Surate Paulus sing kawitan nang umate Yesus ning kota Tesalonika
1 Tesalonika
Bebuka
Ngapa kok surat iki ditulis?
Sak'marine Paulus dadi percaya, Paulus mlaku sak'ubenge kerajaan Roma nyampek'en Kabar Apik ngenek'i Yesus. Ning mlakune nomer loro (Riwayate Utusane Yesus pasal 17) Paulus karo Silas teka nang kota Tesalonika. Ning kono ana akeh wong sing dadi percaya, tapi ya ana wong sing nglawan. Paulus ambek Silas ndang-ndang budal cekne slamet teka wong sing kepingin nyiksa Paulus. Maringono Paulus wedi imane wong Tesalonika bakale goyah merga wong sing nglawan iku mau. Dadi Paulus ngongkon Timotius mrana. Nyatane wong Tesalonika gek ngadek teguh percaya nang Yesus. Saking senenge, Paulus nulis surat sing kawitan iki kurang luwih taun 51 Masehi. Pesene Paulus nang wong Tesalonika: Maju terus!
Tema: Wong percaya ning kota Tesalonika kudu urip suci ambek ngenteni tekane Gusti Yesus ping pindone.
Ayat kunci : 3:13 - Mandar muga Pengeran nguwaten atine sira kabeh kepe sira orak ciri watek'e, ya dadi suci ning ngarepe Pengeran, Bapakne kene, pas tekane Gusti Yesus bebarengan kabeh wong sing suci.
Isine
1. Salam (1:1)
2. Asile Penggaweane Paulus (1:2-10)
3. Penggaweane Paulus ning Tesalonika (2:1-12)
4. Paulus rumangsa bungah merga wong-wong percaya ning Tesalonika (2:13-20)
5. Penggaweane Timotius (3:1-13)
6. Wulangan sing apik kepe uripe orak ciri lakune (4:1-12)
7. Tekane Gusti Yesus (4:13-18)
8. Sira kudu Jejaga (5:1-11)
9. Pituturane sing ahir (5:12-22)
10. Paulus nutup surat nggawe salam (5:23-28)