Surate Paulus nang Titus
Titus
Bebuka
Ngapa kok surat iki ditulis?
Ning pulau Kreta ana pepirang kumpulane wong sing percaya nang Yesus. Umate Yesus iku kena pengaruh adat pulau iku. Wong Kreta diweruhi dadi wong sing seneng nggorohi, srakah, karo males nyambut gawe (1:12). Apa maneh wong percaya iku malih melu-melu adate wong sing jahat, ngombe, ya nggolek picis gawe cara sing orak bener. Paulus nulis surat iki nang Pak Titus kurang luwih 65-67 taun Masehi. Paulus kepingin Titus milih wong-wong sing pantes mimpin kumpulane wong sing percaya nang Yesus ning Kreta. Pimpinan sing bener kudu dipilih, terus wong percaya kudu di'ilingen cekne nglakoni apik ambek urip seje teka wong sing manggon ning kono.
Tema surat : Ngliwati wulangan sing apik, wong sing percaya nang Yesus dikuwaten cekne bisa nglakoni penggawean sing apik.
Ayat kunci: 3:14 - Terus maneh, wong percaya ning Kreta iku kudu sinau njare nglakoni penggawean sing apik. Nek ngono bisa nyukupi butuhe sing saben dinane, cekne uripe wong-wong iku ana gunane. (Ndeleng pisan 2:14, 3:1, 8).
Isine
1. Salam (1:1-3)
2. Tugase Titus (1:5-16)
3. Pesen nang wong tuwek, sing enom, ambek budak-budak (2:1-10)
4. Welas asihe Pengeran (2:11-15)
5. Pesen-pesen sing ahir (3:1-14)
6. Paulus nutup surat nggawe salam (3:15)