Timotius kudu nyampek'en Kabar Apik
4
Kristus Yesus kate teka ning ndunya kanggo ngadili wong sing urip karo wong sing mati, terus kate mrentah dadi raja. Merga iku, reang pesen temenan nang sira ning ngarepe Pengeran karo Kristus Yesus: 2 Sampekna Kabar Apik! Saben wayah sira kudu siap, mboh iku apik utawa elek wektune. Dudohna paran sing salah, ilingna mbarek wuruk'ana sing telaten. 3 Merga kate teka wektune wong orak gelem ngrungok'en wuruk'an sing bener. Tapikne, merga nuruti kekarepe dewe, wong-wong iku kate nglumpuk'en guru-guru sing nyenengen kupinge. 4 Wong-wong iku bakal mlengos teka paran sing bener, terus nyimpang nang dongeng tok. 5 Tapikne kendalikna awak'e sira sak'njerone sembarang kalir. Sing sabar masia susah ambek sara. Lakonana penggaweane, yaiku sampekna Kabar Apik, terus marekna penggaweane sira iku. 6 Reang entah cawan sing diutahena gawe sesajen nang Pengeran, merga wayah matine reang wis parek. 7 Reang wis marek'en tandingan sing apik. Reang wis ngliwati garis sing pungkasan. Reang tetep percaya. 8 Sak'iki Gusti Yesus, hakim sing adil, wis nyawisen mahkota sing bener, sing kate digenehen reang, pas dina kiamat. Tapi sing digenehen iku orak mek digenehen nang reang tok, tapi ya uga nang kabeh wong sing ngenteni tekane Gusti Yesus.Pesene Paulus dewe nang Timotius
9 Usaha ndang-ndang teka nang reang ning bui iki, 10 merga Demas, sing nyenengi ndunya iki, wis ninggalen reang terus budal nang Tesalonika. Kreskes wis budal nang Galatia, Titus nang Dalmatia. 11 Mek Lukas sing kari mbarengi reang. Papaken Markus, terus gawanen mrene merga Markus bisa ngrewangi penggaweane reang. 12 Tikhikus wis tak kon budal nang Efesus. 13 Pas sira mrene gawakna sarunge reang sing tak tinggal ning Troas, ning umahe Karpus. Terus, gawakna pisan kitab-kitabe reang, karo ajo sampek lali gulungan-gulungan tulisane reang iku.
14 Aleksander, tukang wesi iku, wis akeh nglakoni jahat nang reang. Gusti Yesus bakale mbales wong iku nurut kelakuane. 15 Sira kudu sing ati-ati nang Aleksander, merga wong iku nentang wulangane reang ambek sira. 16 Pas sidang sing kawitan reang mbelani awak'e reang dewe. Pas iku nanak sing ngrewangi. Kabeh wong pada ninggalen reang. Mandar muga Pengeran orak ngukum wong-wong iku sing ninggalen reang. 17 Tapikne Gusti Yesus wis mbarengi reang, ya nguwaten reang cekne ngliwati uripe reang Kabar Apik sing jangkep bisa disebaren, sampek kabeh wong sing duduk Ibrani bisa ngrungok'en. Dadi reang diculen teka pepati memper kewan diuculen teka cangkeme macan. 18 Gusti Yesus dewe sing bakal ngeculen reang teka paran wae sing jahat. Gusti bakale nyelameten reang, sampek reang mlebu nang kerajaane ning swarga.
Mek Gusti Yesus tok sing dipuji sak'lelawase. Amin.
Salam sing pungkasan
19 Salam kanggo Priska karo Akwila, ya pisan nang keluargane Onesiforus. 20 Erastus manggon ning Korintus. Trofimus tak tinggal ning Miletus merga gek lara. 21 Usaha ndang-ndang teka nang reang, sak'durunge wayah adem. Ebulus, Pudes, Linus, Klaudia, karo maneh kabeh dulur njerone Kristus nggewehi salam. 22 Gusti Yesus mbarengi rohe sira. Welase Pengeran mbarengi sira kabeh.