Surate Paulus sing kawitan nang umate Yesus ning kota Tesalonika
1 Tesalonika
Salam teka Paulus
1
Reang, Paulus, sing nulis surat iki. Silasa ambek Timotius ana pisan bareng-bareng reang. Kene ngirim surat iki nang umate Yesus ning kota Tesalonika. Sira sing dadi duwek'e Pengeran, Bapakne kene, ya dadi duwek'e Gusti Yesus Kristus. Mandar muga welas ambek ayem tentrem teka Pengeran digenehen nang sira kabeh.Paulus nedanerima merga wong Tesalonika percaya
2 Kene teterusan nedanerima nang Pengeran kanggo sira kabeh. Kene ya teterusan dedunga kanggo sira kabeh. 3 Kene iling sira pas ndedunga nang Pengeran, Bapakne kene. Kene iling penggaweane sira merga percaya nang Yesus. Kene iling njare sira ngladeni wong liya merga welas asih. Terus kene iling sira mantep ngenteni dislameten nang Gustine kene, Yesus Kristus.
4 Dulur kabeh sing ditresnani Pengeran, kene pada weruh Pengeran wis milih sira. 5 Kabar Apik sing kene sampek'en nang sira duduk mek guneman kotong. Kabar Apik iki duwe kuwasa teka Rohe Pengeran, sing yakini temenan ngenek'i paran sing tak sampek'en. Sira kabeh pada weruh njare carane kene urip pas gek ana ning tengah-tengahe sira. Kene urip kaya iku cekne nulungi sira.
6 Sira kabeh ngetuten contone kene ambek contone Gusti. Masia sira sak'iki urip sara, tapikne sira gek bungah nerima kabar sing tak sampek'en nang sira. Bungah iku asale teka Rohe Pengeran. 7 Merga iku sira dadi panutan gawe kabeh wong percaya sing ana ning propinsi Makedonia ambek Akhaya. 8 Sira iku sing nyebaren pesene Gusti Yesus. Orak disebaren mek ning propinsi Makedonia ambek Akhaya, tapikne percayane sira nang Pengeran wis kesebar nang endi-endi. Dadi kene orak perlu maneh guneman peparan soal imane sira. 9 Ning endi-endi kabeh wong pada nyeritak'en carane sira nerima kene pas kene nekani sira biyen. Wong iku nyeritak'en pisan njare carane sira wis orak nyembah paran wae sak'liyane Pengeran. Sira dadi wong sing nyembah Pengeran sing urip, ya sing bener. 10 Sak'iki sira ngenteni tekane Anak'e Pengeran teka swarga, sing wis diuripen maneh teka antarane wong mati, yaiku Yesus. Yesus iku sing nyelameten kene kabeh teka amuk'ane Pengeran sing kate teka kanggo ngukum wong sing dusa.