Kene dibeneren merga percaya nang Yesus, duduk merga nglakoni hukum agama
3
He sira, wong-wong Galatia sing goblok! Ning endi pikire sira? Sapa sing wis nyesaten sira? Wis jelas reang nyampek'en nang sira patine Yesus Kristus ning kayu salib. 2 Ana sing kepingin tak takok'en nang sira: Pas sira ngrungok'en Kabar Apik, njare carane sira nerima Rohe Pengeran? Apa nerima Roh iku merga sira nglakoni hukum agama katek usaha dewe? Utawa apa sira nerima Rohe Pengeran merga sira percaya nang Kabar Apik sing sira rungok'en? Pancene merga sira mek percaya! 3 Apa saking goblok'e sira? Sira wis ngawiti dalan iman iki ngliwati kuwasane Rohe Pengeran. Masak sira kate mungkasi dalan imane sira ngliwati usahane ragane sira dewe! 4 Sira wis akeh disiksa merga percaya nang Yesus. Tapi kabeh sara iku nanak gunane nek sak'iki sira malih orak percaya maneh. 5 Sepisan maneh reang takon, ngapa kok Pengeran nggenehi Rohe dewe nang sira? Ngapa kok Pengeran nglakok'en mujijat ning antarane sira? Apa merga sira nglakoni hukume agama? Duduk! Pengeran nggenehi Roh ambek nglakok'en mujijat merga sira percaya nang wekasan ngenek'i Yesus!
6 Sira kabeh pada karo Abraham sing percaya. Kitab Suci muni ngene, “Abraham percaya nang Pengeran. Merga iku Abraham dianggep bener terus diterima nang Pengeran.”
7 Sira kudu ngerti nek wong-wong sing percaya nang Pengeran diarani anak-anak'e Abraham. 8 Wis suwe sak'durunge Kabar Apik dinyatak'en, Kitab Suci nyeritak'en rancangane Pengeran kanggo nganggep wong-wong sing duduk Ibrani “bener” ngliwati iman. Pengeran nyampek'en Kabar Apik iku nang Abraham ngene, “Ngliwati sira, Reang bakale mberkahi sak'kabehe bangsa ning ndunya.” 9 Dadi, kabeh wong sing percaya nang Pengeran pada diberkahi bebarengan karo Abraham, wong sing percaya iku.
10 Kabeh wong sing kepingin dadi bener merga nglakoni sak'kabehe hukum agama Ibrani bakale kenek walat. Kitab Suci unine ngene, “Sapa wae sing orak sempurna nglakoni paran wae sing ditulis ning kitab hukum agama Ibrani bakale kuwalat.” 11 Pancene nanak wong sing dadi bener ning ngarepe Pengeran merga nglakoni hukum agama nggawe usaha dewe. Ngapa? Kitab Suci unine ngene, “Wong sing dianggep bener bakal urip ngliwati percaya nang Pengeran.”
12 Hukum agama orak duwe dasar sing asale teka iman. Sewalik'e hukume iku unine ngene, “Wong sing nglakoni hukum agama bakale urip nek dilakoni.” 13 Tapi Kristus wis nebus kene teka hukum agama iku sing malati. Sira ditebus merga Yesus dewe nanggung kuwalat iku. Wacanen tulisan ning Kitab Suci iki, “Sapa wae sing digantung ning kayu oleh kuwalat teka Pengeran.” 14 Yesus Kristus nebus kene teka walat iku cekne berkah sing dijanjek'en nang Abraham bisa digewehen nang wong sing duduk Ibrani pisan. Apa maneh, ngliwati percaya nang Yesus, kene bisa nerima Rohe Pengeran sing dijanjek'en iku.
Janjine Pengeran ambek Hukum Agama
15 Dulur kabeh, reang gawe conto teka urip saben dina. Umpamane ana janji sing digawe wong loro, terus janji iku wis diarani sah. Nanak wong sing bisa murungen utawa nambahi paran wae sing ana njerone janji iku. 16 Iku pada karo janjine Pengeran nang Abraham ambek “wijine,” yaiku keturunane sing tunggal. Kitab Suci orak muni nek janji iku digewehi, “nang wiji-wijine” Abraham. “Wiji-wiji” tegese akeh keturunan. Tapikne Kitab Suci muni nek janji iku digewehi “nang wijine” Abraham. “Wiji” sing siji iku tegese wong siji, yaiku Kristus.
17 Maksute reang ngene: Pengeran nggenehi hukum agama nang wong Ibrani 430 taun sak'marine Pengeran nggenehi janji iku nang Abraham. Dadi, hukum iku orak bisa murungen janji iku sing wis ditetepen nang Pengeran. Janji sing kawitan iku mau orak bisa di'ilangen. 18 Pengeran njanji nek kate mberkahi Abraham. Kene sing marisi janji berkah iku. Nek berkah iku diterima merga Abraham nglakoni hukum, iku tegese kene kudu nggawe usaha dewe nglakoni hukum iku cekne oleh berkah iku. Nek ngono iku wis orak janji maneh, tapi ganjaran. Tapikne, Pengeran nggewehen berkah iku nang Abraham orak pamrih. Janji iku dijangkepi Pengeran dewe, iku duduk ganjaran.
19 Dadi, ngapa hukum agama iku ditambahen? Hukum iku ditambahen kanggo ndudohen dusa-dusane menungsa, sampek wijine Abraham sing dijanjek'en iku teka. Pengeran nggewehi hukum agama nang Musa ngliwati malaekat. Maringono Musa nyampek'en hukum iku nang wong Ibrani, merga Musa makili Pengeran. 20 Tapi nek janji iku mau, mek wong siji, yaiku Pengeran dewe, sing nyampek'en janji iku nang Abraham. Dadi wong wakil iku orak dibutuhen.
21 Nek ngono, apa hukum agama iku nglawan janjine Pengeran? Ya orak! Nek ana sesijia prentah ning hukum agama sing bisa nggewehi urip, wong bisa dibeneren ngliwati nglakoni hukum agama iku. 22 Tapi, Kitab Suci nyampek'en nek sembarang kalir ning ndunya wis dikuwasani dusa. Merga iku, mek ana siji dalan kanggo nerima janji berkah sing digewehi Pengeran nang Abraham. Janji iku digewehen nang sapa wae sing percaya nang Yesus Kristus.
Anak'e Pengeran
23 Sak'durunge wayahe percaya nang Yesus teka, kene dikurung nang hukum agama. Kene ning bui iku sampek wayahe kene bisa percaya nang Yesus dinyatak'en. 24 Dadi hukum agama iku memper guru sing nuntun kene sampek Kristus teka. Sak'iki, kene dibeneren merga percaya nang Kristus. 25 Dadi kene orak dituntun hukum agama iku maneh. Sak'iki kene wis bisa percaya nang Yesus. 26 Merga percaya nang Kristus Yesus, sira kabeh wis dadi anak-anak'e Pengeran. 27 Sira kabeh sing dibaptis ning njerone Kristus wis gawe watek'e Kristus entah sira gawe sandangan. 28 Sak'iki nanak wong Ibrani utawa wong duduk Ibrani. Nanak budak utawa jeragan. Nanak wong lanang utawa wedok. Kene kabeh dadi siji ning njerone Kristus Yesus. 29 Sira wis dadi duwek'e Kristus. Merga iku sira pisan ya dadi anak putune Mbah Abraham, terus nduweni hak marisi janji berkah iku mau.