Surate Paulus nang Titus
Titus
Salam
1
1-3 Reang Paulus, sing nulis surat iki. Sak'durunge ndunya iki didadek'en, Pengeran njanjek'en nggenehi urip langgeng. Sak'durunge jaman iki, wong-wong ning ndunya orak weruh kabar urip langgeng iku. Tapi sak'iki, pas wayah sing ditentok'en, Pengeran nyampek'en nek wong percaya nang Kristus Yesus, bisa ngenteni urip langgeng sing Pengeran janjek'en iku. Pengeran orak nggorohi. Reang nyampek'en pesen iku nurut prentahe Pengeran nang reang. Pengeran nyelameten kene sing percaya nang Yesus.Reang ngladeni Pengeran, ya diutus Yesus - Raja Pilihane Pengeran. Reang diutus kanggo nulung wong sing dipilih Pengeran cekne luwih percaya nang Yesus. Reang diutus pisan kanggo mulang wong percaya iku njero paran sing bener soal Yesus. Pengerten iku bakal nulungi wong percaya urip nurut kekarepe Pengeran.
4 Reang nulis surat iki nang sira, Titus. Sira iki ngentah anak'e reang dewe merga sira percaya pisan nang Yesus. Mandar muga Pengeran, Bapakne kene, ambek Yesus Kristus, sing nyelameten kene, nggenehi welas karo ayem tentrem nang batine sira.
Tugase Titus
5 Reang wis ninggalen sira ning pulau Kreta cekne sira marek'en penggawean sing durung mari. Sira kudu netepen pemimpin kanggo mimpin saben kumpulane wong sing percaya Yesus ning saben kota, entah sing wis tak pesenen nang sira. 6 Wong-wong sing dadi pemimpin kudu orak ciri lakune. Wong iku kudu setia nang bojone. Anak-anak'e kudu percaya nang Yesus, ya orak diarani lare sing karepe dewe mbarek orak manut nang wong tuwek'e. 7 Pendeta-pendeta sing mimpin keluargane Pengeran kudu uripe apik. Wong iku dipercayak'en penggaweane Pengeran. Watek'e kudu ngene: orak ciri lakune, orak kaco, orak cepet bongol, orak seneng mabuk-mabuk'an, orak seneng gelut, ya orak srakah oleh picis ambek cara sing orak genah. 8 Tapikne kudu loman nerima wong ning umahe, seneng paran sing apik, bijak pikire, orak mbena, uripe suci, ambek nguwasai napsune. 9 Wong iku kudu gendelan sing siset nang pesen sing bener, nurut paran sing tau diwuruk'i. Nek ngono wong iku bisa mulang gawe wuruk'an sing bener, ya bisa mbeneren wong sing nglawan.
Wong sing orak mampu nglakoni apik
10 Watek tiru iku mau penting, merga akeh wong sing orak manut aturan sing bener. Omongane wong iku nanak gunane, utamane wong sing mentingen adate Ibrani.a Wong iku nggorohi wong liya cekne dadi sesat. 11 Wong entah iku kudu disumpel cangkeme merga akeh keluarga wis dadi rusak. Wong iku mulang sing orak pantes kepe ngolehi untung sing orak jujur. 12 Salah sijine wong pulau Kreta, nabine dewe, tau guneman: “Wong Kreta iku pancene doyan goroh, lakune ngentah kewan ganas, doyan mangan tapi orak gelem nyambut gawe.” 13 Gunemane iku mau bener. Mergane iku, tuturana temenan wong-wong iku kepe percayane nang Yesus dipulihen. 14 Ajo sampek wong iku mau nggatek'en maneh dongeng-dongeng wong Ibrani karo adat-adate menungsa sing nolak paran sing bener. 15 Gawe wong sing suci, sembarang kalir suci. Tapi gawe wong sing orak bener kelakuane ambek wong sing orak percaya nang Yesus, sembarang kalir orak bener. Sak'temene pikire ambek batine wis reget. 16 Jerene kenal Pengeran, tapikne kelakuane nglawan Pengeran. Wong-wong iku najis, orak taat, terus orak mampu nglakoni sing apik.