Sira kudu jejaga
5
Dulur kabeh, nanak gunane kene tulisen ngenek'i kapan tekane Gusti Yesus, merga nanak sing weruh. 2 Sira kabeh wis weruh nek dina tekane Gusti bakale mara-mara teka, memper maling sing teka pas tengah wengi. 3 Wong kate mikir sak'kabehe apik-apik, ayem-ayem wae, mara-mara ana kedadean blai sing orak disangka-sangka. Kedadean iku memper wong wedok sing kelaran pas kate nglairen - memara teka, terus nanak sing bisa luput. 4 Tapikne sira, dulur-dulur, orak urip ning pepeteng. Dadi, dina tekane Gusti iku orak ngageti sira memper maling. 5 Sira orak bakal kaget merga sira sing percaya diarani anak-anak awan, ya anak-anak padang. Kene orak asale teka bengi. Kene duduk duwek'e pepeteng.6 Merga iku, ajo kene kabeh urip memper wong sing orak sadar, tapikne sing jejaga'a, ya nguwasai awak'e dewe. 7 Wong sing turu, turune pas wayahe bengi. Sing mabuk, mabuk pas wayahe bengi. 8 Tapikne kene iki wong-wong awan, awak'e dewe kudu sadar. Ayo ngayomi awak'e nggawe iman karo welas asih entah klambi wesi. Terus nganggok'en helem yaiku slamet sing wis sira enteni. 9 Pengeran orak milih kene gawe nerima amuk'ane, tapikne Pengeran milih kene kanggo dislameten merga kene percaya nang Gusti Yesus Kristus. 10 Yesus wis mati gawe kene. Dadi masia awak'e dewe iki urip utawa mati, awak'e dewe bakale urip sak'lelawase bareng karo Gusti Yesus. 11 Merga iku, sira kudu pada nguwaten siji nang sijine. Mbangunen siji nang sijine, ngentah sing wis sira lakoni.
Tuturan pungkasan
12 Dulur kabeh, sing tak jaluk, yaiku sira kabeh pada ngajeni nang wong-wong sing nyambut gawe temenan mimpin sira ning dalane Yesus. Wong iku mulang sira cekne nurut kekarepe Gusti Yesus, ya ngilingen sira soal paran sing bener. 13 Ajenana wong-wong iku. Welas asihana wong-wong iku merga penggaweane kanggo Gusti Yesus. Uripa sing rukun bareng siji nang sijine.
14 Dulur kabeh, reang njaluk sira ngilingen wong sing orak gelem nyambut gawe. Kuwatna wong sing lemes atine. Tulungana wong sing orak kuwat. Sing sabar nang kabeh wong. 15 Ajo sampek ana sing bales jahat karo jahat, tapikne usahakna urip apik nang wong siji nang sijine sing percaya, uga ya nang kabeh wong. 16 Bungaha teterusan. 17 Dedunga'a saben wayah. 18 Paran wae sing kedaden, nedanerima'a. Kabeh iku-iku sing dadi kekarepane Pengeran kanggo wong sing percaya nang Kristus Yesus. 19 Ajo nolak penggaweane Rohe Pengeran. 20 Ajo ngremehen pesene Pengeran sing disampek'en. 21 Jajalen kabeh wulangan sing disampek'en. Turuten paran sing apik. 22 Adohna awak'e dewe teka paran wae sing jahat.
Paulus nutup surat nggawe salam
23 Mandar muga Pengeran, sumbere damang iku, ndadek'en sira suci sak'temene. Mandar muga raga, jiwa ambek rohe sira dijaga kepe nanak salahe sampek tekane Yesus Kristus, Gustine kene. 24 Pengeran iku setia. Pengeran, sing milih sira, bakal nglakoni kabeh iku mau.