Ajo nyerah
12
Ana akeh wong percaya ning swarga sing nyaksek'en kene ngentah mendung sing ngubengi kene. Dadi ayo dibuang paran wae sing ngalang-ngalangi kene. Ayo buangna sak'kabehe dusa sing ngelilit awak'e dewe. Ayo pada sabar telaten melu lombane ‘setia percaya.’ Lomba iku wis ditentok'en kanggo kene. 2 Ayo kene mandeng nang Yesus wae. Yesus wis ngawiti karo mungkasi dalan percayane kene. Yesus orak ngereken nang Awak'e dewe pas mati ning kayu salib sing ngisin-ngsini iku. Yesus bisa nahan sara iku merga bungah sing wis dienten-enteni. Maringono lungguh ning sisih tengene tahtane Pengeran. 3 Yesus sabar pas wong-wong dusa nglakok'en jahat nglawan Yesus. Ilinga nang Yesus cekne sira orak bakale payah karo gampang nyerah.
Pengeran ndidik anak-anak'e
4 Sira durung nglawan dusa sampek catu-catune sira metu getihe. 5 Apa sira wis lali nang gunemane Pengeran sing bisa nambani atine sira? Gunemane Pengeran iku pada karo gunemane bapak nang anak-anak'e. Pengeran guneman,
“Anak'e Reang, anggepen didikane Pengeran iku penting temenan.
Ajo gampang nyerah pas sira di'ilingen.
6 Gusti Pengeran ndidik wong sing ditresnani.
Pengeran ngukum kabeh wong sing diterima dadi anak'e.” (Amsal 3:11,12)
7 Dadi terimanen sara iku dadi didikan. Pengeran nggawe sara iku kanggo nglatih sira, sing dadi anak-anak'e. Ning endi anak-anak sing orak diwuruk nang bapakne? 8 Pengeran ndidik kabeh anak-anak'e. Tapikne njare nek sira orak dididik? Sira malah duduk bener-bener anak'e Pengeran sing sejati. 9 Sak'liyane iku, kene kabeh duwe bapak ning ndunya iki sing ndidik kene. Terus kene nurut nang bapak iku. Luwih-luwih maneh kene kudu nurut nang Bapak sing gawe urip cekne kene tetep oleh urip. 10 Bapak emakne kene ndidik kene mek diluk. Terus didikan iku dadi paran sing dianggep apik nurut bapak emakne kene. Tapikne Pengeran ndidik kene cekne mbangun sing apik ning kene. Pengeran nglakok'en iki cekne kene bisa oleh urip sing suci, memper Pengeran. 11 Nanak ukuman sing nyenengen pas diterima. Ukuman iku pancene lara. Tapikne ukuman iku ngasilen urip sing suci karo damang kanggo wong sing wis dididik.
12 Percayane sira sing orak kuwat memper raga sing orak kuwat.
Dadi, “kuwatna tangane sira sing lembek
karo dengkule sira sing gloyoran iku.
13 Ratakna dalan cekne sikile sira bisa mlaku.” (Amsal 4:26)
Terus percayane sira sing lumpuh iku orak bakal pincang maneh, tapikne bisa waras.
Ajo nolak Pengeran pas ngilingen sira
14 Usahak'en urip sing apik karo rukun ambek kabeh wong. Usahak'en urip suci merga nanak sesijia wong bisa nguwasen Gusti Yesus nek orak suci. 15 Ati-atia! Ajo sampek ana sing orak oleh welase Pengeran. Ati-atia! Ajo sampek ana wong sing atine pait. Merga ati pait iku persis tanduran sing bisa ngoyot, tambah gede, terus ngracuni wong akeh. 16 Ati-atia cekne nanak wong sing nglakoni dusa jinah. Ati-atia cekne nanak sing lali nang Pengeran. Esau iku anak mbarep, terus bakale marisi keduwenane bapakne. Tapikne Esau ngedol hak warise kanggo panganan sak'piring wae. 17 Sira lak weruh, sak'wise iku Esau kepingin nerima berkat teka bapakne, tapikne ditolak. Ambek nangis Esau njaluk kepe oleh berkat. Tapikne Esau wis orak bisa ngrubah nang paran sing wis dilakoni.
Pusung Sinai karo Pusung Sion
18 Sira orak marek'i Pusung Sinai, sing bisa dicandak wong Ibrani biyen. Pusung iku ana genine sing mulat-mulat, ana peteng dedet, ana serem karo udan angin bledekan. 19 Ning Pusung Sinai iku Musa nerima janji sing kawitan teka Pengeran, yaiku hukum agama Ibrani. Pas iku ana unine slompret karo suwara teka swarga sing guneman, ya bisa dirungok'en. Pas wong Ibrani krungu suwara iku, wong iku keweden sampek njaluk orak ngrungok'en gunemane Pengeran maneh. 20 Paran sing diprentahen Pengeran abot temenan kanggo wong-wong iku. Pengeran guneman, “Nek ana siji kewan nyandak pusung iku, kudu diantemi watu sampek mati.” 21 Iku pancen medeni. Merga iku Musa guneman, “Reang gemeter keweden.”
22 Tapikne sira teka nang Pusung Sion. Sira wis teka nang kotane Pengeran sing urip, yaiku Yerusalem ning swarga. Sira wis teka nang kumpulane malaekat sing bungah, sing orak keitung akehe. 23 Sira wis teka nang kumpulan wong percaya sing dadi duwek'e Anak tembarep, yaiku Yesus. Jenenge kabeh wong iku wis tetulis ning swarga. Sira wis teka nang Pengeran, sing dadi hakime kabeh wong. Sira wis teka nang jiwa-jiwane wong sing uripe bener, sing digawe sempurna. 24 Sira wis teka nang Yesus. Yesus iku sing nggawa janji sing anyar teka Pengeran nang menungsa. Sira wis teka nang getihe Yesus sing dicipraten. Getih iku njanjek'en paran wae sing luwih apik, ketimbang getihe Habel.
Kerajaan sing kuwat
25 Pastekna nek sira orak nolak Pengeran sing nyampek'en wekasan iki. Biyen, wong-wong sing nolak wekasane Pengeran sing disampek'en nabi-nabi ning ndunya orak luput teka ukuman. Apa maneh kene sing di'ilingen Pengeran teka swarga? Orak kira kene luput! 26 Biyen, pas Pengeran guneman nang Musa ning Pusung Sinai, suwarane nggoncangen bumi. Tapikne sak'iki Pengeran wis njanji, “Sepisan engkas Reang kate nggoncangen bumi. Ya Reang uga kate nggoncangen langit pisan.” 27 Sing diguneman iku, “sepisan engkas” ndudohen nek paran sing bisa digoncang bisa dijupuk, yaiku paran wae sing didadek'en. Terus paran sing orak bisa dirubuhen dijaren pancet.
28 Kene terima Kerajaan sing orak bisa dirubuhen. Dadi ayo kene nedanerima. Terus kene bisa nyembah Pengeran ambek setia karo wedi cekne nyenengen Pengeran. 29 Merga “Pengerane kene memper geni sing bisa musnahen paran wae.”