Surate Paulus sing kawitan nang Timotius
1 Timotius
Salam
1
Reang, Paulus, nulis surat iki. Reang iki dadi utusane Kristus Yesus, nurut prentahe Pengeran, sing nyelameten kene kabeh, ambek Kristus Yesus sing dadi dasare urip langgeng sing kene kabeh enteni. 2 Surat iki tak kirim nang Timotius, sing tak anggep anak'e reang dewe sak'njerone iman. Welas, welas asih, karo ayem tentrem mbarengi sira. Kabeh iku teka Pengeran, sing dadi Bapakne kene, ambek Kristus Yesus, Gustine kene.
Nglawana guru-guru palsu
3 Pas reang kate nerusen mlakune reang nang daerah Makedonia, sira wis tak kongkon manggon ning kota Efesus. Sira tak utus gawe ngilingen pepirang wong kepe orak mulang wuruk'an sing sesat. 4 Ana pisan sing nyebaren dongeng-dongeng karo asal-usule mbah buyute dewe sing nanak entek'e, sing nggarai ruwet. Kabeh iku mek ngasilen bebantahan sing nanak gunane. Dongeng-dongeng iku orak bisa nulung wong kepe bisa ngerti kekarepane Pengeran. Kekarepane Pengeran mung bisa dingerteni liwat iman. 5 Tujuane pitutur iku: welas asih sing asale teka ati sing suci, teka batin sing murni, karo teka iman sing tulus. 6 Tapi ana pepirang wong sing nyimpang teka tujuan iku. Wong-wong iku keblasuh ning guneman sing nanak gunane. 7 Wong-wong iku kepingin muruk'i hukum agama Ibrani nang wong liya, tapi orak ngerti paran sing diwuruk'en utawa paran sing dipercayai nang wong iku dewe, masia wani muruk'i.
8 Kene pada weruh nek'e hukum agama Ibrani iku apik, pokok'e digawe sing tepak. 9 Hukum iku orak digawe kanggo wong sing bener, tapikne kanggo wong sing orak kenek diatur, sing jahat, sing api-api bener, sing dusa, sing orak duwe agama, sing mateni bapak karo makne, ya sing mateni wong liyane pisan, 10 sing cabul lanang ambek lanang, ya wedok ambek wedok, sing kulina nyulik uwong, sing doyan goroh, sing ngelek-ngelek'en wong sing bener, terus nglakoni sembarang kalir sing nglawan wuruk'an sing bener. 11 Wuruk'an sing bener iku asale teka Kabar Apik'e Pengeran sing agung, sing pantes dipuji. Kabar iku wis dipercayak'en nang reang.
12 Reang nedanerima nang Kristus Yesus, Gustine kene, ya sing nguwaten reang. Yesus sing nganggep reang setia terus ya masrahen penggawean iki nang reang. 13 Maune reang iki wong kaku, sing seneng ngelok'en Yesus, ya seneng nyiksa wong sing percaya nang Yesus. Tapikne reang dimesak'en Pengeran, merga maune reang gek durung percaya, mulane orak weruh paran sing tak lakoni ning njabane iman. 14 Gusti Yesus nggewehi welas sing amber entah banyu nang reang. Kristus Yesus nulungi reang pisan cekne percaya ambek welas asih nang wong liya.
15 Guneme iki bener terus kudu ditrima sak'temene: “Kristus Yesus teka ning ndunya gawe nyelameten wong sing dusa.” Ning antarane kabeh wong dusa iku, reang sing paling dusa. 16 Mergane iku, reang dimesak'en kepe sak'njerone awak'e reang, wong sing paling dusa, Kristus Yesus nyatane duwe sabar sing nanak watese. Merga iku, reang dadi conto gawe wong akeh sing maringono percaya nang Yesus terus oleh urip langgeng. 17 Pengeran iku Raja sak'kabehe jaman sing langgeng, sing orak katok, ya sing nanak tunggale! Kepe Pengeran wae diajeni ambek dimulyak'en sak'lelawase! Amin.
Penggawean sing kudu dilakoni Timotius
18 Timotius, anak'e reang, penggawean iki tak pasrahen nang sira, persis ambek paran sing diramalen ngenek'i sira. Mandara sira dikuwaten ngliwati ramalan iku cekne sira usaha sing apik. 19 Ana wong-wong sing wis orak nuruti suwara batine sing murni iku, merga iku imane wong-wong iku kandas memper prau sing nabrak watu. 20 Ning antarane, yaiku Pak Himeneus karo Pak Aleksander, sing wis tak pasrahen nang enggone Iblis, cekne wong loro iku bisa kapok cekne bisa sinau kok ajo ngenyek Pengeran.