Kristus wis mbebasen wong percaya teka hukum agama
5
Kristus wis mbebasen kene teka hukum agama kepe kene bebas. Mangkane ngadek'a jejek. Ajo dijaren awak'e sira dadi budak'e hukum agama sing mek bebani sira.2 Gatekna gunemane reang! Reang, Paulus, sira tak kandani: nek sira sing lanang melu guru-guru palsu, terus njaluk awak'e sira disunat, korbane Kristus nanak gunane gawe sira. 3 Sepisan maneh reang guneman nang saben wong sing ngejaren awak'e disunat: wong iku pancene kudu nuruti sak'kabehe hukum agama Ibrani teterusan. 4 Sira sing njajal dibeneren merga nglakoni hukum agama, sira wis dipisahen teka Kristus. Sira wis ninggalen welase Pengeran.
5 Tapi Rohe Pengeran nguwaten kene percaya nang janjine Pengeran. Dadi kene ngenteni temenan sampek janjine kene dibeneren dijangkepi. 6 Merga ning njerone Kristus Yesus, sunat utawa orak sunat, lelorone nanak gunane. Mek ana siji sing penting, kene kudu welas asih nang wong liya merga kene percaya nang Kristus.
7 Sira wis bener mlayu ning dalane iman. Sapa sing ngalang-ngalangi sira matuhi paran sing bener? 8 Golongan sing mentingen hukum agama iku orak teka Yesus sing wis nyeluk sira. 9 Ana paribasan ngenek'i wuruk'an sing orak bener, “Sak'titik ragi bisa ngembangen kabeh adonan.” 10 Wong-wong sing gawe sira bingung mesti bakale nanggung ukumane dewe. Tapi reang percaya nang Pengeran nek pikirane sira orak bakal malih.
11 Dulur kabeh, nek reang gek mbritak'en wong kudu disunat, ngapa kok reang gek disiksa wong Ibrani? Nek reang mbritak'en wong kudu disunat, ngapa kok wong Ibrani keganggu pesen salibe Kristus sing tak sampek'en? 12 Na, gawe golongane sunat sing gugat sira, luwih apik nek wong-wong iku ngebiri awak'e dewe!
13 Dulur-dulure reang, sira diceluk kepe dibebasen teka hukum agama. Tapikne bebas sing sira alami iku, ajo digawe kanggo nyenengen awak'e sira tok. Sewalik'e, sira kudu pada-pada ngladeni katek watek sing orak gendak sak'njerone welas asih. 14 Merga kabehe hukum agama wis diwakili prentah siji iki: “Welas asihana dulure sira memper sira melasi awak'e sira dewe.” 15 Awas! Ajo duwe watek memper kewan alas sing pada nyokot karo pada ngeleg siji nang sijine! Ajo sampek sira pada-pada musnahen.
Ajo urip nurut napsu ragane dewe tapi nuruta kekarepane Rohe Pengeran
16 Sak'iki reang guneman, uripa nurut Roh, terus sira orak bakal nuruti kekarepane raga sing jahat. 17 Mergane kekarepane raga iku nglawan kekarepane Roh. Ya sewalik'e kekarepane Roh nglawan kekarepane raga. Lelorone orak cocok. Merga iku, sira orak bisa nglakoni paran sing sira karepen. 18 Tapi nek sira dipimpin Rohe Pengeran, sira orak bakal dikuwasani maneh nang hukum agama.
19 Kekarepane raga sing jahat wis dinyatak'en:
seneng sing cabul, sing orak wajar, sing orak bisa dikuwasai.
20 Wong sing melu napsune nyembah sing sak'liyane Pengeran ambek nggolek ilmu ireng,
pada memusuhan, tukaran, iri nang wong liya, ngamuk'an, mentingen awak'e dewe, orak akor pikire, ya seneng adu-adu.
21 Napsu awak'e kepingin nduwe keduwenane wong liya, mateni wong, mabuk-mabuk'an, nglakoni jinah pas acara slametan, ambek dusa sing liya-liyane.
Ngenek'i kabeh iku, sira tak ilingen, persis biyen pas tak ilingen, nek sapa wae sing nglakoni iku mau orak bakal marisi Kerajaane Pengeran!
22 Tapikne woh sing diasilen Rohe Pengeran ning uripe sira yaiku:
welas asih, bungah-bungah, damang, sabar,
loman, seneng nglakoni sing apik, setia,
23 orak kasar nang wong liya, ya bisa nguwasai awak'e dewe.