Surate Paulus nang Filemon
Filemon
Salam teka Paulus
1
Salam teka reang, Paulus, nang Pak Filemon, dulure sak'iman sing ditresnani. Masia reang ana ning bui merga ngabaren Kristus Yesus, reang dikancani dulure kene sing jenenge Timotius. Kene nulis surat iki nang sira, Filemon, sing nyambut gawe bebarengan kene kanggo ngabaren Yesus. 2 Salam nang Mak Apfia, dulure sak'iman, karo pisan nang Pak Arkipus, sing ngladeni Yesus bebarengan kene ngentah prajurit. Terus salam nang kabeh umate Yesus sing nglumpuk ning umahe sira.
3 Mandar muga Pengeran, Bapakne kene, ambek Gusti Yesus Kristus gewehi welas ambek ayem tentrem nang batine sira.
Nedanerimane Paulus
4 Reang nedanerima nang Pengerane reang, saben wayah reang dungak'en sira, 5 merga reang krungu welas asihe sira nang umat pilihane Pengeran karo percayane sira nang Gusti Yesus. 6 Reang ndedunga cekne deduluran sing kene duweni bareng sira merga percaya nang Yesus bakale ngasilen pengerten sak'njerone sembarang kalir sing apik kanggo Kristus. 7 Reang bungah temenan terus dikuwaten merga welas asihe sira, dulure reang sak'iman, wis nyegeren umat pilihane Pengeran.
Penjaluk'ane Paulus nang Pak Filemon ngenek'i Onesimus
8 Reang duwe hak ning njerone Kristus Yesus mrentah nang sira, Pak Filemon, paran sing sira kudu lakoni. 9 Tapi nek reang iling nang welas asihe sira, luwih apik reang njaluk wae nang sira. Reang iki Paulus, sing wis tuwek, apa maneh sing dilebok'en ning njero bui merga ngabaren Kristus Yesus. 10 Reang njaluk tulung nang sira, Pak Filemon, kanggo budak'e sira, yaiku Onesimus.a Onesimus iku sing dadi entah anak'e reang merga gek entas percaya nang Yesus pas reang gek ning bui iki. 11 Biyen lare iki pancen nanak gunane, tapi sak'iki ana kanggone gawe sira, ya gawe reang.
12 Onesimus, sing wis dadi entah atine reang dewe, sak'iki tak kongkon mbalik nang sira. 13 Sak'jane reang kepingin Onesimus dadi gantine sira kanggo ngladeni reang ning njero bui. Reang ana ning bui merga ngabaren Kabar Apik. 14 Tapikne, nek nanak ijin teka sira, reang orak wani mutusi. Luwih apik, sira ngolehi Onesimus ngladeni reang, duduk merga sira kepeksa reang, tapi merga sira iklas ngolehi. 15 Bisa dadi Onesimus iki diadohen teka sira diluk, cekne sira bisa nerima maneh lare iki sak'teruse. 16 Dadi nek mbalik, duduk maneh dadi budak tok, tapikne luwih maneh dadi dulur sak'iman sing ditresnani. Reang wis nganggep Onesimus ngono, tapi sira luwih untung merga Onesimus iku dulure sira sak'bangsa, terus sak'iki dadi dulur sing pada percayane nang Gusti Yesus.
17 Nek sira nganggep reang dulure sak'imane dewe, terimanen Onesimus iku ngentah reang dewe. 18 Nek'e Onesimus iku tau ngrugik'en sira utawa ngutang paran wae, tanggungna kabeh iku nang reang. 19 Reang, Paulus, nulis iki nggawe tangane reang dewe. Reang sing bakale ngepok'i dewe utange! (Tapi, ilinga nek sira ya duwe utang pisan nang reang, yaiku awak'e sira sing slamet merga tak jelasen Kabar Apik nang sira.) 20 Ya Filemon, dulure reang, mandar muga sira ana gunane kanggo reang ning njerone Gusti. Senengna atine reang ning njerone Kristus. 21 Reang percaya sira bakale nglakoni paran sing tak jaluk, ya bakale ngluwihi paran sing tak arepen.
22 Ana siji maneh penjaluk'ane reang: cepakna kamar kanggo reang ning umahe sira. Merga reang ngarepen dungane dulur-dulur sak'iman kabeh dinyatak'en, cekne reang bisa diculen teka bui, terus mbalik maneh nang sira.
Paulus nutup surat nggawe salam
23 Sira oleh salam teka Pak Epafras, kancane reang sak'bui merga ngabaren Kristus Yesus pisan. 24 Salam pisan teka kanca-kanca sak'penggawean, yaiku Pak Markus, Pak Aristarkus, Pak Demas, karo Pak Lukas.
25 Mandar muga welase Gusti Yesus Kristus mbarengi sira kabeh.