Surate Paulus ping pindo nang Timotius
2 Timotius
Salam
1
Teka Paulus, utusane Kristus Yesus nurut kekarepane Pengeran gawe nyeritak'en janji urip sing ana ning njerone Kristus Yesus. 2 Surat iki tak kirim nang Timotius, anak'e reang sing tak tresnani: Mandar muga Pengeran Sang Bapak karo Kristus Yesus, Gustine kene, gewehi nang sira welas, welas asih, ambek ayem tentrem.
Nedanerima ambek pitutur gawe urip tekun
3 Reang nedanerima nang Pengeran, sing tak ladeni ambek ati sing tulus. Mbah buyute reang ya ngladeni Pengeran entah iku. Reang nedanerima pas iling sira ning njero dungane reang awan bengi. 4 Pas reang iling nang eluhe sira sing netes, reang kepingin ndeleng sira maneh cekne kene duwe bungah maneh. 5 Reang iling nang imane sira sing tulus iklas, yaiku iman sing kawitan urip ning njero mbahe sira Lois karo makne sira Eunike. Iman iku tak yakini urip pisan ning njero atine sira.
6 Mergane iku sira tak ilingen: barakna karunia sing digewehi Pengeran nang sira iku liwat tumpangane tangane reang nang sira. 7 Merga Pengeran nggewehi watek sing nggawe kene kuwat atine, sing nggawe kene welas asih nang wong liya, ya sing nggawe kene nguwasani awak'e dewe. Pengeran orak nggewehi watek wedinan. 8 Dadi ajo wedi nyaksek'en kanggo Yesus, Gustine kene. Ya ajo isin merga reang sing dilebok'en bui merga Yesus. Tapikne, ngliwati kuwasane Pengeran, melua sarane reang kanggo nyeritak'en Kabar Apik.
9 Pengeran iku sing wis nyelamaten kene, ya milih kene cekne urip suci. Kene dipilih duduk merga kelakuane awak'e dewe sing apik, tapikne merga welase Pengeran dewe sing wis digewehen nang kene ngliwati Kristus Yesus sak'durunge kawitane jaman. 10 Welas iku sak'iki wis dinyatak'en ngliwati tekane Yesus Kristus, sing nyelameten kene. Ngliwati Kabar Apik, Yesus musnahen kuwasane pati, terus nekak'en urip sing orak entek-entek. 11 Reang wis diutus gawe nyampek'en Kabar Apik karo dadi guru. 12 Merga iku, sak'iki reang sara, tapikne reang orak isin, merga reang weruh sapa sing tak percaya. Reang percaya Pengeran sing duwe kuwasa ngrumati paran sing wis dipercayak'en nang reang sampek dinane Gusti Yesus teka. 13 Turutana sing temen wuruk'an sing wis tak gewehen nang sira. Lakonana iku ngliwati iman karo welas asih ning njero Kristus Yesus. 14 Rumatana Kabar Apik iku, sing wis dipercayak'en nang sira, ngliwati Rohe Pengeran sing urip ning njero kene sing percaya.
15 Sira wis weruh nek kabeh wong ning daerah Asia Cilika malih ninggalen reang: entah Figelus ambek Hermogenes. 16 Mandar muga Gusti Yesus melasi keluargane Onesiforus sing wis bulak-balek nyegeren atine reang. Wong iku orak isin nyampuhi reang ning njero bui. 17 Pas ning kota Roma, Onesiforus usaha nggolek'i reang, sampek nemoni reang ning bui iki. 18 Mandara Gusti Yesus njaluk nang Pengeran cekne melasi Onesiforus pas dinane kabeh wong diakimi. Sira luwih weruh pira akehe penggawean apik sing wis dilakoni Onesiforus ning Efesus.