Watek'e menungsa pas jaman sing pungkasan
3
Weruha, pas dina pungkasan kate teka mangsa sing ewoh. 2 Menungsa bakale nyenengi awak'e dewe tok, doyan picis, sombong ambek ngapik'en awak'e dewe, ngremehen Pengeran, ngelamak nang wong tuwek, orak weruh nedanerima, orak suci, 3 orak weruh welas asih, orak gelem rukun, seneng pitnah nang wong liya, orak bisa nguwasani napsune, galak, orak seneng paran sing apik, 4 seneng nekong, orak mikir dawa, kemeroh, luwih nuruti napsune timbang nuruti Pengeran. 5 Ketok'e wong-wong iku nyembah nang Pengeran, tapikne uripe ndudohen nek orak ngakoni nang Pengeran. Dohana wong-wong iku! 6 Ning antarane wong-wong iku, ana sing seneng nglakoni dusa, nyelinep mlebu nang umah, terus nyekel wong wedok-wedok sing orak kuwat, sing kaboten dusa sing akeh, ya dikuwasani napsune dewe. 7 Masia sregep sinau, tapikne orak tau ngerti paran sing bener. 8 Memper Yanes karo Yambres nglawan Musa, ngono uga wong-wong iku nglawan paran sing bener. Pikirane bobrok karo imane orak murni. 9 Tapikne wong-wong iku orak bisa nglakoni ngono sing suwe. Memper Yanes karo Yambres, goblok'e bakal diweruhi wong akeh.
Ajo wedi nek disiksa, tapi dikuwaten nang Kitab Suci
10 Tapikne sira wis weruh paran sing tak wuruk'en, uripe reang, tujuane reang, imane reang, sabare reang, welas asihe reang, ambek sregep setiane reang. 11 Sira wis weruh pisan njare reang disiksa karo dilarani ning Antiokia, ning Ikonium karo ning Listra. Reang wis ngalami akeh sarane, tapi Gusti Yesus sing nyelameten reang teka kabeh iku. 12 Pancene kabeh wong sing uripe nyembah nang Kristus Yesus bakale disiksa. 13 Wong sing jahat karo sing seneng goroh bakale tambah jahat, nyesaten karo disesaten. 14 Tapikne sira kudu ngugemi paran sing bener, sing wis sira terima karo sing sira percayai, terus iling nang wong sing muruk'i sira. 15 Ilinga uga, molai cilik sira wis weruh Kitab Suci sing nggenehi pengerten nang sira terus nuntun sira cekne bisa slamet ngliwati percaya nang Kristus Yesus. 16 Kabeh Kitab Suci sing digewehi Pengeran ana gunane gawe mulang, ndudohen salah, ngapik'i kelakuan, ambek ndidik wong kepe nglakoni paran sing bener. 17 Nek ngrungok'en Kitab Suci iku mau, saben wong sing dadi duwek'e Pengeran dikuwaten cekne bisa nglakoni penggawean sing apik.