Paulus diakoni dadi utusane Yesus
2
Sak'marine patblas taun, reang, Paulus, budal maneh nang kota Yerusalem. Reang budal bareng Barnabas, terus Titus melu pisan. 2 Reang budal merga nuruti wangsit teka Pengeran. Reang pisan kepingin campuh pemimpin-pemimpin sing diajeni, tapi dewe, orak bareng wong liya. Reang njelasen nang wong-wong iku Kabar Apik sing tak sampek'en nang wong sing duduk Ibrani. Nyatane wong-wong iku setuju nang paran sing tak sampek'en. Reang kepingin mastek'en nek paran sing tak sampek'en iku, sing maune utawa sing sak'iki, dadi pesen sing orak keliru.3 Masia Titus, sing mbarengi reang iku, asale bangsa Yunani, tapi Titus orak dipeksa nang pemimpin-pemimpin iku kanggo disunat. 4 Sunat iku didadek'en masalah merga ana pepirang wong percaya palsu sing nyusup melu mlebu kumpulane kene. Wong-wong iku meneng-meneng ndeleng njare Kristus Yesus mbebasen kene teka hukum agama. Wong-wong iku kepingin ndadek'en kene budak maneh nang hukum agama. 5 Tapikne kene tetep kuwat, ya orak nyerah nang wong-wong iku sak'tetitik'a. Sing penting, Kabar Apik sing bener iku tetep dijaga kepe orak sampek malih.
6 Nyatane, wuruk'ane reang orak diarani kurang peparan nang pemimpin-pemimpin sing diajeni. (Tapi sak'jane derajate wong-wong iku orak kosi penting kanggo reang. Pengeran orak mbena.) Wong-wong iku orak nambah peparan nang pesen Kabar Apik sing tak sampek'en. 7 Sewalik'e pemimpin-pemimpin iku ngakoni nek reang dipercayak'en kanggo nyeritak'en Kabar Apik nang wong-wong sing orak disunat, yaiku wong sing orak ngerti agama Ibrani. Penggaweane reang iku pada karo Petrus, sing dipercayak'en nggawa Kabar Apik nang wong-wong sing disunat, yaiku sing maune melu agama Ibrani. 8 Pengeran nggenehi kuwasa nang Petrus, ya ngutus Petrus kanggo wong-wong Ibrani sing disunat. Ya uga ngono, Pengeran nggenehi kuwasa nang reang, dadi utusane Yesus nang wong-wong duduk Ibrani, sing orak disunat.
9 Yakobus, Petrus ambek Yohanes diajeni wong percaya merga diarani cagak imane kene. Wong telu iku ngakoni nek Pengeran nggenehi welas nang reang kanggo nyampek'en Kabar Apik. Mangkane reang karo Barnabas diterima entah dulur. Wong telu iku ya sepakat pisan nek reang karo Barnabas kudu nyampek'en Kabar Apik nang wong-wong sing duduk Ibrani. Terus wong telu iku bakal nyampek'en Kabar Apik nang wong Ibrani. 10 Ana siji sing wong telu iku njaluk nang reang karo Barnabas, yaiku nggatek'en wong percaya ning Yerusalem sing mlarat. Pancen penggawean ngono iku sing tak senengi temenan.
Paulus ndudohen salahe Petrus
11 Pas Petrus teka ning Antiokia, reang terang-terangan nentang Petrus, merga Petrus pancene salah. 12 Ngene kedadeane: pas Petrus marani umate Yesus ning kota Antiokia, Petrus kulina kumpul ambek mangan bareng wong sing duduk Ibrani. Maringono golongane Yakobus sing maune melu agama Ibrani teka ning Antiokia. Salahe Petrus, yaiku langsung ngedoh teka wong-wong sing duduk Ibrani iku, merga wedi. Petrus wedi nang golongane wong sunat, yaiku sing melu agama Ibrani. 13 Sak'marine Petrus apen-apen gek melu agama Ibrani, wong percaya liyane sing maune melu agama Ibrani ya nirok'en Petrus. Sampek-sampek Barnabas dadi wedi pisan, terus orak mangan bareng wong sing duduk Ibrani.
14 Pas reang ndeleng Petrus ambek wong-wong iku nyimpang teka paran sing bener ngenek'i Kabar Apik, reang langsung ngomong ning ngarepe wong akeh iku, “Petrus, sira iku wong Ibrani, tapikne sira urip memper wong duduk Ibrani. Ngapa sira kok meksa wong sing duduk Ibrani, dikongkon urip memper wong Ibrani?”
Wong Ibrani ambek duduk Ibrani pada dislameten merga percaya
15 Kene lair procot anak putune wong Ibrani, duduk wong ‘dusa’ sing teka bangsa liyane. 16 Tapi kene weruh nek menungsa orak bisa dibeneren nang Pengeran merga nglakoni hukum agama. Sapa wae mek dibeneren merga percaya nang Yesus Kristus. Apa maneh, kene, sing maune melu agama Ibrani, ya pada wae dibeneren nang Pengeran merga percaya nang Yesus Kristus, duduk merga nurut nang hukum agama Ibrani. Nanak wong sesijia sing dianggep bener ning ngarepe Pengeran merga nurut nang hukum agama Ibrani.
17 Kene, wong-wong Ibrani, percaya nang Kristus cekne dianggep bener ning ngarepe Pengeran. Iku mau nyatak'en nek kene iki ya wong dusa. Tapi dusa iku asale teka endi? Apa tah dusa iku asale teka Kristus? Orak! 18 Nek kene mbalik maneh nang hukum agama sing wis kene rutuhen, pancene reang didadek'en wong dusa.
19 Nurut hukum agama reang dibuktek'en salah, sampek reang pantes diukum pati. Dadi reang wis mati bebarengan karo Kristus ning kayu salib. Reang dadi entah wong mati gawe kuwasane hukum agama iku kepe reang bisa urip kanggo Pengeran. 20 Dadi sak'iki duduk reang maneh sing urip, tapikne Kristus sing urip ning njerone awak'e reang. Terus uripe reang sak'njerone raga sing sak'iki iki, tak lakoni merga percaya nang Anak'e Pengeran. Yesus iku sing wis melasi reang, terus masrahen Awak'e kanggo nyelameten reang. 21 Reang orak nampek welase Pengeran. Nek'e kene bisa diarani bener nang Pengeran merga nglakoni hukum agama, patine Kristus nanak gunane.