Penggaweane Paulus ning Tesalonika
2
Sira dewe ya wis weruh, dulur-dulur, nek tekane kene nang sira mesti ana olehe. 2 Sira wis weruh paran sing kedadean biyen ning kota Filipi. Kene sara merga disiksa nang wong-wong iku. Tapikne kene digenehi wani nang Pengeran kanggo nyampek'en Kabar Apik. Kene tetep nyampek'en nang sira sing ana ning Tesalonika, masia wong-wong iku nentang kene. 3 Sing kene sampek'en iku orak teka kekarepan sing elek utawa sumber sing salah. Sing kene sampek'en asale teka ati sing murni. Kene orak njajal ngapusi sira. 4 Sewalik'e, kene nyampek'en Kabar Apik merga Pengeran wis percayak'en pesen iku nang kene. Kene orak usaha nyenengen wong. Kene kepingin nyenengen atine Pengeran, sing nguji atine kene. 5 Persis sing sira weruhi, kene orak ngerayu. Kene ya orak srakah. Pengeran sing dadi saksine paran sing kene lakoni. 6 Apa maneh, orak tau kene golek aleman teka menungsa, mboh iku teka sira utawa teka wong liya. Masia kene utusane Kristus duwe hak mrentah sira, 7 tapi sewalik'e kene gawe watek ngentah lare cilik pas kene bareng-bareng sira. Ya kene nggawe watek alus ngentah emak momong mbarek ngrumati anak'e dewe. 8 Merga kene nresnani sira, kene seneng nggenehi Kabar Apik teka Pengeran nang sira. Tapi duduk kabar iku tok sing kene genehi. Kene uga seneng nggenehi awak'e kene dewe nang sira pisan merga kene nemen welas asih nang sira.9 Dulur kabeh, sira gek iling nek kene susah payah nyambut gawe awan bengi. Kene gelem nanggung butuhe kene dewe cekne sira orak dibebani. Kene orak kepingin ngrepoti sira sak'wene nyampek'en Kabar Apik teka Pengeran nang sira. 10 Sira iku ndeleng dewe njare kene urip ning tengahe wong-wong sing percaya. Pengeran ya ndeleng pisan nek kene urip suci, apik, karo bener. 11-12 Sira wis weruh, biyen kene nuturi karo nguwaten atine sira kabeh, siji teka siji, persis bapak nang anak-anak'e dewe. Kene njaluk temenan sira urip pada karo paran sing dikarepen Pengeran. Pengeran iku sing nyeluk sira dadi warga kerajaane sing nduweni keagungane Pengeran dewe.
Paulus rumangsa bungah merga wong-wong percaya ning Tesalonika
13 Mangkane, kene orak tau memandek nedanerima nang Pengeran, merga sira nerima pesene Pengeran sing wis kene sampek'en. Pesen iku duduk mung guneme menungsa, tapi pancen temenan Sabdane Pengeran, sing nyambut gawe ning njero atine sira sing percaya. 14 Sira, dulur-dulur ning Tesalonika, wis ngalami sara teka wong-wong sak'bangsane sira dewe. Iku pada karo umate Pengeran sing percaya nang Kristus Yesus ning Yudea. Wong-wong iku ya pada ngalami sara sing pada teka wong-wong sak'bangsane dewe, yaiku wong Ibrani. 15 Wong-wong Ibrani iku sing mateni Gusti Yesus ambek kabeh nabi, uga nyiksa kene. Wong-wong iku orak nyenengen Pengeran. Wong-wong iku dadi musuhe kabeh menungsa. 16 Wong-wong iku usaha nolak kene nyampek'en pesene Pengeran. Kene kepingin nyampek'en pesen iku nang wong sing duduk Ibrani cekne wong iku bisa dislameten. Nganggo cara iki, wong-wong Ibrani iku terus gawe dusa sampek ngliwati wates. Ahire amuk'ane Pengeran wis tiba nang wong-wong iku.
Paulus kepingin campuh maneh wong-wong percaya ning Tesalonika
17 Dulur kabeh, kene sak'iki orak bareng karo sira. Masia sira adoh teka mripat, tapi orak adoh teka ati. Sak'temene kene kangen sira, ya usaha temen nggolek dalan ndengok sira. 18 Kene kepingin teka nang sira. Bolak-balik reang, Paulus, ngrekadaya teka nang sira. Tapikne Iblis ngalang-ngalangi dalane kene. 19 Mbesok, pas Gusti Yesus mbalik maneh, sing dienten-enteni kene, yaiku kamulyane sira! Sira sing mbungahen kene! Sira sing dadi ganjarane kene merga sira dislameten. 20 Sira sing ndadek'en kene bungah ambek diajeni!