Surate Paulus nang umate Yesus ning kota Filipi
Filipi
Salam
1
Kene, yaiku Paulus mbarek Timotius, sing didadek'en abdine Kristus Yesus. Kene ngirim surat iki nang sira: umat pilihane Pengeran ning kota Filipi sing dadi siji ambek Kristus Yesus, bebarengan pendeta-pendeta karo re-rewange pendeta-pendeta iku mau.2 Mandar muga Pengeran, Bapakne kene, karo Gusti Yesus Kristus nggewehi welas karo ayem tentrem nang sira.
Paulus dunga mbarek nedanerima
3 Reang, Paulus, nedanerima nang Pengeran saben wayah reang iling sira. 4 Saben wayah reang ndedunga kanggo sira kabeh, atine reang mesti bungah. 5 Reang seneng merga sira wis nyambut gawe bareng reang gawe nyebaren Kabar Apik, molai dina kawitan sira percaya sampek sak'iki. 6 Pengeran ngawiti penggawean sing apik njerone sira. Reang yakin Pengeran kate nerusen penggawean iku mau sampek jangkep, ya sampek dinane Kristus Yesus teka.
7 Pancene pantes reang mikir ngono nang sira. Merga sira kabeh wis dadi rewange reang sak'njerone welase Pengeran. Sira ngrewangi reang wektu dirante ning bui utawa wektu reang mbela karo mbuktek'en nek Kabar Apik iku bener. Merga iku, sira kabeh ana ning atine reang. 8 Pengeran sing dadi saksine reang, nek reang kangen sira kabeh. Reang welas asih nang sira nggawe welas asih sing digewehi Kristus Yesus.
9 Reang dunga kepe welas asihe sira bakale tambah luwih akeh terus dijangkepi kaweruh sing bener ambek sak'maceme pengerten. 10 Nek ngono, sira bakale weruh paran sing apik. Terus sira bakale dadi wong sing murni karo nanak salahe pas dinane Kristus teka. 11 Sira bakale dibek'i wohe panguripan sing bener, sing diasilen teka Yesus Kristus. Kabeh iku nggawa kamulyan mbarek pujian nang Pengeran.
Paulus mbungah merga Kabar Apik disampek'en
12 Dulur kabeh, reang kepingin sira kabeh weruh iki. Masia reang sak'iki ana ning bui, nyatane kedadean iki mbukak dalan kanggo nyampek'en Kabar Apik. 13 Sing jelas, reang dirante ning bui iki merga reang dadi saksine Kristus. Kabeh wong bebarengan prajurit sing jaga ning kratone Raja Gede Roma, pada weruh. 14 Tapi akeh dulur sak'iman tambah kendel njerone Gusti Yesus merga reang ana ning bui iki. Wong-wong iku orak wedi tapi tambah wani nyeritak'en Kabar Apik.
15 Pancene bener ana sing nyeritak'en Kristus merga iri ambek saing. Tapikne sing liyane nyampek'en Kristus nggawe maksut sing apik. 16 Sing duwe maksut apik nyampek'en Kristus merga welas asih. Wong-wong iku weruh reang ana ning bui iki cekne mbela Kabar Apik. 17 Tapikne sing liyane nyampek'en Kristus mek kanggo mentingen awak'e dewe. Wong-wong iku mau nyeritak'en Kristus gawe alasan sing orak murni. Wong-wong iku mikir bisa nggawe nambahi susahe reang pas ning bui iki. 18 Tapikne kekarepane wong-wong iku orak penting. Sing penting iki: Kristus tetep disampek'en, emboh iku merga kekarepan sing bener utawa sing orak bener. Mangkane reang bungah. Ya reang bakal bungah teterusan.
19 Merga Reang weruh nek reang bakale dibebasen ngliwati dungane sira, ya ngliwati pitulungane Rohe Yesus Kristus. 20 Sing tak enteni, ya tak arepen, yaiku, reang orak duwe isin masia ning bui. Reang malih kendel temenan cekne Kristus bakale dimulyak'en ngliwati reang, masia reang urip utawa mati. 21 Gawe reang, urip iku mek kanggo ngladeni Kristus. Terus nek reang mati iku ya untung. 22 Nek'e reang terus urip ning ragane reang, reang bakale nerusen penggaweane reang. Iku bakale ngasilen akeh woh. Tapi, paran sing kudu tak pilih? Reang orak weruh! 23 Reang orak bisa mutusen. Karepe reang, kepingin ninggalen ndunya iki terus urip bareng Kristus. Pancene iku sak'temene luwih apik. 24 Tapikne sing luwih penting gawe sira, yaiku reang tetep urip ning ndunya iki. 25 Sing tak yakini, reang bakale tetep urip ning ndunya bareng sira kabeh cekne imane sira tambah kuwat, ya tambah bungah merga percaya nang Gusti Yesus. 26 Reang yakin reang bakale nglumpuk karo sira maneh. Dadi sira bakale ngagungen Kristus Yesus luwih maneh merga reang.
Urip pantes nurut Kabar Apik
27 Dadi, uripa sing pantes pada karo pesene Kabar Apik teka Kristus. Terus, nek reang teka ambek ndeleng dewe, utawa mek ngrungok'en kabar, reang bisa weruh nek sira iku pancet kuwat njerone siji Roh. Duwea siji tujuan, yaiku usaha cekne wong sing percaya nang Kabar Apik tambah akeh. 28 Dadi, ajo wedi nang paran wae teka wong-wong sing musuhi sira. Iki bakale ndudohen nang wong-wong iku nek wong-wong iku bakale dimusnahen, terus sira bakale dislameten. Iku sing bakale dilakok'en Pengeran gawe sira. 29 Merga, Pengeran ngestoni sira orak mek percaya nang Kristus Yesus, tapikne sira uga disiksa kanggo Kristus pisan. 30 Sak'iki sira wis ngalami lawanan sing pada karo sira tau ndeleng sak'njerone reang, ya pada sing sira rungok'en tak alami sak'iki.