Surate Paulus nang umate Yesus ning daerah Galatia
Galatia
Salam teka Paulus
1
Reang iki Paulus, sing diutus Pengeran dewe - orak diutus menungsa, ya orak ngliwati uwong, tapikne ngliwati Yesus Kristus, ya uga ngliwati Pengeran, Bapakne kene. Pengeran iku sing nguripen Yesus teka pati. 2 Reang nulis surat iki bebarengan karo kabeh dulur-dulur sak'iman ning kene nang umate Yesus ning daerah Galatia.a
 
3 Mandar muga Pengeran, yaiku Bapakne kene, karo Gusti Yesus Kristus nggewehi welas ambek ayem tentrem ning atine sira.
 
4 Yesus iku sing ngorbanen Awak'e Dewe gawe nyepura dusa-dusane kene kabeh, cekne kene dislameten teka ndunya sing jahat iki. Korbane Yesus iku mau persis kekarepane Pengeran, Bapakne kene. 5 Mek Pengeran dewe sing pantes dipuji sak'lelawase. Amin.
Mek ana siji Kabar Apik
6 Reang gawok nang sira! Ngapa kok cepet temen sira ninggalen Pengeran sing wis nyeluk sira kanggo urip dadi wong sing ngrasak'en welase Kristus, sampek sira malih percaya nang “Kabar Apik” liyane. 7 Nyatane sing jere “Kabar Apik” iku duduk Kabar Apik sing sejati. Rupane ana wong-wong sing njajal ngrubah Kabar Apik'e Kristus sing wis sira percayani sampek sira dadi bingung. 8 Umpamane ana wong, masia kene, utawa malaekat teka swarga, sing nyeritak'en “Kabar Apik” sak'liyane Kabar Apik sing wis kene ceritak'en nang sira, wong iku bakale kuwalat teka Pengeran! 9 Persis sing wis tak sampek'en, sak'iki reang guneman maneh: Nek ana sing nyeritak'en “Kabar Apik” nang sira sak'liyane Kabar Apik sing wis sira terima, wong iku bakale kuwalat teka Pengeran!
10 Apa sak'iki reang kepingin nyenengen atine menungsa utawa nyenengen atine Pengeran? Nek reang gek kepingin nyenengen atine menungsa, tegese reang duduk wong sing ngladeni Kristus.
Paulus orak nerima Kabar Apik teka menungsa tapi langsung teka Yesus dewe
11 Dulur kabeh, sira kudu weruh Kabar Apik sing tak ceritak'en iki asale duduk teka menungsa. 12 Reang orak nerima Kabar Apik iku teka sesapa, ya nanak sing muruk'i. Yesus Kristus dewe sing nyatak'en Kabar Apik iku nang reang.
13 Sira rak wis krungu cara uripe reang biyen pas gek melu agama Ibrani. Sira rak wis weruh cara reang biyen nyiksa mbarek njajal musnahen umat pilihane Pengeran. 14 Ngenek'i agama Ibrani, reang luwih giat ketimbang kanca-kanca ning antarane wong Ibrani sing sak'umuran karo reang. Reang sing paling sregep njaga adat istiadate mbah buyute reang. 15 Tapikne Pengeran milih reang sak'durunge lair. Terus Pengeran nyeluk reang kanggo nerima welase. 16 Pengeran seneng ndudohen Anak'e ning njero atine reang kepe reang bisa nyeritak'en Yesus nang wong-wong sing duduk Ibrani. Pas Anak'e dinyatak'en nang reang, reang orak ndang-ndang njaluk wejangan teka sesijia wong. 17 Reang pisan ya orak budal nang Yerusalem kanggo ketemu wong-wong sing dadi utusane Yesus sak'durunge reang. Tapikne reang malah budal nang Arab. Maringono reang mbalik nang kota Damsik.
18 Telung taun sak'marine Yesus ndudohen Awak'e dewe nang reang, reang budal nang Yerusalemb nyambangi Petrus.c Reang nginep ning kono limalas dina lawase. 19 Reang orak campuh sesijia utusan-utusane Yesus liyane, kejaba Yakobus, dulure Gusti Yesus. 20 Sak'temene, ning ngarepe Pengeran, paran sing tak tulis nang sira iki duduk gorohan.
21 Sak'marine iku reang budal nang daerah Siria karo Kilikia. 22 Reang dewe iki ya durung tau campuh kumpulan-kumpulane wong percaya ning Yudea. 23 Wong-wong iku mek krungu ngenek'i reang ngene: “Wong sing biyen nyiksa kene mbarek njajal musnahen imane kene, sak'iki malah nyeritak'en iman sing kene yakini.” 24 Terus wong-wong iku muji Pengeran merga reang dadi percaya nang Yesus.