Urip sing nyenengen Pengeran
4
Dulur kabeh, sak'iki reang kate nulis ngenek'i cara urip sing apik. Kene wis nggenehi conto nang sira njare carane urip nyenengen Pengeran. Sira pancene wis urip nyenengen Pengeran, tapi nggawe kuwasane Gusti Yesus, kene njaluk temenan, ya nyurung sira, lakonana iku sing luwih temenan maneh. 2 Sira ya wis weruh pesen sing wis kene gewehen nang sira iku nggawe kuwasane Gusti Yesus. 3 Merga iki kekarepe Pengeran: sira kudu urip suci, yaiku orak marek'i dusa cabul. 4 Pengeran kepingin sira kabeh sinau nguwasai awak'e sira dewe. Sira kudu urip nggawe cara sing suci, ya sing pantes diajeni. 5 Ajo urip nurut kekarepe hawa napsu, persis sing dilakoni wong-wong sing orak kenal Pengeran. 6 Ajo sampek sira nglarani utawa ngrugik'en dulur sing percaya Yesus merga dusa iku mau. Gusti bakale ngukum sapa wae sing nglakoni kabeh dusa iku. Kene wis nggenehi weruh ambek ngilingen sira soal iki. 7 Merga Pengeran milih kene kanggo urip murni. Pengeran kepingin kene dadi suci. 8 Merga iku, sapa sing nolak aturan iki kabeh, orak nolak menungsa, tapi nolak Pengeran sing wis nggewehen Rohe dewe sing suci nang sira.9 Kene orak perlu nuturi sira soal welas asih nang wong liya. Pengeran dewe wis mulang sira njare welas asih nang wong liya. 10 Sira wis welas asih nang dulur-dulur ning sak'kabehe daerah Makedonia. Tapi kene nuturi sira, dulur-dulur, cekne luwih temenan maneh welas asih sak'pepadane. 11 Sira kudu ngrekadaya cekne bisa urip tentrem ambek rukun. Sira kudu ngurusi penggaweane sira dewe. Nyambut gawe'a katek tangane sira dewe, persis pesene kene maune. 12 Nek sira nglakoni ngono, uripe sira bakal diajeni wong sing orak percaya nang Yesus. Apa maneh, sira orak bakal mbutuhen peparan teka wong liya.
Wong percaya sing wis mati
13 Dulur kabeh, kene kepingin sira ngerti nang wong-wong sing wis mati, kepe sira ajo susah persis wong-wong liya sing orak ngenteni swarga. 14 Merga kene percaya Yesus wis mati, terus wis urip maneh, mangkane kene percaya pisan kabeh wong percaya sing mati bakal diuripen maneh, terus urip bareng-bareng Yesus. 15 Nurut wulangane Gusti Yesus, kene nyampek'en iki nang sira: wong-wong sing wis mati bakal munggah campuh Gusti ndikik'i. Terus kene sing gek urip, sing gek kari sampek wayah tekane Gusti, bakal munggah sak'marine. 16 Gusti Yesus dewe bakale mudun teka swarga, terus memelung prentah. Pas iku bakale ana suwarane malaekat agung, ya ana unine slompretea Pengeran. Wong-wong sing percaya nang Kristus sing wis mati iku bakal urip maneh, terus munggah ndiki'i kene sing gek urip. 17 Sak'marine iku mau, kene sing urip, sing gek kari, kate diunggahen bareng-bareng wong-wong iku mau ning njerone mendung ambek mapak Gusti ning nduwuran. Ya iku mau kene kabeh bakal bareng-bareng ambek Gusti Yesus sak'lawase. 18 Merga iku mau, pada nguwatna wong siji nang sijine merga wong mati bakal urip maneh.