Penggaweane Timotius
3
1-2 Timotius iku dulure kene sak'iman sing ngladeni Pengeran, ya nyambut gawe bareng kene kanggo nyampek'en Kabar Apik ngenek'i Kristus. Timotius iku tak kongkon nang sira ning Tesalonika, merga kene orak bisa ngenteni suwe maneh krungu kabar teka sira. Kene rumangsa luwih apik ditinggal ning Atena timbang orak weruh kabare sira. Dadi Timotius iku tak kongkon mrana gawe nguwaten atine sira karo nuturi sira cekne luwih percaya nang Yesus. 3 Kene kepingin nanak wong sesijia sing mundur teka percaya nang Yesus merga uripe sara. Sira pada weruh nek kene kudu ngalami sara merga percaya nang Yesus. 4 Ilinga! Pas kene bareng-bareng sira, kene guneman teterusan nang sira nek kene bakale sara merga percaya nang Yesus. Sara iku kabeh wis kedadean temenan, persis sing sira wis weruh. 5 Mangkane, merga reang orak bisa nahan maneh, tak kongkon Timotius nang sira cekne weruh nek'e sira tetep percaya nang Yesus. Reang kuwatir sira wis dijajal nang si Tukang Nggoroh,a terus penggaweane kene sing susah payah iku mau nanak gunane.Timotius nggawa kabar teka Tesalonika sing nyenengen Paulus
6 Tapikne sak'iki Timotius wis mbalik maneh nang reang. Timotius wis nggawa kabar teka sira sing nyenengen kene. Jerene sira tetep percaya nang Yesus, ya tetep duwe welas asih siji nang sijine. Apa maneh jerene sira seneng iling nang kene. Timotius uga ngomong nek sira kepingin ketemu karo kene, pada persis kene kepingin ketemu karo sira. 7 Dulur kabeh, merga sira gek percaya nang Yesus, kene dikuwaten, masia kene sak'iki sara ambek disiksa. 8 Sak'iki uripe kene disegeren merga sira ngadek jejek sak'njerone Gusti Yesus. 9 Saking gedene bungahe kene merga sira, kene orak entek nedanerimane ning ngarepe Pengeran. 10 Awan bengi kene ndedunga temenan kepe kene bisa ndeleng sira maneh. Kene kepingin nggenehi nang sira paran sing gek dibutuhen cekne sira percaya nang Yesus luwih mantep.
11 Mandar muga Pengeran, Bapakne kene, ambek Yesus, Gustine kene, nggewehi dalan kepe campuh sira maneh. 12 Mandara Gusti gawe welas asihe sira tambah gede teterusan nang dulure sira sak'iman, ya nang sak'pepadane. Welas asih sing gede iku pada karo welas asihe kene nang sira. 13 Mandar muga Gusti nguwaten atine sira cekne sira urip nurut kekarepe Pengeran, Bapakne kene. Yesus, Gustine kene, bisa nulungi sira urip suci karo nanak cirine sampek tekane Yesus bebarengan kabeh umat pilihane Pengeran sing wis mati.