Kene dadi anak'e Pengeran ngliwati Kristus
4
Maksute reang ngene: umpama ana lare sing kate marisi dunya branane bapakne. Masia dunya brana iku diaku duwek'e dewe, tapi sak'wene lare iku durung cukup umur, lare iku pada karo budak'e. 2 Lare iku kudu nurut nang wong sing ngrumati sampek wayah sing ditentok'en bapakne. 3 Ya ngono pisan, pas kene gek “durung cukup umur,” yaiku durung percaya, kene dadi budak'e roh-roh sing nguwasai ndunya. 4 Tapikne, pas wayah sing ditentok'en Pengeran wis jangkep, Pengeran ngutus Anak'e dewe. Anak iku dilairen teka wong wedok, ya dilairen dadi wong Ibrani sing kudu nurut nang hukum agama Ibrani. 5 Yesus lair kanggo mbebasen wong-wong sing urip ning isore bebane hukum agama, cekne kene bisa diangkat dadi anak'e Pengeran. 6 Merga sira dadi anak-anak'e Pengeran, Roh Anak'e diutus ning njerone atine sira cekne Roh iku nguwaten sira nyeluk Pengeran, “Abba,a Bapak.” 7 Sak'iki sira wis duduk budak maneh, tapi wis dadi anak'e Pengeran. Terus, nek sira wis dadi anak'e Pengeran, Pengeran nggenehi hak nang sira marisi sak'kabehe keduwenane Pengeran!Ajo gelem didadek'en budak maneh nang roh-roh ndunya
8 Biyen, pas sira gek durung ngenal Pengeran, sira iku dadi budak'e roh-roh ndunya sing sira sembah entah Pengeran, tapi asline duduk Pengeran. 9 Tapi sak'iki sira wis ngenal Pengeran, (tapi luwih tepak Pengeran sing ngenal sira). Nek ngono, ngapa sira gelem mbalik nang roh-roh ndunya sing nanak gunane karo orak kuwat? Apa sira kepingin didadek'en budak maneh nang roh-roh iku? 10 Ngapa sira nggatek'en dina-dina, wulan, wayah, ambek taun sing dianggep suci nang menungsa? 11 Reang wedi nek paran sing tak usahak'en cekne sira iku slamet dadi sia-sia.
12 Reang njaluk nang sira, dulur-dulur, dadia persis reang merga reang wis dadi persis sira. Sira orak duwe salah nang reang. 13 Sira wis weruh, biyen, pas awak'e reang lara, reang kepeksa mampir. Pas iku reang kawitane mbritak'en Kabar Apik nang sira. 14 Masia larane reang iku dadi cobaan gawe sira, tapi sira orak ngenyek utawa nolak reang. Sewalik'e, sira ngajeni reang, nganggep reang iki memper malaekate Pengeran, ya nganggep reang iki memper Kristus Yesus iku dewe. 15 Tapikne ngapa kok sak'iki sira orak seneng nang reang? Biyen, reang dadi saksi, sira sampek gelem nyukil mripate sira dewe, terus gewehi nang reang. 16 Apa reang malih dadi musuhe sira merga tak sampek'en paran sing bener?
17 Wong-wong Ibrani iku sregep marek'i sira, tapi niate wong iku elek. Wong-wong iku kepingin ngedohen sira teka kene, kepe sira pada katut melu wong-wong iku. 18 Nek sira dadi sregep iku orak salah, sing penting tujuane apik. Kudune pancene ngono, masia reang bareng utawa orak bareng sira. 19 Anak-anak'e reang sing tak tresnani, reang rumangsa lara, persis wong wedok sing kate nglairen. Reang lara ngenteni Kristus urip sak'temene ning njerone sira. 20 Reang nemen kangene, ya kepingin bareng ambek sira sak'iki. Sak'temene reang iki bonoh nang sira! Njare carane reang bisa nyampek'en maksute reang nang sira?
Hagar karo Sarah nggambaren hukum karo janji
21 Kandana nang reang, sira sing kepingin urip ning isore bebane hukum agama Ibrani! Apa sira orak ngerti isine? 22 Merga ana cerita ning Kitab Suci:b Abraham nduwe anak lanang loro, Ismael karo Isak. Ismael lair teka Hagar, budak'e Abraham. Isak lair teka Sarah, bojone sing sah tapi mandul, sing duduk budak. 23 Ismael dilairen ngliwati carane menungsa biasa. Tapikne Isak dilairen ngliwati janji teka Pengeran.
24 Cerita iku dadi paribasan: Wong wedok loro iku makili hukum agama karo janji berkah. Hukum agama digewehi nang wong Ibrani ning Pusung Sinai. Hukum iku ndadek'en wong-wong Ibrani dadi budak, memper Hagar iku mau. 25 Hagar iku nggambaren enggon loro: Sing siji, Pusung Sinai sing ana ning Arab - enggone wong Ibrani nerima hukum agama. Sing sijine kota Yerusalem sing ana ning Israel - panggonane wong Ibrani sing gek didadek'en budak nang hukum agama. 26 Tapikne Sarah nggambaren kota Yerusalem sing liya. Yerusalem iku ana ning swarga.† Memper Sarah sing bebas, kota iku orak tau dikuwasani peparan. Yerusalem ning swarga iku sing dadi ibu kotane kene.
27 Dadi Sarah sing mandul iku, diarani “emakne kene,” terus dibahas biyen ning Kitab Suci ngene,
“Bungaha, emak sing mandul, sing orak tau nglairen lare;
Melunga merga seneng, sira sing orak tau mbabaren;
Merga sing ditinggalen bojone bakale duwe anak sing luwih akeh,
ketimbang sing duwe bojo.” (Yesaya 54:1)
28 Dulur kabeh, sira sing oleh janjine Pengeran, ngentah Isak, anak'e Sarah iku. 29 Pas iku, Ismael, anak'e Hagar lair ngliwati carane menungsa biasa. Ismael iku nyiksa lare sing dilairen nurut kuwasane Roh. Iku ngono ya gek kedadean sampek sak'iki.c 30 Tapi paran sing diucapen Sarah ning Kitab Suci? “Nyingkiren budak iku mau ambek anak'e! Merga anak teka wong wedok sing budak iku orak bakal kedumen warisan bareng anak'e emak sing duduk budak.”† 31 Merga iku, dulur-dulur, kene kabeh duduk anak-anak teka emak sing dadi budak, tapikne teka emak sing bebas.