Masia uripe sara, panceta setia
2
Timotius, sing ngentah anak'e reang dewe, dadia kuwat ngliwati welase Kristus Yesus. 2 Sira wis krungu paran sing wis tak wuruk'en ning ngarepe akeh wong. Percayakna wuruk'an iku nang wong-wong sing kenek sira percaya, cekne wong-wong iku pisan bisa mulang nang wong liyane.
3 Sira kudu melu sara ambek reang ngentah prajurit sing manut nang Kristus Yesus. 4 Prajurit sing gek nglakoni tugase orak oleh ribet nang urusan uripe dewe, kepe bisa nyenengen komandane.
5 Sira kudu ngentah wong sing melu tetandingan. Wong iku bisa menang nek nurut nang aturane tetandingan iku.
6 Sira kudu ngentah wong tani sing mantep, mestine kudu bisa ngrasak'en asile panen sing kawitan.
7 Rungokna paran sing tak gunemen. Gusti bakal nggewehi sira pengerten kepe bisa ngerti kabeh iku mau.
8 Ilinga iki: Yesus Kristus sing wis urip maneh teka pati, sing asale teka anak putune Raja Daud. Iki ngono Kabar Apik sing tak sampek'en. 9 Reang urip sara merga Kabar Apik iku mau, sampek-sampek reang dirante ngentah wong sing jahat. Tapikne Sabdane Pengeran iku orak dirante, ya orak bisa dialang-alangi. 10 Merga iku reang sabar nanggung kabeh sara iku mau gawe nulung wong-wong sing wis dipilih Pengeran. Tujuane, yaiku wong-wong iku bisa dislameten nang Kristus Yesus ambek kamulyan sing langgeng. 11 Guneman iki bener:
Nek kene mati bareng Yesus, ya bakal urip bareng Yesus.
12 Nek kene sregep mantep melu Yesus, kene bakal melu mrentah bareng-bareng Yesus.
Nek kene orak ngakoni Yesus, Yesus pisan ya orak ngakoni nang kene.
13 Nek kene orak setia, Yesus tetep setia, merga orak kira Yesus ngingkari nang awak'e dewe.
Cara nyenengen atine Pengeran
14 Timotius, reang ngongkon sira: ilingna kabeh wong sing sira mimpin ambek gunem-gunem iku mau. Tuturana sing temenan ning ngarepe Pengeran cekne kabeh wong iku ajo bebantahan omongan kotong. Kelakuan iku nanak gunane. Iku ngono mek mbingungen wong sing ngrungok'en. 15 Rekadayakna sing temenan cekne sira dadi abdine Pengeran sing pantes, orak isinan, ya bisa mulang Kabar Apik nggawe cara sing tepak. 16 Tapikne, ngedoha sira teka omongan sing nanak gunane, sing orak suci. Merga omongan-omongan iku mek nggawe wong tambah jahat. 17 Wuruk'ane wong iku nular memper lara kangker sing bisa mateni wong. Sira kudu ati-ati nang Himeneus karo Filetus merga wuruk'ane persis ngentah iku mau. 18 Wong loro iku wis nyimpang teka wuruk'an sing bener merga muruk'i nek kabeh wong mati wis urip maneh. Wong-wong iku wis ngrusak'en imane pepirang wong. 19 Tapi pondasine Pengeran sing kuwat orak bisa malih:
“Gusti Yesus wis weruh sapa sing dadi duwek'e,”
ambek,
“Sapa wae sing ngakoni percaya nang Gusti Yesus kudu mandek nglakoni sing jahat.”
20 Na, ning umahe wong sugih ana macem-macem bekakas sing digawe teka emas karo perak, ya pisan teka lemah karo kayu. Ana sing dikanggok'en penggawean sing penting, ya ana dikanggok'en penggawean sing biasa. 21 Dadi, nek ana wong sing nyucek'en awak'e teka kabeh sing jahat, wong iku bakal ana gunane, dianggep pantes, yaiku siap digawe Sing Duwe Umah kanggo saben penggawean sing apik. 22 Merga iku, adohana napsune lare nom-noman, golek'ana sing adil, setia, welas asih, ambek ayem tentrem, bebarengan wong sing dedunga nang Gusti Yesus ambek ati sing murni. 23 Adohana pisan teka begedekan sing goblok, sing nanak gunane. Merga sira wis weruh nek iku ngono bisa ndadek'en gegeran. 24 Sewalik'e, abdine Gusti Yesus iku orak pantes gegeran, tapikne kudu sumeh nang kabeh wong, ya kudu pinter mulang, ya sabar. 25 Abdi iku kudu gawe watek sing alus nuntun wong sing seneng nglawan. Sapa weruh Pengeran kate nggewehi wayah nang wong iku cekne bisa tobat teka dusane, terus ngerti paran sing bener. 26 Nek wong iku dadi sadar maneh, iku pada karo wong sing wis diuculen teka kekarepane Iblis, sing wis njiret awak'e.