Surate Yakobus
Yakobus
Bebuka
Ngapa kok surat iki ditulis?
Yakobus, dulure Yesus, nulis surat iki kurang luwih taun 50 Masehi. Surat iki ditulis nang wong Ibrani sing wis percaya nang Yesus, tapi manggon ning njabane Yerusalem. Wuruk'ane Yakobus ning surat iki mirip temenan nang wuruk'ane Yesus, yaiku kotbah ning pusung (Matius 5-6), ambek kitabe Amsal (pasal 1-9). Yakobus kepingin cekne wong percaya urip sing bijak - yaiku sak'temene welas asih nang Pengeran ambek menungsa.
Tema : Njare wong percaya kudu urip ning ndunya iki, sak'wene gek ngenteni dinane Gusti Yesus teka maneh kanggo ngakimi menungsa.
Ayat kunci: 1:2-4 - Dulur kabeh, sira kudu tetep bungah pas sira ngadepi masalah paran wae sing nguji imane sira. Merga sira weruh nek imane sira diuji, sira bakale tambah sabar. Maringono sira bakal tambah kuwat terus, sampek ngasilen woh sing mateng, yaiku sira dijangkepi, nanak ciri watek'e, ya orak kurang peparan.
Isine
1. Bebuka: bungah, hikmate Pengeran, dunya brana sing sirna, lair maneh, karo prentah sing sempurna (1:1-27)
2. Ngajeni wong gede utawa welas asih nang wong cilik? (2:1-13)
3. Iman sing sejati (2:14-26)
4. Ilat sing blaien (3:1-12)
5. Hikmat sing sejati (3:13-18)
6. Kanca ambek ndunya, musuh ambek Pengeran (4:1-10)
7. Ajo ngakimi wong (4:11-12)
8. Dadi sugih orak aman (4:13 - 5:6)
9. Kudune sabar (5:7-11)
10. Dedunga gawe iman (5:12-20)