Surate Paulus nang umate Yesus ning kota Filipi
Filipi
Bebuka
Ngapa kok surat iku ditulis?
Paulus nulis surat iki kurang luwih taun 65 Masehi teka bui ning kota Roma. Umate Yesus ning Filipi krungu nek Paulus ana ning bui, terus ngutus Epafroditus cekne nggawa picis nang Paulus. Tapi ning tengah mlakune, Epafroditus dadi lara, ya meh mati. Ahire Epafroditus nemok'en Paulus, terus dadi waras.
Paulus nulis surat iki cekne nedanerima nang wong percaya ning Filipi. Paulus kepingin pisan ngutus Epafroditus sing wis waras mbalik nang Filipi cekne wong Filipi orak kuwatir. Paulus nulis ning surat iki nek wong Filipi sing ngirim picis nang wong sing penggaweane nyampek'en Kabar Apik pada karo nyambut gawe bareng ngladeni Yesus.
Tema : Nyambut gawe bareng kanggo nyampek'en Kabar Apik bakal nggawe bungahe sira tambah gede.
Ayat kunci: 1:5 - Reang seneng merga sira wis nyambut gawe bareng reang gawe nyebaren Kabar Apik, molai dina kawitan sira percaya sampek sak'iki.
Isine
1. Salam karo dunga teka Paulus (1:1 - 11)
2. Paulus bisa bungah masia ning bui (1:12 - 30)
3. Yesus iku Panutane kene kanggo ngladeni (2:1 - 30)
4. Jejaga'a nang wong sing nglawan Kabar Apik (3:1 - 21)
5. Paulus nedanerima (4:1 - 23)