Pesen nang wong tuwek, wong enom, mbarek budak-budak
2
Tapikne sira, Titus, kudu mulang paran sing pada karo wulangan sing bener.
2 Wong-wong lanang sing luwih tuwek kudu diwuruk'i cekne uripe orak macem-macem karo pantes diajeni. Kudu bijak pikire, nduwe iman sing orak ciri, welas asih nang wong liya, terus mantep masia susah.
3 Wong-wong wedok sing luwih tuwek kudu diwuruk'i cekne urip sing pantes persis wong sing uripe suci. Ajo sampek wong wedok sing tuwek mitnah wong liya, ya ajo kulina ngombe anggur. Tapi kudu nyampek'en wulangan sing bener. 4 Nek ngono, wong wedok sing tuwek bisa muruk'i wedok-wedok sing enom kepe nresnani bojone mbarek anak-anak'e.
5 Wedok-wedok sing enom kudu diwuruk'i cekne bijak pikire karo uripe suci. Kudu sregep ngurus rumah tanggane dewe, sing apik atine ambek manut nang bojone cekne pesene Pengeran orak dinyek wong.
6 Gawe wong-wong enom, tuturana kepe bisa bijak pikire sak'njerone sembarang kalir.
7 Titus, sira dewe kudu nglakoni sing apik. Nek ngono, sira dadi panutan sing apik, sing bisa ditirok'en. Wuruk'ane sira kudu jujur mbarek pantes diajeni. 8 Nanak sing bisa nyalahen paran sing bener. Mulanga paran sing bener. Mangkane musuhe sira dadi isin merga nanak peparan elek sing bisa disampek'en.
9 Budak-budak kudu diwuruk'i cekne nurut nang jeragane ning paran wae. Orak oleh mbantah. 10 Ajo sampek ana budak sing nakalan, tapi kudu iklas karo setia, kepe paran wae sing dilakoni gawe wong muji wuruk'ane Pengeran, sing nyelameten kene.
Welase Pengeran wis dinyatak'en
11 Welase Pengeran wis dinyatak'en ngliwati Yesus. Pengeran siap nyelameten kabeh menungsa sing percaya nang Yesus. 12 Ngliwati welas iku, Pengeran nuturi kene kepe ninggalen paran wae sing nglawan kekarepe Pengeran katek iming-iminge ndunya. Kene kudu bijak pikire, adil mbarek nyenengen Pengeran pas kene urip ning ndunya iki. 13 Kene bisa urip kaya iku merga seneng ngenteni wayah sing mbungahen iku. Pas iku, Pengerane kene sing nyelameten kene, yaiku Yesus Kristus, bakale dinyatak'en sak'njerone cahaya sing mulya. 14 Yesus wis nyerahen awak'e gawe kene cekne mbebasen kene teka cara urip sing orak nurut nang Pengeran. Yesus nyucek'en kene cekne dadi umate Pengeran dewe, sing sregep nglakoni paran sing apik. 15 Mulanga kabeh iku mau. Sira, Titus, wis digewehi kuwasa kanggo ngilingen ambek nuturi wong sing orak manut. Ajo sampek ana wong sing nganggep sira nanak ajine.