bakale panen paran sing kene panja. 8 Sing manja kanggo nyenengen napsu ragane dewe, teka napsu iku kate panen pati sing sak'lelawase. Sing manja kanggo nyenengen Rohe Pengeran, teka Roh kate panen urip langgeng. 9 Ajo sampek sira payah nglakoni paran sing apik, merga pas wayahe panen, sira kate panen sing apik, nek'e sira orak mandek. 10 Merga iku, pas gek ana wayah, ayo pada nglakoni apik nang sak'kabehe wong, sing kawitane nang dedulure sing percaya nang Yesus.
Sing penting dadi menungsa anyar
11 Delengen sak'pira gedene hurup sing tak tulis nggawe tangane reang dewe!
12 Golongane wong sunat iku mek kepingin nggolek rai ngliwati ngejok'en paran sing katok. Wong-wong iku orak kepingin disiksa nek mbritak'en korbane Kristus ning kayu salib sing nyelameten kene. Dadi wong-wong iku kepingin meksa sira disunat. 13 Wong-wong iku wae, masia disunat, tapi orak nurut nang hukume agama. Wong-wong iku mek kepingin sira disunat cekne ngapik'en ragane sira merga sira wis melu aturane agama Ibrani iku. 14 Reang dewe orak kepingin ngapik'en awak'e reang. Sing reang kepingini - yaiku ngajeni Gustine kene, Yesus Kristus, sing disalib. Ngliwati patine Yesus, hubungane reang ambek paran sing diajeni ning ndunya wis dadi pedot. Ndunya iki wis mati nang reang, ya reang wis mati nang ndunya.
15 Dadi, sing sunat utawa sing orak sunat, lelorone nanak gunane. Sing penting, kene dadi menungsa sing anyar. 16 Mandar muga Pengeran nggewehi ayem tentrem karo melasi wong kabeh sing manut nang aturan iku mau, ya pisan nang Israel anyar sing dadi duwek'e Pengeran.
17 Molai sak'iki, ajo sampek ana wong sing nyusahen reang soal rupa-rupa raga. Reang dewe nduwe cek'e catu-catu ning ragane reang sing mbuktek'en nek reang iki duwek'e Yesus.
18 Dulur kabeh, mandar muga welase Gustine kene, Yesus Kristus, mbarengi rohe sira. Amin.