Riwayate wong-wong sing percaya
11
Percaya nang Pengeran iku dasare kabeh sing kene enteni, yaiku yakin nek janjine Pengeran mesti kelakon masia durung dideleng. 2 Wong-wong jaman biyen diajeni Pengeran merga percayane ngentah iku.
3 Merga percaya, kene ngerti nek'e sembarang kalir didadek'en ngliwati Sabdane Pengeran. Mangkane kene percaya nek'e paran sing bisa kene deleng orak digawe teka paran sing bisa diwasen.
4 Merga percayane, Habel nggewehi korban sing luwih apik ketimbang Kain. Merga percayane, Habel dipuji dadi wong sing uripe suci merga Pengeran nerima korbane Habel. Merga percayane, Habel gek guneman, masia wis mati.
5 Merga percayane, Henokh dijupuk teka ndunya iki. Henokh orak mati. “Henokh orak bisa ditemok'en, merga diunggahen nang Pengeran.” Sak'durunge dijupuk Pengeran, Henokh diajeni dadi wong sing nyenengen Pengeran.
6 Nek'e orak percaya, kene orak kira nyenengen Pengeran. Sapa wae sing teka nang Pengeran kudu percaya nek'e Pengeran iku nyatane pancen ana. Terus kudu percaya pisan nek'e Pengeran nggenehi ganjaran apik nang sapa wae sing nggolek'i Pengeran.
7 Merga percayane, Nuh nggawe prau gede sing nyelameten keluargane. Nuh mbangun prau iku merga ngajeni ambek manut nang Pengeran. Pengeran wis ngandani Nuh nang paran sing durung kedaden. Merga percayane, Nuh ndudohen nek ndunya iki jahat sampek diukum. Merga percayane, Nuh dianggep bener ning ngarepe Pengeran.
8 Merga percayane, Abraham matuhi Pengeran. Pengeran ngongkon budal nang panggonan sing engkone bakale diterima dadi duwek'e. Dadi Abraham budal, terus nurut nang Pengeran, masia durung weruh kate budal nang endi.
9 Merga percayane, Abraham manggon ning enggon sing wis dijanjek'en Pengeran nang Abraham. Abraham ngentah wong manca ning negri sing dijanjek'en iku. Abraham manggon ning kemah. Ya ngono Isak, anak'e, karo Yakub, putune, manggon kono pisan. Isak karo Yakub nerima janji sing pada persis sing digewehen nang Abraham. 10 Abraham ngenteni kota sing nduweni pondasi, yaiku Yerusalem anyar ning swarga. Pengeran dewe sing ngrencanak'en karo mbangun kota iku.
11 Merga percayane, Sarah dikuwaten kanggo dadi emak sing nglairen bayi, masia wis tuwek, ya mandul pisan. Sarah iku percaya nek'e Pengeran sing gawe janji iku setia. 12 Abraham iku pisan ya wis tuwek umure, wis meh mati. Tapi nyatane Abraham duwe anak putu sing akeh. Anak-anak'e ngentah lintang ning langit, ya sak'akehe wedi ning pinggire segara, sing orak keitung akehe.
13 Kabeh wong iku gek percaya sampek teka patine. Terus wong-wong iku durung nerima paran sing dijanjek'en Pengeran. Wong iku mek ndeleng janji-janji iku, terus disapa teka kadohan. Wong-wong iki ngakoni nek'e awak'e dewe wong manca ning ndunya iki. 14 Wong sing guneman ngentah iku ndudohen nek'e wong-wong iki nggolek negri sing bakal dadi duwek'e dewe. 15 Tapi nek wong-wong iku mikiren negri sing ditinggalen, njare rumangsane? Paling wong iku kangen mbalik nang negri asale maneh. 16 Sewalik'e, wong-wong iku kangen negri sing luwih apik. Wong-wong iku kepingin negri sing swargawi. Dadi Pengeran seneng diaku dadi Pengerane wong-wong iku. Malah Pengeran wis nyawisen kota swargawi gawe wong-wong iku.
17 Merga percayane, Abraham, pas diuji Pengeran, siap ngorbanen Isak, anak'e. Abraham percaya temenan nang janji-janjine Pengeran sampek bisa ngorbanen anak'e sing ontang-anting. 18 Masia Pengeran wis guneman nang Abraham, “Keturunane sira bakale diterusen ngliwati anak putune Isak,” Abraham tetep iklas ngorbanen Isak, anak'e. 19 Abraham nglakoni iku, merga percaya nek'e Pengeran bisa nguripen wong teka pepati. (Sing digambaren iku, Abraham nerima Isak maneh teka patine).
20 Merga percayane, Isak mberkahi uripe anak'e loro, yaiku Yakub karo Esau. Liwat berkah iku, Isak njelasen paran sing bakale kedadean.
