Kristus dikorbanen sepisan sampek sak'lelawase.
10
Hukum agama Ibrani iku mek wewayangane teka paran sing apik, sing bakale teka, duduk sing sak'benere. Nurut tata cara sembahyang janji lawas, korban-korban sing pada kudu digewehen bolak-balik, saben taun. Korban-korban iku orak bisa nyempurnak'en wong sing kate nyerahen korban iku nang Pengeran. 2 Nek'e korban-korban sing digenehi nurut hukum agama Ibrani bisa nyempurnak'en uwong, korban-korban sing liyane nanak gunane maneh. Nek'e hukum agama ana asile, sapa wae sing nyembah bisa dadi “suci” sepisan gawe sak'lelawase. Dadi wong-wong iku orak bakal ngrumangsa salah merga dusa-dusane. 3 Tapikne, korban-korban sing teterusan dikorbanen ning Umahe Pengeran iku ngilingen wong nang dusane dewe saben taun. 4 Nyatane dusa-dusane wong orak bisa disepura ngliwati getihe sapi lanang utawa wedus lanang.5 Dadi, pas Kristus teka nang ndunya iki, Kristus guneman,
“Ya Pengeran, Rika orak njaluk korban ambek sesajen.
Sewalik'e, Rika nyawisen raga gawe Reang.
6 Rika orak seneng nang korban kewan kanggo nutupi dusa,
utawa korban kewan sing diobong kanggo njaluk sepura.
7 Terus Reang guneman, ‘Delengen, ya Pengeran, iki Reang.
(Wis tetulis ngenek'i Reang ning gulungan Kitab Suci.)
Reang wis teka gawe nglakok'en paran sing Rika karepen, ya Pengeran.’ ” (Masmur 40:6-8)
8 Maune Kristus guneman, “Rika orak seneng nang korban kewan kanggo nebus dusa, utawa korban kewan sing diobong kanggo njaluk sepura.” Kristus guneman ngono, masia korban-korban iku disajek'en nurut hukum agama. 9 Terus Kristus guneman, “Iki Reang. Reang wis teka gawe nglakok'en paran sing Rika karepen.” Kristus nyingkiren aturan teka janji sing kawitan kanggo nentok'en aturane janji sing ping pindone. 10 Kene wis disucek'en nurut kekarepane Pengeran. Kene kabeh wis disucek'en merga Yesus Kristus ngorbanen Awak'e sepisan gawe sak'lelawase.
11 Dina temekane dina, pengarepe sembahyang nglakoni penggaweane teterusan nggenehi korban-korban sing pada. Tapi korban-korban iku orak bisa nyepura dusa. 12 Tapikne Yesus, Pengarepe Sembahyange kene, nggewehi korban sepisan wae kanggo nebus dusane kene sampek sak'lelawase. Sak'marine iku Yesus lungguh ning sisih tengene Pengeran. 13 Sak'iki, Yesus ngenteni musuh-musuhe dideleh ning isore sikile.† 14 Ngliwati korban sing siji, yaiku Awak'e Yesus dewe, Yesus wis nyempurnak'en wong-wong sing disucek'en sak'lelawase.
15 Roh Suci ya nyaksek'en iku gawe kene pas guneman ngene ning Kitab Suci,
16 “Ikilo janji sing kate Tak gawe kanggo umate Reang.
Sak'marine iku,” guneme Gusti Pengeran,
“Reang kate ndeleh hukume Reang sak'njerone atine wong-wong iku.
Reang kate nulis hukume Reang sak'njerone pikire wong-wong iku.”
17 Apa maneh,
“Reang bakale nyepura kelakuane sing jahat.
Reang bakale nglalek'en dusa-dusane.” (Yeremia 31:31-34)
18 Nek'e dusa-dusa iki wis disepura Pengeran, korban ambek sesajen orak dibutuhen maneh.
Marek'a nang Pengeran
19 Dulur kabeh, kene orak wedi mlebu Papan Maha Suci. Kene mlebu mbarek wani merga getihe Yesus. 20 Kene mlebu ngliwati dalan anyar sing urip, yaiku ragane Yesus sing digambaren slambu gedea iku.

Slambu gede disowek (10:20)
Ukuman kanggo wong sing ninggalen Kristus
26 Njare nek kene wis weruh paran sing bener, tapi teterusan gek gawe dusa? Nek ngono nanak korban gantine dusa-dusane kene maneh. 27 Sing bisa dienteni, mek rumangsa wedi sampek diadili, terus dileboni geni sing mulat-mulat. Geni iku bakale ngobong entek musuh-musuhe Pengeran. 28 Nurut agama Ibrani, nek ana wong sing orak manut nang hukume Musa, wong iku orak bisa disepura tapi kudu diukum pati. Pokok'e ana wong loro utawa wong telu sing dadi saksi. 29 Apa maneh wong sing sengit nang Anak'e Pengeran! Mestine wong iku bakal oleh ukuman sing luwih abot! Wong iku orak ngajeni getihe Yesus sing ndadek'en Janji Anyar sah, sing bisa nyucek'en awak'e wong iku. Wong iku kudu diukum luwih abot merga ngenyek Roh sing genehi welas teka Pengeran. 30 Kene kenal Pengeran sing guneman,
“Reang sing nduwe kuwasa ngukum wong salah.
Reang kate mbales paran sing dilakoni.” (Ulangan 32:35)
Kitab Suci guneman pisan, “Gusti Pengeran bakale ngadili umate.”†
31 Wedi temenan wong salah sing ngadepi Pengeran sing urip!
32 Ilinga dina-dina biyen sak'marine sira kabeh gek nerima wulangan sing bener. Pas iku sira sabar masia alami siksa ambek sara sing gede. 33 Ana ning antarane sira sing dinyek ning ngarepe wong, ya disiksa. Ana sing disiksa pisan merga mek ngancani wong-wong sing disiksa. 34 Sira wis melu sarane wong percaya sing dilebok'en ning bui. Pas dunya branane sira dirampas uwong, sira ngejaren tapi tetep bungah. Sira bisa bungah merga weruh Pengeran wis nggewehi sira enggon langgeng ning swarga sing luwih apik. 35 Dadi ajo buang keyakinane sira sing mantep. Sira bakale oleh ganjaran sing gede.
36 Sira kudu setia cekne sira bisa nglakoni kekarepane Pengeran. Nek ngono, sira bakal nerima paran sing dijanjek'en.
37 “Orak kosi suwe, Gusti Yesus bakale teka.
Gusti Yesus orak bakale mundur wayah tekane.”
38 Terus,
“Wong sing dibeneren Pengeran bakale urip merga percaya.
Tapi Pengeran orak seneng nang wong sing mundur teka percayane.” (Habakuk 2:3,4)
39 Tapi kene duduk wong sing mundur teka Yesus terus dimusnahen. Kene iki wong sing percaya terus dislameten.