Surate Paulus ping pindo nang umate Yesus ning kota Tesalonika
2 Tesalonika
Bebuka
Ngapa kok surat iki ditulis?
Sak'marine Paulus dadi percaya, Paulus mlaku sak'ubenge kerajaan Roma nyampek'en Kabar Apik ngenek'i Yesus. Ning mlakune nomer loro (Riwayate Utusane Yesus pasal 17) Paulus karo Silas teka nang kota Tesalonika. Ning kono ana akeh wong sing dadi percaya, tapi ya ana wong sing nglawan. Pepirang suwe sak'wise ninggalen kota Tesalonika, Paulus nulis surat sing kawitan nang wong percaya ning Tesalonika pas taun 51 Masehi.
Sak'marine iku, Paulus krungu nek umate Yesus ning Tesalonika gek disiksa. Apa maneh, umat iku oleh wuruk'an sing keliru. Guru-guru palsu guneman nek Yesus wis teka ping pindone. Merga iku, Paulus nulis surat sing nomer loro iki kanggo nguwaten wong percaya ning kota Tesalonika sak'njerone paran sing bener. Surat iki ditulis kurang luwih taun 52 Masehi.
Tema : Umate Yesus ning kota Tesalonika kudu nerusen penggaweane sing apik merga percaya ambek ngenteni tekane Gusti Yesus ping pindone.
Ayat kunci: 2:16-17 - Gustine kene, Yesus Kristus, ambek Pengeran, Bapakne kene, wis welas asih nang kene. Ngliwati welas, atine kene wis ditambani sak'lelawase merga kene ngenteni janji sing apik. Mandar muga Pengeran nambani atine sira ambek nguwaten sira sak'njerone paran wae apik sing sira lakoni utawa guneman.
Isine
1. Salam karo dunga teka Paulus (1:1-4)
2. Pengeran bakale ngukum wong jahat (1:5-12)
3. Tekane “Wong sing Jahat” (2:1-12)
4. Wong percaya bakale dislameten (2:13-17)
5. Dungane Paulus (3:1-15)
6. Paulus nutup surat nggawe salam (3:16-18)