Surat nang wong-wong percaya teka suku
Ibrani
Ngapa kok surat iki ditulis?
Orak jelas sapa sing nulis surat iki, merga sing nulis orak gawe jenenge dewe ning salame surat. Tapi sing jelas, surat iki ditulis nang wong-wong Ibrani sing wis percaya nang Yesus. Tapi, merga disiksa, akeh wong Ibrani sing wis percaya molai kepingin mundur teka melu Yesus. Surat iki ditulis sak'durunge taun 70 Masehi, merga pas surat iki ditulis gek ana wong sing sembahyang ning Umahe Pengeran ning Yerusalem. Tapikne, sak'marine taun 70 Masehi kerajaan Roma ngejuren Yerusalem sampek nanak Umahe Pengeran maneh.
Tema: Ajo mundur, tapi marek'i Yesus. Yesus iku Pengarepe Sembahyang Agunge kene, sing ndadek'en Janji Anyar antarane kene ambek Pengeran.
Ayat kunci: 4:14 - Sak'iki kene kabeh nduweni Pengarepe Sembahyang Agung sing munggah nang swarga, yaiku Yesus, Anak'e Pengeran. Dadi ayo pada gendelan sing siset nang paran sing kene yakini.
Isine
1. Yesus luwih apik timbangane malaekat-malaekat (1:1-2:18)
2. Yesus luwih apik timbangane Musa (3:1-6)
3. Yesus iku utusane Pengeran sing sempurna, sing nggawa wayah leren sing langgeng (3:7-4:13)
4. Yesus luwih apik timbangane kabeh pengarepe sembahyang liyane (4:14-6:20)
5. Yesus dadi Pengarepe Sembahyang Agung sak'lelawase (7:1-28)
6. Janji anyar luwih apik timbangane janji lawas (8:1-10:18)
7. Merga percaya nang janjine Pengeran, uwong sing melu Yesus bisa ngadep masalah paran wae (10:19-12:29)
8. Prentah-prentah sing pungkasan (13:1-25)