Surate Paulus sing kawitan nang Timotius
1 Timotius
Bebuka
Ngapa surat iki ditulis?
Paulus mlebu kota Efesus kawitane taun 53 Masehi (Riwayat Utusane Yesus 18:19-21), tapi orak manggon suwe. Maringono Paulus mbalik maneh nang Efesus terus manggon ning kono suwene telung taun (54-57 Masehi). Cerita iku ana ning Riwayate utusan-utusane Yesus (RUY) pasal 19. Sak'marine akeh wong dadi percaya ning Efesus, nanak wong sing mampu mimpin gawe cara sing bener. Ana sing keliru wuruk'ane, ana sing seneng bebantahan, terus ana wong wedok sing orak pantes kelakuane. Mangkane Paulus ngongkon Timotius, anak rohanine sing dialem, cekne mbeneren masalah-masalah iku mau. Masia gek enom, Timotius kudu dadi conto sing apik, sing bisa ditirok'en, cekne wong percaya bisa ngerti wuruk'an sing bener ngenek'i Kristus Yesus. Paulus nulis surat iki nang Timotius kurang luwih taun 61 Masehi cekne nguwaten atine Timotius kanggo ngladeni wong percaya ning Efesus.
Tema : Wuruk'an sing bener bakale nguwaten wong percaya kepe pada pantes dadi Umahe Pengeran sing teguh.
Ayat kunci : 3:14-15 - Kabeh iku, tak tulis kanggo sira senajan reang kepingin cepet nyampuhi sira. Dadi nek reang gek orak bisa nyampuhi sira, sira bisa weruh njare carane wong percaya kudune urip dadi keluargane Pengeran. Umat iku sing dadi keluargane Pengeran sing urip, yaiku cagak'e paran sing bener.
Isine Surat
1. Salam teka Paulus (1:1-2)
2. Timotius kudu sing ati-ati nang wuruk'an palsu (1:3-20)
3. Timotius kudu ngerti sarate wong sing mimpin (2:1 - 3:16)
4. Timotius kudu nglawan wuruk'an sing palsu (4:1-16)
5. Timotius kudu ngatur umate Yesus memper keluarga (5:1 - 6:2)
6. Ajo nguber picis (6:3-10)
7. Pesen sing pungkasan (6:11-21)