Tuturan cekne tetep setia
13
Sira kabeh kudu tetep welas asih nang dulur-dulure sira sing sak'iman. 2 Ajo lali nerima dayoh teka adoh. Masia durung kenal, terimanen ning umahe sira. Ana sing tau nglakok'en iku, tapi orak weruh nek dayoh iku malaekat. 3 Sira kudu terus iling nang wong-wong ning bui merga percaya nang Yesus. Ilinga pisan nang wong-wong sing disiksa entah-entah sira dewe sing disiksa.4 Sira kabeh orak oleh ngrusak pager ayu.a Sira kudu njaga pager ayu iku tetep murni. Pengeran bakale ngakimi uwong sing nglakoni jinah. 5 Ajo sampek sira dadi budak'e picis. Sira kudu nedanerima kanggo paran sing wis sira duweni, merga Pengeran wis guneman,
“Reang orak kira ngejaren sira.
Reang orak kira ninggalen sira.” (Ulangan 31:6)
6 Dadi kene bisa nirok'en Kitab Suci katek wani,
“Gusti Pengeran sing ngrewangi reang. Reang orak kira wedi.
Paran sing bisa menungsa lakok'en nang reang?” (Masmur 118:6-7)
7 Ilinga uwong sing mimpin sira. Wong-wong iku nyampek'en Sabdane Pengeran nang sira. Pikirna asil uripe wong-wong iku. Contonen imane wong-wong iku. 8 Yesus Kristus iku pancet orak malih, molai biyen, utawa sak'iki, sampek sak'lawase.
9 Ajo sampek sira kesasar merga wulangan sing nyesaten. Luwih apik atine awak'e kene dikuwaten nang welase Pengeran timbang panganan sing diwajiben hukum agama. Panganan iku nanak kanggone gawe wong-wong sing mangan. 10 Pengarep-pengarepe sembahyang ambek wong-wong Lewi ngladeni ning kemah suci. Wong-wong iku mangan paran sing dikorbanen ning mesbah iku. Tapi kene duwe mesbah liyane, yaiku salibe Yesus. Wong-wong iku orak duwe hak mangan teka mesbahe kene.
11 Pengarepe sembahyang agung nggawa getihe kewan nang Papan Maha Suci cekne dusane umat ambek awak'e dewe bisa disepura. Tapikne, ragane kewan iku diobong ning njabane kumpulan kemahe wong. 12 Yesus sara ning njabane gapurane kota cekne nyucek'en umate ngliwati getihe Yesus dewe. 13 Dadi, kene ayo budal nang Yesus ning njabane kumpulan kemahe wong, cekne diejek pada karo Yesus. 14 Ning ndunya iki kene orak duwe kota sing awet. Tapi kene ngenteni kota langgeng sing bakale teka.
15 Dadi ayo kene orak memandek nggewehi pujian nang Pengeran ngliwati Yesus. Ayo kene nggewehi korban pujian, yaiku omongan sing ngakoni kamulyane Pengeran. 16 Ajo lali nglakoni paran sing apik. Ajo lali melasi wong liya. Pengeran seneng nang sesajen sing ngono iku.
17 Percaya'a nang sing mimpin sira. Nuruta wong-wong iku, merga wong-wong iku kudu terus ngawasi sira. Wong-wong iku duwe tanggung jawab nang Pengeran gawe penggaweane. Lakonana kabeh iku cekne penggaweane wong-wong iku dadi bungah. Nek sira nggarai penggaweane wong-wong iku dadi abot, sira dewe sing rugi.
18 Dungakna kene. Kene percaya nek kene wis nglakoni paran sing bener. Kene usaha urip bener ning sembarang kalir. 19 Reang, sing melu nulis surat iki, njaluk sira ndunga cekne reang ndang balik nang sira.
Salam sing pungkasan
20 Pengeran sing nggewehi damang, nguripen Yesus maneh teka pati. Pengeran nguripen Yesus ngliwati getihe janji sing langgeng. Yesus iku Gustine kene sing dadi Pengangon Agung gawe domba-domba. 21 Sak'iki, mandar muga Pengeran nggewehi sira paran wae sing apik. Dadi sira bisa nglakok'en paran sing Pengeran karepen. Mandar muga Pengeran nglakok'en ning njero kene paran sing nyenengen Pengeran. Kene bisa nglakoni iku mek ngliwati Yesus Kristus. Sak'kabehe kamulyan mung gawe Yesus sampek sak'lawase! Amin.
22 Dulur kabeh, reang njaluk sira nerima pesene reang. Terimanen pesene reang merga reang wis nulis surat iki masia endek.
23 Reang kepingin sira weruh nek dulure kene Timotius wis diculen teka bui. Nek'e Timotius ndang teka, reang kate mbarengi Timotius cekne kene bisa ndengok sira kabeh.
24 Sampekna salam gawe kabeh pimpinane sira. Sampekna salam pisan gawe kabeh umat pilihane Pengeran. Wong-wong percaya teka Italia nggewehi salam nang sira kabeh.
25 Mandar muga welase Pengeran mbarengi sira kabeh.