Surate Paulus ping pindo nang Timotius
2 Timotius
Bebuka
Ngapa surat iki ditulis?
Paulus nulis surat iki kurang luwih taun 67 Masehi sak'durunge diukum pati nang Raja Gede Roma. Paulus kepingin Timotius, sing dadi anak rohanine Paulus, siap madep mantep gendelan sing siset nang Kabar Apik, masia disiksa, ya masia dipateni. Paulus wis weruh ning pungkasane jaman wong jahat bakale tambah nemen, terus bakal nolak paran wae sing bener. Apa maneh, akeh wong percaya bakal dadi wedi disiksa, terus ninggalen iman sing bener. Paulus kepingin mestek'en Timotius kepe setia nang Yesus, terus jaga-jaga apik pesen Kabar Apik cekne orak diubah wong. Isine Kabar Apik ngene, Yesus Kristus iku anak putune Raja Daud sing mati, terus urip maneh cekne kabeh wong bisa disepura dusane, dikuwaten Rohe Pengeran, terus dislameten.
Surat iki surat sing pungkasan teka Paulus.
Tema : Nahan sak'kabehe susah payah, pulasara, ambek siksa. Terus jaga'a pesene Kabar Apik, yaiku dasar imane wong percaya.
Ayat kunci : 1:9 - Pengeran iku sing wis nyelamaten ambek milih kene dadi wong sing percaya, duduk merga kelakuan apik'e awak'e dewe, tapikne merga welas asihe Pengeran dewe sing wis digewehen nang kene ngliwati Kristus Yesus sak'durunge kekawitane jaman.
Isine
1. Salam teka Paulus (1:1-2)
2. Paulus nedanerima nang Pengeran kanggo Timotius (1:3-5)
3. Paulus nggenehi semangat nang Timotius (1:6 - 4:8)
4. Paulus njaluk Timotius ndang-ndang teka nang buine (4:9-15)
5. Masia kate diukum pati, Paulus gek percaya nang Pengeran (4:16-18)
6. Salam sing pungkasan (4:19-22)