Surate Paulus nang Filemon
Filemon
Bebuka
Ngapa kok surat iki ditulis?
Pas Paulus nulis surate nang wong percaya ning kota Kolose (taun 61 Masehi), Paulus nulis surat iki pisan. Nyatane ana wong percaya ning kota Kolose sing jenenge Filemon. Wong iku duwe budak sing jenenge Onesimus, sing tegese “ana gunane.” Nyatane, Onesimus iku nanak gunane merga mlayu minggat teka Filemon, terus nemok'en Paulus ning bui. Tapi, ngliwati wulangane Paulus, Onesimus dadi percaya nang Yesus. Maringono Paulus ngongkon Onesimus moleh terus ngladeni Filemon maneh.
Tema : Nek nyambut gawe bareng kanggo nyebaren Kabar Apik, kene kudu siap nyepura wong liya, ya nerima sak'anane.
Ayat kunci: 1:6 - Reang ndedunga cekne sira bisa ngabaren imane. Nek ngono, sira bisa ngerti sembarang kalir sing apik ning njerone Kristus.
Isine
1. Salam teka Paulus (1:1-3)
2. Nedanerimane Paulus (1:4-7)
3. Penjaluk'ane Paulus (1:8-22)
4. Paulus nutup surat nggawe salam (1:23-25)