21 Merga percayane, Yakub mberkahi anak-anak lanange Yusuf. Yakub mberkahi anak-anak iku pas kate mati. Merga percayane, Yakub nyembah nang Pengeran mbarek semende ning duwure tekene.
22 Merga percayane, Yusuf guneman nang wong-wong Ibrani carane mbesok wong-wong iku bakale ninggalen Mesir. Pas wayah matine wis parek, Yusuf ngongkon nek belunge kudu dikuburen ning negri sing dijanjek'en Pengeran nang Abraham.
23 Merga percayane, wong tuwek'e Musa orak wedi nglawan prentahe Raja Mesirkanggo mateni kabeh bayi lanang. Wong tuwek iku nyingeten Musa suwene telung wulan sak'marine dilairen merga ndeleng Musa iku lare sing apik blegere.
24 Merga percayane, Musa nolak diarani anak'e putri Raja Mesir. Iku mau kedaden pas wayah Musa wis gede. 25 Musa milih urip sara bareng umat pilihane Pengeran timbang nglakoni dusa cekne ngrasak'en seneng sing mek diluk wae. 26 Musa nganggep nek'e diremehen merga Kristus iku luwih apik timbang sak'kabehe dunya branane Mesir. Musa ngenteni ganjaran teka Pengeran.
27 Merga percayane, Musa orak wedi nang prentahe Raja Mesir, terus ninggalen Mesir. Musa tetep sabar merga bisa ndeleng Pengeran sing orak katok.
28 Merga percayane, Musa nglakok'en Paskah sing kawitan. Musa mrentahen wong-wong Ibrani cekne neleten getihe domba ning bengkurahe lawang umahe dewe-dewe. Musa nglakoni iku mau kepe malaekat pepati orak mateni anak lanang mbarepe wong Ibrani.
29 Merga percayane, wong Ibrani mlaku liwat Segara Abang kekaya'a mlaku ning lemah garing. Prajurit-prajurit Mesir ya njajal nglakoni ngono pisan. Tapi prajurit-prajurit iku pada mati klelep kabeh.
30 Merga percayane, prajurit Ibrani nguwasen tembok-tembok Yeriko ambruk. Iku mau kedaden pas wong-wong iku baris ngubengi kota iku pitung dina lawase.
31 Merga percayane, Rahab, senok iku, nerima lelorone wong Ibrani iku sing meneng-meneng neliti kota Yeriko. Merga iku Rahab orak melu mati bareng wong Yeriko liyane sing orak nurut.
32 Paran maneh sing bisa reang gunemen? Reang nanak wektune gawe nyeritak'en kabeh cerita sing liyane. Reang nanak wektune gawe nyeritak'en Gideon, Barak, Simson, karo Yefta. Reang orak duwe wektu gawe nyeritak'en Daud, Samuel, karo nabi-nabi liyane.
33 Merga percaya, wong-wong iku:
Ngalahen karo nguwasai kerajaan-kerajaan,
Mrentah sing adil,
Nerima berkah sing dijanjek'en Pengeran,
Mbungkem cangkeme macan-macan,
34 Mateni geni sing gede,
Ucul teka wedung sing mateni,
Pas nanak dayane didadek'en kuwat,
Menang pas perang,
Nundung prajurit-prajurit teka negara liya,
35 Emak-emak nerima maneh anak-anak'e sing wis mati,
Wong mati diuripen maneh.
Ana wong liya sing disiksa temenan, tapikne orak gelem dibebasen. Wong-wong iku nglakoni ngono merga nek mati, bakale oleh urip langgeng sing luwih apik pas ditangek'en teka pepati. 36 Ana sing dinyek, malah ana sing diseblaki pecut. Pepirang uwong dirante mbarek dilebok'en bui. 37 Ana sing diantemi watu sampek mati. Ana sing digraji dadi loro. Ana sing dipateni katek wedung. Ana wong-wong sing nglampra memayeng klambinan kulite domba karo kulite wedus. Wong-wong iku mlarat, ditindes, digawe sing orak genah. 38 Ndunya orak pantes gawe wong-wong iku. Wong-wong iku nglampra sliweran ning ara-ara amba karo pusung-pusung. Wong-wong iku manggon ning gua-gua, ya urip ning njero jublangan-jublangan ning lemah.
39 Kabeh uwong iki diajeni Pengeran merga percaya. Tapikne, nanak ning antarane wong-wong iku sing nerima paran sing dijanjek'en Pengeran ning ndunya iki. 40 Janjine Pengeran durung diterima temenan merga Pengeran wis ngrencanak'en sing luwih apik gawe kene, cekne wong-wong biyen iku bisa disempurnak'en bebarengan kene.