Surate Paulus nang umate Yesus ning kota Kolose
Kolose
Bebuka
Ngapa kok surat iki ditulis?
Pas ning njero bui, Paulus krungu nek ana kumpulane wong sing percaya nang Yesus ning kota Kolose. Kota iku ana ning daerah Yunani, duduk Ibrani. Terus, masia Paulus durung tau nang kota iku, Paulus nulis surat iki kanggo nguwaten imane umate Yesus sing ana ning kono. Surat iki ditulis kurang luwih taun 61 Masehi.
Tema: Wong percaya dadi ragane Yesus, terus Yesus sing dadi Ndase. Wong percaya iku kudu tumbuh sak'njerone ragane Yesus cekne dadi kuwat ya bisa nolak wuruk'an sing orak bener.
Ayat kunci : 2:6-8 - Sira wis nerima Kristus Yesus dadi Gustine sira dewe. Merga iku, uripe sira kudu nuruti kekarepane Yesus. Uripe sira kudu temoyot ning njerone Yesus, terus ya dibangun ning duwure Yesus dewe. Terus sira kudu tambah kuwat imane sing wis diwuruk'en nang sira. Apa maneh, atine sira kudu saben wayah nedanerima. Sira kudu sing ati-ati! Ajo sampek ana sing ngukep sira gawe wuruk'an goroh sing duduk asale teka Kristus Yesus, tapikne asale teka mbah buyut biyen karo roh-roh jahat sing nguwasani ndunya.
Isine
1. Salam karo dunga teka Paulus (1:1-13)
2. Kristus Yesus sing paling agung (1:15-23)
3. Penggaweane Paulus gawe wong sing melu Yesus (1:23 - 2:5)
4. Urip ning Kristus (2:6-15)
5. Sing melu Yesus orak kecekel adate menungsa (2:16 - 3:4)
6. Menungsa sing anyar (3:5-17)
7. Carane rukun ning njerone umah (3:18 - 4:6)
8. Paulus nutup surat nggawe salam (4:7-18)